KEWIYAK
(niniklenyem)
Senajan mangsa rendheng, ning sasi Mei udane
kok wis arang-arang tiba. Malah wis ana yen mung sepasar, udan blas ora ana.
Sore iku, bakda tutup bengkele motor lan
mobil, Sukro njur tumuju gudhang njupuk selang sing dawane ora kurang saka rong
puluh meter.
Slang di pasang ing kran pajokan teras,
pucuke di ewer-ewer digawa neng pojok latar taman ngarep, arep kanggo nyirami
pethetan.
Gaweyan iku tansah di tindakake saben sore
yen ora ana udan. Kejaba kanggo nyirami latar supaya ora bledug, pethetan uga
banjur katon ijo royo-royo tur seger. Ijone gegodhongan lan wernane kembang
sing werna-werna bisa gawe resep ing pandulu.
Ora suwe Rama KRT Widyo Kusuma katon miyos
ing pendhapa sing jembar lan ngengreng iku. Bareng pirsa Sukro siram-siram njur
ndangu :
?Suk, mobile rak sehat ta ?? Gage Sukro
wangsulan :
?Inggih Rama, mobil titihan pribadi
kalih-kalihipun sehat, malah kala wau bibar kula serfis.?
?O ya sukur, merga sore mengko aku karo
kamasmu Susmono rak arep lungan?
?Nimbali sopir mboten Rama ?? Sukro nanjih.
?Ora usah Suk, mengko kareben disetiri
Susmono wae.?
?Menapa anggenipun tindakan kaliyan mas
Susmono, Rama ??
?Iya mula kowe neng ngomah sing ngati-ati.
Ibumu yen ngersakake apa ladenana, mbok Yah ben ngaso, wis tuwa mesakake.?
?Sendika Rama, ngestokaken dhawuh?. Bubar
ngendika ngono Rama Widya banjur mlebet dalem ageng, Sukro gage nggulung slang.
Sawise di kumbah banjur bali disimpen gudhang.
Sukro mono bocah sing nemu kabegjan, biyen
dhek cilike anggone nemu raden mas Susmono mung ana rumah singgah anak jalanan,
sing dikelola bapak Nyana Kasmodiharjo alias jenggot klabang.
Susmono sing isih SMP kuwi welas weruh bocah
glandangan sing pinter nggitar lan nyanyi, mangka yen diwarahi apa-apa ya njur
ngerti lan bisa .
Pak Nyana dhewe ya seneng karo Sukro. Ning ya
ora pirsa, Sukro kuwi anake sapa, lan sing endi wong tuwane. Pokoke bocah kuwi
kerep mapan ana rumah singgah, sing pancen disedhiyakake kanggo bocah-bocah
jalanan.
Pak Nyana ya kawigaten banget marang
bocah-bocah sing padha ora pati entuk kasih sayang mau. Pirsa apa bakate bocah
jalanan kuwi, banjur disalurake neng bakate.
Mula ora mokal senajan nalika cilike
katut-katut kancane dadi bocah glandhangan, ning bareng ditangani pak Nyana,
diwasane ana sing dadi bengkel, pedagang sing ulet, penyanyi kondhang, lan dadi
wong-wong sing mapan uripe.
Susmono sing mung putra ontang-anting kuwi
njur matur keng Ramane, yen arep ngajak Sukro sing neng rumah singgah anak
jalanan kuwi arep digawa mulih. Keng Rama lan ibune ya pareng, ning kanthi
janji, Sukro kudu di dhidhidik dadi bocah sing pinter, nduwe ati luhur, sregep
ing gawe. Denmas Susmono putrane ya nyendikani.
Ya wiwit iku, kanthi palilane pak Nyana lan
saka karepe Sukro dhewe sing gelem, sidane Rama Menggung sekalihan ya karenan
lan kersa nampa.
Saiki Sukro digolekake guru (prifat kanggo
setingkat SD). Di ajari thek-kliwering pegawean ing ndalem Ketumenggungan.
