Sagung
para tamu kakung putri ingkang winantu ing kamulyan
Katinggal
mancorong tejane nenggih wernane temanten kakung pun bagus............kairing
rama ibu Bp................sekaliyan, ugi para kluwarga , tumuju dhumateng
sasana wiwaha. Tindakipun sri penganten kakung sakpangombyong kinurmatan
ungeling Ladrang Wilujeng.
“bagus warnane anom dhasare tur
sembada wiratama nenggih menika ta risang penganten kakung pun bagus...........
Aaa
...pa ta agemanira?? Ngagem dhestar pinrada mas byur , sesumping kembang
kanthil kekalung melathi rinonce. Agemanira cemeng sinulam benang emas.
Paningset
cindhe, epek baludru wangkingan warangka ladran ukiran nunggak semi. Ponang
kang wrangka pinaringan sekar melathi, ebah-ebah kinarya lumampah tanpa beda kaya
jejaka kang ngawe-awe marang pacangane. Sinjang sidomukti sami lan kang garwa
kinasih,canela warni cemeng nggameng.
Bagus
bargas tanpa beda kaya nalendra gung ingkang nedya sinewaka.
Nalika
samana denya lumampah sampun dumugi ing wiwaraning pawiwahan,tumunten kaadani
titilaksana upacara pasrah-pinampi penganten kakung, nuwun.
P
0 komentar:
Posting Komentar