Gendheng
(niniklenyem)
Pak
Teguh wis nganti judheg olehe ngandhani anake ya Marsiyah, sing saiki lagi
kedanan Truno Mblubut, lengganane sing ajek setor dagangan serba macam, asil
olehe gresek.
Pak
Teguh pancen ya seneng karo bocah kuwi, merga dagangan sing disetorke ajeg wis
dipilah-pilah saka ngomah, seje karo kanca-kancane sing yen setor semrawut.
Dhasar
wis neng pawuhan isih diorak-arik, mula ora mokal yen kesane omahe pak Teguh ya
ora resep. Iringan omah kiwa tengen kebak kertas, kerdhus, wesi-wesi naiyeng
lan werna-werna barang gresek.
Pancen,
wis limang taun pak Teguh njuragan barang-barang asil gresek saka
pemulung-pemulung, sing wis dadi langganane saben ndina setor. Maune pak Teguh
ya pemulung kaya wong-wong kuwi, nalikane anak-anake Marsiyah lan Martono isih
padha cilik-cilik.
Ya
merga saka tawekele suwe-suwe malah bisa dadi juragan. Ana yen mung wong seket
sing padha setor ing saben ndinane klebu Truno Mblubut. Bali sekolah, sing
saiki wis ana S.M.P. klas telu kuwi, Marsiyah ngrewangi nimbangi lan nampa
setoran barang-barang mau saka sing padha setor. Dene Martono, senajan lagi
S.M.P. klas siji, ning wis bisa dikongkon setor neng juragane, ngetutke cole
bapakne sing disopiri pak Sakur.
Kejaba
bisa nyopir, wong kuwi uga mitra kerjane pak Teguh wis wiwit dhek isih bareng
padha dene nglakoni lara lapa. Pak Teguh lan pak Sakur padha dene wong jujur
lan polos atine, mula tekan saiki wis tuwa ya langgeng olehe padha memitran.
Marsiyah,
merga kerep ngrewang-ngrewangi wong tuwane, mula banget apal karo wong-wong
sing padha setor neng ngomahe, lan ya akrap olehe padha srawung.
Prawan
sunthi sing nembe mekar kuwi, padha ditresnani karo pemulung, kejaba bocahe ayu
grapyak sumanak, panukune barang-barang senajan mung kacek satus rong atus,
luwih dhuwur tinimbang bapakne.
Truno
kuwi bocahe nggantheng tur nggrecek pinter micara, mula suwe-suwe dadi akrap
lan cedhak srawunge karo Marsiyah.
Yen
ngerti Marsiyah sing nampa, barang-barange, mesthi sing isih layak, durung
wangun dibuang, upamane awak-awak pit, setang utawa bagian-bagian saka
onderdhil motor, sing kerep-kerep mung barang bekas sing dudu asil gresek.
Mula
tampane dhuwit ya ora kaya kanca-kancane. Malah ing sawiji dina Truno nggawa
mesin tik, jare olehe nuku duweke bocah kos sing ketelatan kirimane dhuwit saka
wong tuwane.
Neng
ngarepe Marsiyah dijajal dening Truno isih apik, mula kandhane :
?Dhik
Yah, barang iki isih apik, apa kowe ora kepingin bisa ngetik ?? Wangsulane
Marsiyah sing wiwit ketarik :
?Ya
seneng, mas, ning sapa sing marahi ?, aku rak durung tau nyekel lan durung
ngerti piye carane ?? wangsulane Marsiyah jujur.
?Walah,
dhik, gampang kok yen wis ngerti, mengko aku saguh ngajari yen dhik Yah
kepingin bisa lan gelem.? Kandhane Truno nawakke jasa.
?Wah ya
gelem banget, mas. Kapan mas Truno gelem ngajari ?? kontan Marsiyah nantang.
?Ya
kapan karepmu dhik, aku manut.? Kandhane Truno sumaguh.
?Ya wis
ngene wae mas, mesin ketik kuwi tak tuku tak batheni. Biyen pira olehmu nuku
saka bocah kos kuwi ??, pitakone Siyah ndhedhes.
?Olehku nggenteni mung
telung atus ewu kok dhik, nek arep mbok enggo dhewe, wis ta gantenen dhuwitku,
ora usah mbok batheni.? Kandhane Truno ketok olehe apikan.
?Mas,
ning ngene ya !, gandheng mesthi wae iki dhuwite bapak, wong aku durung bisa
golek dhuwit, mesin tikmu tak genteni apa kandhamu, ning kowe aja kandha bapak
yen semono. Nek ditakoni kondhoa wae nek tak tuku satus ewu, piye ?.?