Omong padinan kudu ajar basa alus, semono uga bab unggah-ungguh tatakRama.
Dhasar bocah bagus, lantip lan gathekan, Sukro sing biyen bocah glandhangan
kumel kuwi, saiki wis malih, sasat ora ana tilase. Apa sing diwarahake enggal
bisa, basane alus, tata kRamane genep.
Saking karenan penggalihe, Rama Menggung
sekalihan kawiyos pangandikane marang Susmono putrane ngene :
?Sus !, piye yen Sukro kuwi tak sedulurake
kowe ? Bocahe ya bagus, sumubarange yan ora nguciwani, pantes yen dadi adhimu.?
Raden Mas Susmono manthuk-manthuk karo matur :
?Kasinggihan sanget Rama, kula remen sanget
yen Rama kersa ngangkat putra dhateng dhimas Sukro. Dados Rama babar pisan
anggenipun damel sae dhateng asanes, dhateng lare ingkang mboten mangertos
asal-usulipun.?
Rama Menggung mesem, njur ngendika marang
Sukro :
?Suk !, kowe krungu dhewe apa sing ndak
rembug ngenani awakmu. Mula wiwit saiki kowe tak parengkake ngaturi Rama lan
Ibu marang aku lan Ibu, lan nyebut
kamas marang putraku Susmono. Ngerti Suk ??. Krungu pendangu ngono mau Sukro
tumungkul, mrebes mili, bungah banget, ning ya kelara-lara. Ature :
?Sembah sewu nuwun ndara ….. e Rama, semanten
gunging kasaenanipun Rama Ibu lan den mas ….. e kamas Susmono dhateng kula.
Mboten langkung kula namung sendika dhawuh.?
Lan ya wiwit iku Sukro dadi kulawarga dalem
Widyo Kusuman. Sawise lulus SMP Sukro nyuwun nerusake neng STM bag. Mesin,
merga jarene kepingin bukak bengkel.
Kejaba sekolah, Sukro uga dikursusake montir.
Wis ta nyuwun kursus apa wae sing positip, Sukro tansah dituruti dening Rama
Menggung.
Dene Susmono sawise lulus SMA banjur kepingin
nerusake kuliah, ning neng ngendi lan jurusan apa sing dipilih, lagi
dipikir-pikir dening Susmono.
Durung wae nemu pilihan sing gumathok, ndadak
Om Wicaksono rayine Ibune sing tugas neng kedutaan Indonesia ing Nederlan
paring kabar yen Susmono sawise lulus SMA di dhawuhi nusul neng Holan arep di
sekolahake. Merga putrane Om Wicak, wis rampung sinaune.
Susmono atine bungah banget, lan bab mau uga
banjur diaturake Rama Ibune, sing mesthi wae njurungake banget yen Susmono
saguh nglakoni.
Dhasar karep tur entuk pangestu lan
panyengkuyunge Rama Ibune, Susmono mantep nusul Ome neng Holan kuliah neng
kana. Sadurunge budhal, banget wanti-wantine marang Sukro adhi angkate,
kandhane :
?Dhimas Sukro, aku pasrah Rama Ibu neng
sliramu. Mangsa borong anggonemu njaga kasugengane, turuten apa kersane,
estokna dhawuhe. Kabeh kahanan ndalem katumenggungan tak pasrahake marang
sliramu ! Rampung sekolahku, aku ndang bali nge jawa maneh nunggu Rama Ibu lan
bali ngumpul karo sliramu maneh. Poma dipomasaungkurku, sliramu aja nganti
tumindak sing bisa gawe kucem asmane baraya Widya Kusuman. Piye dhimas, sliramu
rak saguh ta ?? Karo tumangkul Sukro mangsuli :
?Sendika kamas, dhawuh penjengan kabeh bakal
ndak estokake.?
