Rembulan salingir ngila ing
banyu sendang
Bok menawa mentas pupuran lan bengesan
Apa wewayangane payudole
Jarik salembar ilang bathikane?
Tetes kringet pecahe riwe
Agal alus manut tembunge
Diundhuh apa digado
Dununge mung ana ing salebar
suruh
Rembulan salingir rembulan kumanthil
Rembulan kumitir rembulan pinikir
Yagene mung mencok ing pang jambu
Suthik mencok ing pang atiku?
Ah, gethih iki menyang endi iline?
Sedheng jaman suthik ngowahi kodrate
Desa lan alas Liwung
Suwunge weteng lan ngelake gurun
Apa bisa adringku dibendung
Nganggo krakal kali apa dene
lempung?
Rembulan salingkir ceblok ing korine ati
Larane wudel tambane pupus jati
0 komentar:
Posting Komentar