?Ngono
ya prayoga dhik, muga wae pak Teguh ora ngurus,? kandhane Truno sumaguh.
Transaksi dumadi. Dene mesin tik karo Siyah banjur dilebokake ing kamare, ora
dimor barang-barang dagangan liyane. Atine wiwit mbayangake, mendah mengko
senenge yen dheweke wis bisa ngetik. Ning njur kapan Truno anggone arep wiwit
ngajari, mergane yen Siyah ditakoni, kapan wiwite Truno ngajari, wangsulane
suk-suk ngono wae. Sejatine Siyah wedi arep kandha blaka karo wong tuwane.
Ing
sawijine sore, ana tamu kongkonane pakdhene sing omahe Bandung ngabari, yen pak
Teguh sekaliyan diarep-arep tekane ing Bandung saperlu dijaluki donga pamuji,
lan nunggoni, anggone bakal ngijabake anake wadon, seminggu maneh. Syukur bisa
teka sadurunge tempuking gawe, dadi bisa dienggo tetarenan utawa diajak rembug
pikir.
Tamu kongkonane pakdhene mau nginep sewengi, esuke bali.
Saungkure tamu kongkonan kamase mau, pak Teguh lan bojone banjur padha rembugan
mungguh anggone bakal menyang Bandung nyumbang kakangne
sing arep mantu.
Anak-anake
Marsiyah lan Martono uga padha ngrungokake rembugane bapak lan embokne.
Kandhane mbok Teguh :
?Pakne,
ya senajan isih padha cilik, sing teges durung diwasa tenan kaya si Marsiyah
kuwi, ning ya wiwit diwarahi tanggung jawab. Apa mentala nek kabeh mangkat neng
Bandung njur ngomah suwung ? Mesthine rak ya kudu ana sing tunggu omah. Syukur
nek pakne wae karo bocah-bocah sing budhal, aku tak tunggu omah. ?Ha nek ngono
kuwi omongane wong ora genah, mbokmu. Sing sedulur tunggal welat karo kang
Wiyono kuwi sapa ?, rak ya kowe ta ? Aku kuwi rak mung kadang katut. Patuta,
rak aku sing keri ana ngomah.? Kandhane pak Teguh semu ora keduga.
?Lha ya
kuwi pak, sing aku kandha, nek bocah-bocah kuwi wiwit diajari tanggung jawab.
Karepku, Siyah lan Tono tunggu omah, perkara olehe nampa setoran barang gresek
kuwi prei rak ora dadi apa.? Mbok Teguh ndunungke. ?Nah ? nek ngono, aku
setuju, sebab sing diarep-arep mesthine rak kowe karo aku, dudu bocah-bocah.?
Wangsulane pak Teguh kalegan. Wusana kandhane mbok Teguh marang anak-anake.
?Yah ?
Tono !, kowe rasah melu, ning tunggu omah, paling-paling bapakmu karo aku rak
neng kana mung telung ndina, sepasar nggo menyang mulih. Gelem ora, wong iki ki
nyumbang, dudu plesir.? Marsiyah lan Tono mung dha ngawaske mbokne ning ora
wangsulan. Wusana kandhane bapakne :
?Iya
nok, le, kowe ajar tanggung jawab neng ngomah, mengko bapak tak kandha pak
Sakur, yen sela ben ngendhangi mrene. Gelem ta ?.?
Marsiyah
manthuk. Ngerti mbakyune manthuk, Tono ya njur melu manthuk-manthuk tandha
saguh. Pak Teguh mbacutke kandha :
?Yah,
sabalimu sekolah, nek wis ngaso, nek ana wong setor dagangan sing empeh-empeh
rak bisa ta nampa ?.?
?Bisa,
pak, nek prei ndhak njur nglangut.? Krungu wangsulane Siyah bapak mbokne katon
bungah.
?Nek
ngono, mengko tak tinggali dhuwit sawetara, manganmu cukup tuku wae.? Kabeh
sarujuk karo rancangan mau.
Bengine
Marsiyah mikir-mikir, ya iki wektu sing apik banget kanggo nekake Truno teka
neng omahe, saperlu ngajari ngetik. Dina budhale pak Teguh lan bojone neng
Bandung, wis dikandhakake dening Marsiyah marang Truno.
Sore
saungkure wong tuwane, Truno dikon teka ing omahe wiwit sida ngajari ngetik.
Truno dikandhani ngono mau atine seneng banget. Dhasar wis suwe anggone nduwe
sir marang prawan sunthi anake juragane kuwi.
Bar
surup Truno teka tenan, ditanggapi dening Siyah kanthi bungah. Dheweke banjur
ngetokke mesin tik saka lemari petunggone diseleh meja sing sok dienggo
nyatheti barang-barang setoran.