Plong rasa atine Raden Mas Susmono, krungu
wangsulane adhi angkate mau. Minggu candhake, Susmono sida budhal sumusul Ome
neng Holan.
Lulus STM lan rampung anggone kursus montir,
Sukro sida di gawekake bengkel mobil lan motor kanthi dibantu tenaga lima.
Sukro pancen temen lan tliti panyambut
gawene, lan asile ya maremake. Durung genep telung sasi wis kemrubut wong sing
padha nglebokake mobil utawa motor njaluk di serfis ing bengkele.
Kabeh mau ndadekake karenan penggalihe Rama
Menggung Widyo Kusumo sekalihan.
Genep setahun usahane bengkel wis ketok
banget undhake, alat-alate wis mundhak komplit, semono uga onderdhil-onderdil
sing larang-larang regane uga wis ngadhep.
Ana unen-unen, yen tunggal jarak mono gampang
mrajak, ning yen tunggal jati arang-arang sing semi. Semono uga wijining
krokot, ditandura ing pot tuwuhe ya mudhun mlorot.
Ya embuh Sukro kuwi turase wong apa ora
cetha, ora ana wong sing ngerti. Mula senajan di gula wenthah ing kalangane
ngaluhur, ing sawijining wektu kok ya tuwuh watake sing kurang prayoga.
Kapercayan sing diparingkake, malah sisan di
sabot sak sing nduwe, kanggo ngangkat dhirine.
Yen kenalan karo kenya-kenya ayu sing dheweke
sir, yen ngenalke mesthi nganggo jeneng Susmono. Sapa ora ngerti karo Raden Mas
Sasmono, putrane priyayi luhur sing kajen keringan kuwi. Kabeh wong ngerti lan
ngajeni. Wektu kuwi Sukro lagi gandrung karo sawijining asisten apoteker sing ayu,
sing jenenge Lilik.
Sajake kekarone wis keplok karepe, nyatane
angger malem Minggu Lilik mesti di ampiri Sukro sing ngaku Susmono mau lunga
ning papan-papan plesiran.
Gandheng yen Minggu bengkele tutup, Sukro
bisa bebas lunga kanthi pamit, pawadan golek dagangan neng luar kota, sing regane luwih miring.
Mangka sejatine, mung nginep neng hotel-hotel
larang nguja kesenengan. Lilik wis mantep banget kanthi janji-janjine Sukro
sing menyakinkan, yen mengkone bakal diajak urip bebarengan. Nganti Lilik nate
kawetu tembunge ngene :
?Mas, nek awake dhewe mung dolan-dolan,
jajan, njur nginep neng hotel sing larang-larang ngene iki, rak malah boros,
mbok ndang matur wae karo keng Rama, aku saguh kok dinikah saiki.? Kandhane
Lilik polos.
?Mbok wis ta dhik, ngene terus ya ora papa,
nikah ya nikah ning rasah kesusu?. Wangsulane Sukro.
?Mas, ning aku sing samar, merga awake dhewe
wis mlangkah adoh, wis nindakake urip kaya dene wong bebojowan, mangka ora mung
pisan pindho?. Wangsulane Sukro gage :
?We lha……… kowe ki rak wong ngerti obat ta,
sing kanggo samu barang, yen kowe nganti isi, ya diobati …….. rak beres?.
Kandhane Sukro entheng.
?Woouw ………….. yen ngono apa panjenengan kuwi
mung arep nganggo dolanan aku mas ?? Kandhane Lilik kanthi mencereng.
?Ora…..ora…..ora dhik, iki mung guyon kok,
yoh tak pikire, aku tak golek waktu sing becik kanggo matur Rama?. Bubar kandha
ngono Sukro ngrangkul Lilik kanthi mesra banget.
Jurus-jurus rayuan gombale dicakake, ora
wurung Lilik ya klipuk ing kekebane Sukro. Anggone ngujo nafsu bola-bali di
ambali nganti tutug…. taneg …….
