;Marang Yan Tohari
Upama Sliramu wus ngantebi dalan rumpil iki
Sawuse kabeh cuwilan kekarepan wus jinumput
Banjur sinusun kaya dene menara kudus
Dakpikir atimu ora prelu sekukuh patung-patung kuna
Jer nyatane jagad jogedan iki sansaya ciut
Lan bencong mbleret koncatan urub
Aku lan sliramu mung bisa nggetuni kunerpane guritan
Prawan ayu sing nate ngrawuhi sarashan ing taman
budaya
Saiki wus murca tanpa ninggal esem apa maneh wekas
Bok menawa wis kaget ilining banyu jaman pasemon
Lan singidan ing ngisor tilam pagulingan
Dolanan srengenge sing pancen wajib direngkuh
Kamangka jogged ledhekmu isih ngleter
Sesoderan sampur sutra sing kok cipta mawi roncen
gupita
Tansah kinalung manis ing manglunge jangga
Sinambi nglaras tembang lelipure ati kapang
Tumrap rasa sapletik sing kadhung wurung binalang
Nyatane rerenggan peni sing jinejer-jejer
Ora kuwagang ngosikake ati marang ancas luhur
Tatu-Tatu kabudayan iki dadi sangsaya jero
Tangis gunung lan segara sngsaya ngiris ati
Sautara sliramu lagi kekitran kelangan plung
Kalimput angin seser nyisir pulung jantung
Tanpa bisa sambat apa maneh
gugat
Marang tembung arif sing mung kari lelemeran
Dadi barang eceran ing pasar dhasaran pinggir dalan
Bisa tinuku sasaran bandha gadhen
Pasemon tumrap mungkure tata karma paseduluran
Dene aku mung bisa memuji
Muga-muga guritanmu tesih ngrenggani udhiyana iki
Bledheg Segara Kidul, Turiyo Ragilputra
0 komentar:
Posting Komentar