Truno
lungguh karo ngetokke kertas amba, sing wis digambari driji-driji tangan, sing
pendhak driji ana hurufe dhewe-dhewe. Jare driji-driji kuwi nduwe tugas mejeti
tut mesin tik sing cocok karo gambar sing ana driji. Dadi driji sepuluh kuwi
nduwe tugas beda-beda. Marsiyah durung mudheng ning nggatekke banget, ketang
kepingine bisa. Truno anggone ngajari saka wiwitan. Saka mbukak, nutup lan
ngunci mesin tik. Bubar iku masang kertas, pangaturan sepasi, pasang pita lan
sapiturute. Ngono mau dibolan-baleni nganti apal.
Bubar
iku lagi ajar miwiti ngetik, ngapalake huruf sing ana sing driji. Marsiyah
sajakke katrem banget, nganti wis rong jam durung krasa.
Truno
semono uga, batine, mbok ya nganti jam pira ta wis, dheweke panggah ngancani.
Apa maneh bisa bola-bali nyekeli tangan lan drijine Siyah bebas ? atine bungah
banget.
Lagi
nengah-nengahi sinau, keprungu swara motor neng latar sing mesine dipateni.
Gage dening Marsiyah ditoni, jebul pak Sakur sing ngendhangi dheweke kaya
welinge bapakne.
Pak
Sakur nggawa gorengan bakwan lan mendhoan sing banjur dipangan bareng-bareng.
Tono sing lagi sinau uga banjur nimbrung. Swasana dadi gayeng, merga pak Sakur
wis kaya keluarga mungguhing anak-anake pak Teguh. Karo nyokot bakwan pak Sakur
takon :
?Mesin
tik olehmu saka ngendi yah ??.
?Nggih
angsal kula numbas gadhahane kang Truno niki, pak?. Wangsulane Siyah blaka. Pak
Sakur banjur ngiling-ngilingi mesin tik kuwi karo kandha :
?Iki
isih apik kok, ora wangun yen barang rongsok. Olehmu saka ngendi No ??
?Angsal
kula numbas lare kos sing telat kintunane arta, pak,? wangsulane Truno.
?Mbok
genteni pira Yah ??
?Seket
ewu, pak?, wangsulane Siyah karo ngedhepi Truno sing dikedhepi tanggap. Pak
Sakur ngandel, dheweke banjur njupuk dhompete saka sak, ndudut atusan ewon siji
karo kandha :
?No,
nyoh tak batheni, barang iki murwat yen diaji satus seket ewu, ning ya kuwi
janji, iki barang resik lho !? Dhuwit ditampani karo kandha :
?Inggih,
pak, saestu kok punika.? Siyah meneng wae, mung batine kandha yen mesin tik
kuwi saiki wis dadi rega larang, patang atus ewu. Ning ya wisben, angger
dheweke bisa ngetik. Bareng wis sawetara, pak Sakur kandha katujokake Truno :
?No,
iki wis jam wolu kliwat, mengko jam sanga kowe bali, sesuk sinau maneh. Mergane
Siyah lan Tono sesuk rak mlebu sekolah.?
?Inggih,
pak ,? wangsulane Truno lirih ketok yen gela, pak Sakur banjur pamit mulih,
wanti-wanti marang Siyah lan Tono, yen jam sanga kudu wis padha mapan turu.
Bocah-bocah padha saguh, wedine kaya karo wong tuwane dhewe.
Wiwit ngerti theorine diwarahi Truno, Siyah tansah ngapalake
neng sadhengah papan, luwih-luwih yen neng ngomah pinuju sela, tansah ngundher
wae karo mesin tike. Nganti telung sore, angger bubar surup Truno mesthi teka
neng omahe Siyah nunggoniolehe sinau ngetik.
Dhasar
bocah gathekan, lima ing antarane drijine wis apal karo prenahe tut huruf mesin
tik. Ewa semono dening Truno, isih wae dipernah-pernahke, supaya bisa tansah
nyenggol-nyenggol Siyah sing saya gawe gonjine atine kuwi.
Genep
sepasar, wong tuwane wis padha bali. Nalika bapakne weruh Siyah thak-thuk
ngapalke ngetik, banjur ditakoni saka ngendi lan sapa sing ngajari. Siyah
wangsulan blaka. tumuli kandhane bapakne :
?Nok ?
yah, kowe kudu ngati-ati srawung karo bocah kuwi ya, wong tuwane wae wis judheg
merga saking nakale. Saiki wis dijarke nganti ora sekolah, mangka ya wis S.M.A,
gek arep ujian pisan.
