Nuwun, dhumatheng sanggyaning para
tamu kakung putri ingkag winantu ing suka basuki. Muji syukur wonten
ngarsanipun Gusti Ingkang Maha Mirah lan Asih dene ombyongan temanten kakung
sampun rawuh. Tumunten kaadani upacara pasrah-penampi.
Dene
ingkang masrahaken temanten kakung nun inggih
Bp..............................ingkang dipun jajari panjenenganipun
Bapa.................lan Bapa.................
Dene
penampi nun inggih panjenenganipun Bp..........................
Ingkang
dipun jajari panjenenganipun Bp....................lan Bp....................
Sepisan,
katur panjenenganipun Bapa.....................kasumanggaaken, nuwun.
Wedharan
Pasrah (Lampiran 1 )
Nuwun,
sagunging para tamu kakung putri ingkang winantu ing kamulyan. Tatas titis
gamblang tur wijang menggah pangadikanipun Bp.............minangka talanging
basa Bp.........sekaliyan garwa , salajengipun tinampi dening
Bp................minangka sesulih saking panjenenganipun
Bp/ibu.............sekaliyan garwa. Sumangga nun.
Wedharan
Panampi (Lampiran 2)
Sampun
paripurna pasrah penampining putra penganten kakung . tumunten kalajengaken
upacara panggih penganten. Dhumateng panjenenganipun ibu juru rias nenggih
ibu...........kaparenga mratitisaken dhauping penganten khanti kinurmatan
ungeling Lancaran Kodhok Ngorek dhawah ketawang Laras Maya, sumangga nun.
Wus ndungkap wahyaning mangsakala
panggihing sri penganten nenggih Ayu..................tuwin
Bagus................
Risang
pinanganten kakung kakanthi panjenenganipunBp...............lan Bp.......tumuju
sasana panggih.
Semanten
ugi risang penganten putri ingkang kaapit panjenenganipun
ibu................tuwin
ibu................hamapag rawuhipun kang raka.
Ungeling
lancaran kodhok ngorek mangungkung wontening nggengantang kados-kados
mangayubagya panggihing penganten. Koocaaap kang cinarita, nalika samana
lampahnya sang temanten kakung lan putri wus celak. Wus celak, saksana sami
pepandengan catur netra temah mbabar daya pangaribawa ngantos mahanani geter
pater jroning nala. Dupi wus cel;ak-wus celak, sigra risang temanten kakung
ambalangaken sedhah lininting ingkang sinebat gondhang kasih.
Apa ta werdine ron suruh?
Ron
surun lan kurebe yen dinulu seje rupane , lamun ginigit tunggal rasane Mengku
suraos,, nadyan sajuga priya sajuga wanita, nanging sampun manunggal cipta,
rasa, budi ,lan kersane, nedya mangun bebrayanan kanthi pancadaning palakrama.
Saksana
risang penganten putri lenggah timpuh sarwi sumembah dhumateng kang raka ,
mengku pasemon arsa setya bekti dhumateng guru laki ngantos sak lami-lami.
Sigra sang penganten kakung ngidak
tigan . ponaang kang tigan kapidaking pada tengah pecaaaah......saknalika ,
kaprahing tembung ngidak wiji dadi , kinarya pralampita bilih sri penganten
badhe misah kaliyah rama-ibu ,nedya madeg bale wisma , mandireng pribadhi.
Daya
–daya risang penganten putri hamijiki pepadaning kang raka mawi toya sekar
setaman engkang winadhahan bokor kencana. Aapa ta werdine ???!!
Bilih
suku menika kagem tindak lire ......ngicali tindak tanduk sikep laku pakarti
ingkang mboten sae. Sakathahing sambekala bisoa sirna, sebel sial bisoa
uwal,pepalang bisoa ilang hawit saka pangaribawaning Gusti Ingkang Maha Wikan.
Paripurna wijikan ,tumunten sang
pinanganten kakung njumenengaken kang rayi , nelakaken bilih drajading wanita
lan priya menika sami , ingkang beda mung kwajibane .
Katinggal
jumeneng jajar sri temanten , daya-daya ibu.........nyingebakensindur dhumateng
pundhakipun sri penganten, dene pucuking sindur kaasta panjenenganipun
Bp................ binayangkare sri penganten manjing ing sasana rinengga.
Aaapa
ta werdine kang rama wonten ngajeng??
Lire
tansah hanenuntun dhumateng sri temanten ,tansaha lumakua dalan kang bener
tuwin pener. Dene kang ibu mapan wonten wingking tansah Tut Wuri Handayani .
Yekti limang prakara kang tanpa bisa
ngungkuli garising kuwasa: siji pesthi , loro jodho,telu wahyu, papat kodrat
lima bandha donya , sedaya hamung kapurba kawasesa wonten asataning Gusti Kang
Maha Kuwasa.
Pambudidayaning
manungsa mboten saget ngungkuli garisang kuwasa , kridhaning ati tan kuwawa
mbedah kuthaning pasthi.
Nalika samana sampun dumugi ing
sasana kursi rinengga. Tumunten kalajengaken upacara adat krobongan , kawiwitan
saking upacara BOBOT TIMBANG utawi PANGKON. Panjenenganipun Bp.....hamangku
putra pinanganten sarimbit , ingkang kakung mapan ing jejengku kanan dene kang
putri mapan ing jejengku kering. Salajenmgipunkang ibu mundhut pirsa:
“Bapakne
.......putramu sakloron iki abot endi pak??
Lajeng
dipun wangsuli
Padha
abote bu.......muga-muga putramu sakloron iki timbang katresnane lan timbang
gegayuhane bu.”
Tumunten kalajengaken tanem jero ugi
winastan nglenggahaken sri temanten ,
bebasan nandhur becik , jenak jinem tentrem ayem anakku sakloron anggone
jejodhohan nganthi tumekaning kaken –kaken lan ninem-ninen.
Menggah
adicara salajengipun nun inggih upacara kacar-kucur ugi winastan tampa kaya. Kacar-kucur dumados
saking palawija : kacang-kacangan ,kedhele jagung jinangkeban uwos jene,
dlingo-bengkle,arta logam receh ingkang winadhahan klasa bangka utawi tilam
lampus. Mengku suraos piyntun kakung kang wus mangun bale wisma ........wajib
maringi nafkah lahir batin marang garwane ,langkung-langkung babagan arta.
Samanten
ugi piyantun putri menawi sampun tampi asil saking ingkang garwa , anggone ngecake ya kudu gemi , nastiti, ngati-ati.
Piyantun putri sampun ngantos boros. Menawi boros sami kaliyan kancane setan.
Sakparipurnaning kacar-kucur,
tumunten kalajengaken dhahar walimah . dhaharan ingkang namung setunggal piring
kadhahar temanten kakung putri. Ingkang sepisan temanten kakung
bagus...............ngladosi dhumateng kang rayi.
Kosok
wangsulipun temanten putri ayu...........................ugi angladosi
dhumateng kang raka.
Rampung anggenipun sami dhahar
kalajengaken ngunjuk toya wening sesarengan, minangka pralampita bilih
saklebeting bebrayanan :bungah-susah , padhang-peteng, ngrekasa-mulya tansah
dipun lampahi sreng-sareng kanthi linambaran tresna asih.
Inggih
raos tresna asih menika ingkang saged nglestantunaken anggen mangun bale wisma
ngantos kaken-kaken , ninen-ninen. Amien.
0 komentar:
Posting Komentar