Awaku taksih meneng ndelok tumpukan layang werna biru sing wus
sempet dakwaca ana ing dhuwur meja. Ana gumeter beda ing sekujur awak iki.
Salah sawijining perkara sing pancen agawe dina-dinaku saiki dadiya gelisah.
Wus limang taun aku kenal karo Zaki, nanging nembe amerga layang-layang iku mau
sing marekake aku ngerti babagan rasane Zaki iku menyang aku. Genep telung
wulan iki layange Zaki ora lat nangkring saben senen esuk ana ing jendela
kamar. Ora ngerti apa sing kudu daklakokake, aku namung meneng lan meneng bae
ndelok kahanan.
Aku, Zaki, Bima, Indah, lan Asih, kawit awal mlebu SMP wus dadi
kanaca cedhak. Apa maneh Zaki lan Asih, saben dina kekarone sering dolan
menyang umahku. Mula ora gumun yen awaku lan Zaki wus dudu cedhak maneh jenenge
olehe kekancan. Nanging ora bakal kepikir yen ujunge dadiya kaya mengkene. Zaki
duweni rasa kang beda menyang aku. Tetembungane ana ing layang ngetokake yen dhewee
pancen serius.
“ Aku durung yakin marang apa kang diarani tresna, Mbak, apa maneh
tresnane Zaki iku. Aku uga duweni komitmen kawit dhisik, yen aku ora bakal dadi
karo kancaku dhewe”.
“ Yen wus duweni komitmen, ya dilakokake bae, Fit... Nanging yen
awakmu pancene ngrasa nyaman, ya wis ditrima.. toh kowe iki wus kenal suwe karo
dheweke.” Ucape Yu Siti sinambi nguleg bumbu rujak kanggo Anto, anakke.
Dakjupukake jambu, timun, lan bengkuwang sing arep dirujak marang
cedhake Yu Siti, “ abot mbak kanggo nrima Zaki. Zaki kancaku, lan aku ora
seneng pepacangan karo kancaku dhewe. Aku kudu buwang apa kang dirasakake Zaki
menyang awaku iku”.
“ Mung merga iku?” Gumune Yu Siti, “Ya wis.. sak senengmu bae lah,
dik. Welingku mung siji.. aja sembarangan menyang apa kang diarani tresna,
amerga tresnane Zaki marang kowe iku durung mesthi bisa gedhe kaya mengkono
tinimbang marang wong wedhok liya. Sing jelas mbakyumu iki namung bisa ndunga
supaya iki ora bakalan nyesel mbesuke”.
Jalaran omongane Yu Siti sing kaya mengkono mau, aku dadiya tambah
bingung mikirake sekabehane. Namung lunga menyang warung makane Kang Dakir,
kakange Asih, kanggo kumpul karo kanca sing akhire bisa ngalihake pikiranku. Pancen
papan iku sing biyasane digunakake aku sakanca kanggo lelungguhan bareng.
“ Ana apa ta Fit, kok sajake awakmu kaya bingung ngono? Ana masalah
apa?” Tembunge Indah kang pancene kawit mau katon ngilengi paraupanku ngisor
dhuwur.
“ Ah, ora.. kowe bae sing ngrasa aneh marang awaku. Ora ana
apa-apa, Ndah.”
Asih sing maune lagi sibuk ngitungi receh jujulan warunge kakange
iku banjur nyambungi, “ halah kowe iki, Fit.. mesthi ana kang ditutupi. Nanging
Ndah, ya pancene kancane dhewe ki sajake lagi padha kesambet setan alas kabeh kayake.
Mbuh Fitri, mbuh Zaki, gaweyane ngalamun bae.”
Makdeg aku krungu tembung Zaki kesebut. Nanging, aku ngrasa ora
pengin gawe kancaku geger amerga apa sing kedadeyan menyang awaku saiki. Bubar
krungu tetembungane Asih malah agawe aku mikir pangrasa anyar. Gelagate Asih
nalika ngomongake Zaki ngetokake ana kang beda.Banjur tak sambung seperlune
tembungane Asih.
“ Hla, Apa Zaki lagi ngelamunan kaya ngono iku, Sih?
“ Hiya.. kaya ana beban gedhe. Aku kok ngira-ira yen dheweke lagi
kesengsem karo wong wedhok ya? Gelagate rak ngetoni kaya mengkana, Fit, Ndah?”
Tanpa diaba-aba gulune Indah lan aku padha-padha menga dedelengan. Amerga
Indah ngrasa aneh marang gelagate Asih, karo gaya plonga-plongo nyauri Asih
seanane, “ embuh.. aku dhewe ora paham.”
“ Aku uga.. wah, aja-aja kowe sing kesengsem ya menyang dheweke, Sih?
Kok rasa-rasane nggatekake tenan marang Zaki?”
“ O..o..ora.. kok dadi aku sing kena ta?”
Aku lan Indah namung bisa cekikikan ndeleng pasemone Asih dumadakan
rubah dadi abang. Pancen trep karo pemikirku, Asih pancen mendem rasa marang
Zaki.
“ Ora, Sih.. miturut panemuku ya ngana iku. Zaki pancene lagi duweni
rasa kesengsem menyang wong wedhok, lah wong wedhoke iku kowe.”
