Blogger Widgets

Rabu, 24 Desember 2014

Donga Bocah Piatu



Gusti, durung kober dakrukti jisime ibu
Sing mati kaliren ing pinggir dalan
Mati kaku merga ngrungkebi sesantine tembang kamakmuran
“iki jaman mardika. Pembangunan ginelar kanggo kamulyan para kawula”
(nanging apa urup cukup wareg mangan sesorah sedheng para pepriman isih pating slarah)

Gusti, upama aku entuk blaka
Wiwit wingi weteng iki durung klebon sega
Senajan ujaring kandha kita iki wis mardika
Pembangunan dadi program kapisan, kemakmuran
Janji manis saka kabeh pendhali lis peprentahan
“nanging apa cukup manungsa mung urip karo janji
Sedheng kacintrakan tansah mbujung urip iki?”

Gusti, najan wus dakgawa kabeh sanggan panadhang
Menyang endi kudu nglabuhake kesurange nasib
Kamakmuran iki panggah angel diranggeh
Sagagang kembang cempaka uga wus kadhung alum
Saurunge kober daksawurake ing makame ibu
Sing dadi kurban atas nasib sapahit rempelu


Bledheg Segara Kidul, Turiyo Ragilputra

0 komentar:

Posting Komentar