Kenakalane
ora lumrah, kejaba seneng teler, uga nyrempet-nyrempet tindak kriminal, seneng
colong jupuk duweke liyan. Rehne kowe wis diajari dhasar, mula saiki latihan
terus dhewe wae, yen perlu kursus.?
Siyah
ya saguh nglegani bapakne, ning genea atine tansah kelingan karo jaka
nggantheng Truno sing micara lan supel kuwi ? apa maneh nalika dina sing kalima
(pungkasan), merga jare bapakne sawayah-wayah bali, Truno dikon uwis lehe teka
ngajari. Wektu kuwi nganti jam sewelas bengi, Truno lagi pamit bali.
Nalika
nguntapke tekan lawang, ndadak Truno nyikep ngrangkul kenceng Siyah, banjur
diarasi bola-bali, Siyah maune brontak, ning wusanane ya mung njur pasrah,
merga krasa nikmat.
Mekaring
kadiwasane kaya-kaya pancen mbutuhake iku kabeh. Ya wiwit kuwi, Siyah tansah
ana rasa kangen karo Truno.
Ya ing
wektu Truno setor-setor barang kuwi, bocah loro mau padha kencan, ana ngendi
olehe arep padha ketemu. Nganti setaun Siyah lan Truno pacaran ning wong tuwane
ora padha ngerti.
Truno
mono bocah nakal, sing karo kanca-kancane nganti diparabi Truno Mblubut. Merga
apa karepe, senajan kanthi dalan apa wae mesthi ditempuh.
Truno
ngerti yen wong tuwane Siyah, padha ora seneng karo sesambungane dheweke lan
anake.
Ning
Siyah dhewe sing tansah seslimpetan, ngupaya wektu supaya tansah bisa sapatemon
karo jaka bagus Truno.
Saiki
Siyah wis neng S.M.A. klas loro. Sejatine wiwit kenal Truno, sekolahe dadi kendho,
biji rapote ajeg pas-pasan, waton katut munggah lan lulus. Ana unen-unen,
rapeta dikaya ngapa, nyinggahke bathang suwe-suwe bakal mambu. Semono uga
kahanane Siyah.
Keri-keri
iki dheweke kerep lara, ora doyan mangan, kerep mutah-mutah, yen ditakoni jare
masuk angin. Ning meneng-meneng pak Teguh ngaturi dokter, diaturi mirsa anake.
Kaya
ngapa kagete, bareng dokter ngendika, larane Siyah merga ngidham. Bareng
diteter bapak mbokne, karo sapa olehe wis tumindak, Siyah blaka yen karo Truno.
Mula
gelem ora gelem, pak Teguh sing sengit banget karo Truno kuwi, kepeksa
ngijabake anake karo Truno sing mblubut kuwi, kanggo nutupi wirange anake.
Dene
Truno ngayang batin bungahe, merga bisa dadi bojone Siyah sing wis suwe olehe
nggandrungi.
Gandheng
Siyah wis kulina ngrewangi wong tuwane nukoni barang-barang gresek, mula dening
bapakne terus dipawiti dikon madeg dhewe. Omah gedhe diparo srana disingget
triplek.
Sing
marep ngidul dienggoni wong tuwane, sing marep ngalor dienggokke Siyah karo
bojone. Truno mung pawitan badan sepata.
Setaun-rong
taun usahane katon mekar, ning suwe-suwe watake Truno sing asli saya katon.
Saiki
wis kerep lunga bengi, apa maneh bareng Siyah, anake cilik, Truno sabane neng
warung remeng-remeng golek kemareman semu.
Nampa
dagangan, gaweyan ngomah, sasat kabeh ditandhangi Siyah dhewe disambi momong.
Gandheng wis bawa dhewe, wong tuwane ora pati nglegewa yen anake ketekuk
ringkel kabeh ditandhangi dhewe, ya mung kala-kala ngrewangi momongke putune.
Keri-keri
iki Siyah krasa, yen dhuwit dagangan simpenane kok kalong mbaka sithik. Sapa
maneh sing njupuk yen dudu bojone ? Ning nalika Siyah takon, Truno malah nesu.
Ora mung ngono iku, ning ya karo njambak, ngeplak, cengkilinge metu, lan njur
dadi pakulinan.
Siyah
ora tau kandha wong tuwane, kabeh diampet mundhak saru, dhasar biyen bapakne
wis wanti-wanti menging srawung karo Truno, ning Siyah nekat. Ya iki
entuk-entukane.