“ Uwis ta, Sih.. aku lan Fitri ngerteni yen kowe duweni rasa
menyang Zaki. Zaki iku pancen trep yen pepacangan karo awakmu. Rupane bagus,
awake gagah, pinter, lan pengerten maneh marang wong wedhok. Wah... cocog karo
awakmu sing ayu, alus, lan keibuan kaya mengkana.” Godane Indah sing agawe Asih
sansaya gelagepan.
Asih gelagepan ora
bisa nutupi pangrasane maneh. “ Nanging, apa Zaki tenan duweni rasa marang
aku?”
“ Wes.. aja
kuwatir. Ben aku sing nglurusake pangrasamu lan dheweke iku. Kita melu seneng
yen kancane kita uga seneng”
Setu sore langsung
daktulis layang kanggo ngutarake niyatku nulak Zaki. Aku terus terang yen
njaluk dheweke kanggo nyauri rasa tresnane Asih tinimbang marang aku sing urung
genah iki. Ora lali ning akhir paragrap daktulis pengerten kaya mengkene,
........maturnuwun
wus duweni rasa marang awaku. Ning daksuwun sampeyan ngerteni apa kang dirasakake
Asih kawit biyen marang awakmu. Tresnane Asih luwih butuh tresnamu.
Maturnuwun..
Sawuse layang iku kekirim jebul perkara padatan ing senen esuk
taksih kelakon. Ana layang biru sing nangkring ning jendela kamarku. Ora ngerti
apa sing dakpikirake, layang biru sing kekirim esuk iki agawe mripatku ora bisa
ngempet luh. Ana tembung sing agawe atiku ngruntuh. “ Maturnuwun
uga wus tau dadi kang kinasih ana ing uripku, Fitri..”
Sajege saka kedadeyan iku Zaki wus ora tau ana kabare maneh. Ana
rasa sing beda ing sajrone ati lan uripku. Layang biru saben senen esuk ora tau
nangkring maneh ning jendela kamarku. Sanadyan pancen ora ana pepenginan ing
pikiranku, nanging ora bisa dakpungkiri yen aku satemene kelangan sosok priyayi
iku. Ana ing warunge kang Dakir uga sepi. Zaki utawa Asih ora tau katon maneh.
Jare kakange, Asih saiki sering lelungan sabarang papan karo calone. Indah bae
ora ngerti kahanan sapa satemene calon sing disebut Kang Dakir mau. Nanging aku
yakin yen priyayi iku ora liya ya satemene Zaki.
Nganthi sawijining dina dakweruhi langsung prasasat sing wus dadi
prakiranku. Asih boncengan motor nglintasi omahku karo njekel kenceng
bangkekane sing lanang. Kekarone mesam mesem ketemu aku, Indah, lan Bimo sing
lagi jejagongan ning ngarepan umahku. Getihku krasa kayata ndleser mandeg
makdeg nalika motor iku mandeg ngarepku persis.
“ Wadhuh.. ana pasangan anyar ora kabar-kabar kancane dhewe
jebulane, Ndah?” Sindir Bimo ngomong marang Indah sinambi nglirik kekarone. Aku
namung bisa meneng.
“ Iya ta? Wadhuh jan.. ora kelingan kanca berarti yen ngono iku!”
“ Wes..wes.. lah iki aku arep ngomong bab hubunganku karo Asih
marang kowe kabeh, kanca-kanca raketku kawit biyen.”
Asih kang kawit mau ora nyurupake eseman saka lambe tipise melu nyauri,
“ iya.. sesasi maneh bakal ana resepsi tunanganku karo mas Zaki ngepasi tanggal
ulang tahunku. Padha teka ya? jam 7 wengi.”
“ Wah... Aku karo Fitri wus ngira kawit awal. Slamet ya! dhewe
kabeh melu seneng. Iya kan, Fit?” Jawabe Indah sinambi nggepok pundhake Zaki
lan noleh marang aku.
“ Ehm.. iya, selamet ya.. muga-muga langgeng.” Tuturku rada salah tingkah.
Zaki mesem tipis, marakake dadaku sesek.
“ Maturnuwun, Fit.” Jawabe Zaki, “ ya wis ya.. aku arep nggolek
sandangan kanggo resepsi tunanganku. Aku dhisik ya..”
Bebarengan karo mlakune kekarone sing saya suwe saya adoh,
pikiranku uga meloni. Saya suwe saya mbrambang. Ana gumeter nlangsa. Geter sing
ora tau dakkarep-karepake. Kelingan maneh aku marang welinge Yu Siti yen aku
ora ulih nyesel marang apa kang wus dadi pilihanku. Saiki aku pancene ora bisa
mungkiri maneh yen aku duweni rasa uga menyang Zaki. Nanging wus ora ana
pilihan maneh. Kabeh wus kedadeyan. Zaki wus arep serius marang Asih lan
perkara iku pancen wus dadi panjalukku menyang Zaki. Layang biru iku wus nyihir
kauripanku. Prasasat kang nyata, kakubur karo karepan pangus sing njaluk
kelakon tanpa mikir dawa.
0 komentar:
Posting Komentar