Wis rong sasi iki Likik telat bulanan, lan
bab iki ya wis dikandhakake Sukro, dheweke ya saguh, ning jare lagi sibuk.
Ya wiwit iku Sukro malah blas ora mara neng
omahe. Wis bola-bali Lilik neng bengkele pingin ketemu lan takon :
?Bos kemana ?? Ning angger-angger mung
tenaga-tenagane sing mangsuli, yen lagi metu utawa keluar kota.
Lilik judheg, arep sowan neng daleme sing
njenggarang kuwi ana rasa wedi. Ning piye, iki barang penting sing ora bisa
diundur-undur wektune.
Kanthi ati di wanek-wanekake, Lilik mlebu
regol lawang seketheng iku, tumuju ing pendhapa banjur mencet bel.
Ora suwe keprungu kumleseting sikil, mbok Yah
abdi juru masak metu karo takon :
?Badhe pinanggih sinten jeng ??
?Badhe pinanggih mas Susmono mbok, kula
punika calonipun.? Krungu ngono mau mbok Yah njomblak njur kami tenggengen,
ature :
?Panjenengan calonnipun ndara den mas Susmono
ndara Jeng ? O…. yen mgaten kula aturaken ndara NgGung sekalihan.? Mbok
Yah gage mlebu dalem ageng, let sedhela Rama Menggung sekalihan miyos njur
nyaketi tamu di lenggahake. Sawise paring salam banjur ndangu :
?Penjenengan punika sinten nak ?? Wangsulane
Lilik :
?Kula punika Lilik, Rama, griya kula kampung
Wukirsari, kula punika calonipun keng putro Susmono?. Rama Menggung sekalihan
kejot njur ngendika :
?Susmono anak kula punika ?, piyambakipun rak
sampun tigang tahun wonten Holan nak, wonten ngrika dipun sekolahaken Omipun.
Menawi estu, kalih wulan malih nembe wangsul?. Lilik kaget, gage matur :
?Saestu kok Rama, kula punika calonipun mas
Susmono? swarane semu groyok arep nangis. Bu Menggung banjur ngendika karo
jumeneng :
?Sekedhap nak !? Bu Menggung mlebet dalem
ageng, bareng metu wis ngasta album gedhe loro.
Album dibukak, gambar lembar sepisanan ana
foto gedhe, dituduhake tamune karo ngendika :
?Lha punika fotonipun anak kula pun Susmono
nak, punapa leres ?? Sawise di iling-iling Lilik matur :
?Sanes ibu, dede punika?. Bu Menggung banjur mbukaki album, ana fotone Sukro sing
ukaran kartu pos. Lagi wae weruh foto mau, Lilik terus matur :
?Lha inggih punika, Bu?.
?O…. punika pun Sukro nak?, ngedikane Bu
Menggung lega.
?Punika inggih anak kula, ning namung anak
angkat. Inggih ketang panyuwunipun Susmono ingkang mboten gadhah sedherek,
lajeng nyuwun dhateng Ramanipun tuwin kula, supados ngangkat lare punika
kadadosaken adhinipun. Kula lan Ramanipun ugi nglegani?. Rama Menggung sambung
:
?Punapa penjenengan kersa nak, mirengaken
critanipun Sukro?, inggih lare punika?. Lilik sing isih njingglengi
fotone Sukro kuwi manthuk, tandha saguh ngrungakake.
Rama Menggung kanthi tapis ngendikakake
kahanane Sukro. Wiwit saka isih anak jalanan nganti diangkat putra, senajan
tanpa sineksen ing negara. Tresna, lan pangrengkuh sarta gematine wis kaya
marang putrane dhewe. Ning ora ngira, nek Sukro tegel ngapusi, malsu pribadhine
kamase angkat, mung kanggo kemancerane dhiri.