Yen
kelaran merga diajar sing lanang, siyah mlebu kamar, olehe nangis ditutupi
bantal supaya ora keprungu wong tuwane. Dhuwit dagangan, saiki tansah digembol,
wong sing disimpen nyatane entek, mangka Truno ora tau ngayani kepara malah
ngrusuhi, ngentek-entekake.
Sawijining
wektu, ing wayah awan, Martono sekolah kaya adate, pak Teguh karo bojone lunga
layat neng tangga desa, ngomah dipasrahake Siyah, kandhane bapakne :
?Nok,
Siyah, titip ngomah sedhela, aku karo mbokmu arep layat.?
?Iya,
pak, ngomah tak awat-awatane.? Wangsulane Siyah sumaguh. Truno krungu kabeh
mau. Rehne arep ngumbahi, anake dicekelke bapakne, Siyah njur neng sumur
ngumbahi, sing sadhabreg akehe kuwi. Watak culikane Truno kumat. Nyambi
nggendhong anake, Truno mlebu omahe maratuwane, nyedhaki meja, sing lacine isi
dhuwit dagangan. Bareng dibukak ora kena, banjur golek drei diongkel-ongkel.
Nalika
Truno lagi nyongkel laci meja kuwi, Tono pas mulih sekolah arep mlebu ngomah.
Jegagik, dheweke banjur bali mundur, nylingker mlebu omahe Truno nggoleki mbakyune,
ketemu ana sumur. Gage kandhane :
?Yu
Yah, galo kang Truno nyongkel laci mejane bapak wadhah dhuwit.? Gragap, Siyah
noleh prenahe adhine terus ngadeg marani lan nyatakke kandhane adhine. Eman,
Truno sing ngajak anake wis ora ana, ning bareng ditiliki, laci wis gampang
dibukak lan isine mung keri ora mingsra. Tono lan Siyah inget-ingetan, njur
piye mengko yen wong tuwane bali ? Tenan ? ora suwe pak Teguh lan bojone bali,
siyah terus kandha apa anane dikuwati adhine. Kandhane pak Teguh :
?Wis-wis
Yah ? Tono, mengko bapak sing arep takon dhewe.? Lagi wae padha meneng, Truno
bali nggendhong anake sing wis turu, terus diturokake. Pak Teguh nyedhak
alon-alon karo takon :
?No,
apa kowe sing mbukak laci meja wadhah dhuwit ??
?Mboten,
wong kula kesah momong, nggih nembe mawon kula wangsul niki.? Truno selak.
?Kang,
aku mau weruh kok nalika kowe nyongkel.? Tono sumambung. Siyah numpangi
kandhane adhine :
?Sapa
maneh kang, yen dudu kowe, wong singgahanku ya wis ledhis mbok jupuki.? Krungu
tembunge sing wadon sing thok-leh ngarani, Truno mungkat nesune. Nyedhaki
bojone, terus ngampleng sak rosane nganti Siyah ngleyang tiba klumah.
Tibane
Siyah, sirahe natap umpak saka dadi lan semapute.
Wong
saomah ribut, ndadekke tangga teparone padha teka. Siyah langsung digawa neng
rumah sakit.
Sedina
sewengi Siyah lagi sadhar, sambate ngaruwara, lan kandha yen wis ora kuwat dadi
bojone Truno merga olehe saben dina ditangani. Sedulure sing ana Bandung teka,
lan bab iki banjur dilapurake polisi. Sepisan bab pencurian, pindhone bab
penganiayaan. Truno banjur dijupuk dening polisi ditahan, sing mengkone bakal
diajokake neng sidang pengadilan. Dening pengadilan sidane dheweke diputus ukum
kunjara patang taun. Sadurunge mlebu ukuman, Siyah njaluk pegat kanthi resmi,
dene anake bakal dirumat.
Wektu
wis lawas kawuri, ing dalan sacedhake omahe pak Teguh, warga kono sok weruh
wong lanang edan kluyar-kluyur sandhangane kumel, rambute dawa sageger.
Brengos
lan jenggote ngewok, lambene ndremimil ora cetha. Malah keri-keri iki, wong
edan mau wis mblejut tanpa awer-awer, gek senengane mlayu-mlayu.
Dadi ya
gombar-gamber kaya jaran negar, apa maneh yen weruh wong wadon enom, barange
mau dituduh-tuduhake, gawe gilane sing padha kepethuk lan weruh.
Ing
antarane warga mau ana sing nyetitekake, jebul wong edan mau Truno Mblubut sing
wis metu saka kunjaran ? ning saiki pikirane wis ora waras alias ? gendheng. Ya
kuwi oleh-olehane wong sing tansah tumindak ngetut bruwalaning ati.
?
?TAMAT?
0 komentar:
Posting Komentar