Rampung critane Rama Menggung, Lilik crocosan
mripate karo matur :
?Kadospundi inggih Rama, mangka kula sampun
ngandheg kawan wulan punika kalihan mas Sukro ingkang ngaken mas Sukmono?.
?Sampun nak, manhkeh saget dipun rembag.
Sukro nembe kula purih mendhet arta dhateng bang, kangge mbayar tenaga.
Ngakenipun ketelasan arta kangge tumbas alat-alat lan kilakan onderdhil?.
Lagi wae Rama Menggung mendel, ing latar ana
mobil mewah mandheg, Lilik ora pangling yen iku Sukro. Dheweke tumungkul ora
ngawaske. Sukro ora ngerti yen tamune kuwi Lilik, mula ya banjur wae munggah
pendhapa ngaturake dhuwit segebog olehe njupuk saka bang.
Dhuwit tinampa Rama Menggung, di etung cocok,
banjur di seleh meja. Sawise iku banjur ngendika :
?Sukro !, kowe tepung karo tamu iki ?? Sukro
ngawaske Lilik, sanalika tumungkul, cahyane katon pucet, meneng ora mangsuli.
Rama Menggung katon duka, sepisan maneh ndangu :
?He Sukro ! kowe ora mangsuli kuwi apa budheg
? Jenengmu kuwi Sukro apa Susmono ? Ngapa kowe nyandiwara ? Kowe wis tumindak
culika karo tamu iki, rumangsa ora ? Kowe kudu tanggungjawab karo tumindakmu !?
Saknalika Sukro menyat …. ndho-dhok karo
ngruket sampeyane Rama Menggung, karo nangis mingsek-mingsek ature
pedhot-pedhot :
?Rama kula ngakeni lepat ageng…………… kula
ngrumaosi dosa …………. kula nyuwung pangapunten wonten ngersanipun Rama tuwin
Ibu, lan kamas Susmono. Rama ….. Ibu……… sepisan malih kula nyuwun pangapunten.?
Sukro saya kenceng pangrukete lan saya
tumungkul meh ngambung jrambah. Lan saiki nguculi pangrukete, ganti
nyembah-nyembah ing ngersane Rama Menggung sekalihan karo nangis ngaru wara.
Semono uga Lilik uga katut nangis
mingsek-mingsek. Rama Menggung runtuh welase, Sukro di junjung, banjur
didegake. Ora sranta Sukro rinangkul karo ngendika :
?Yoh yoh …….. wis Sukro …….., luputmu wis tak
apura, ning kowe kudu tanggung jawab karo nak Lilik iki?.
?Inggih …. inggih …… Rama, senajan Rama
nundhung kula, dhawuh kesah kula, ning kula tetap badhe tanggel jawab kalihan
dhik Lilik?. Kanthi raos trenyuh Rama Menggung ngedika :
?Ora Sukro, aku ora bakal nundhung kowe,
cukup kowe janji yen ora bakal ngambali tumindakmu sing uwis-uwis?.
?Ngertiya ya, yen wektu iki nak Lilik wis
ngandhut wijimu patang sasi, mula kowe kudu enggal-enggal ngresiki srana nikah
sah?.
?Inggih ……… inggih Rama, kula namung sendika
dhawuh, kula saestu ngrumaosi lepat?. Ature Sukro karo mlupuh-mlupuh
ngrumangsani lupute. Rama Menggung genti mirsani Lilik karo ndangu :
?Kados pundi nak Lilik ?? Lilik mung
manthuk-manthuk nyendikani dhawuh, karo isih crocosan mripate. Rama Menggung
ngendika :
?Sukro ! wong umuk, songar, goroh, gumedhe,
kumalungkung, ngapusi ngono kuwi, kabeh ora becik. Wis ta senajan ditutupana
kae, barang ala kuwi, sawea kae mesthi bakal kawiyak?. Sukro lan Lilik
pandeng-pandengan, batine mbenerake ngendikane Rama Menggung.
T A M A T
0 komentar:
Posting Komentar