Blogger Widgets

Kamis, 25 Desember 2014

Layange Rama Marang Shinta



Dakjaluk kangenmu
Shinta
Karana sabubare brubuh alengka
Para emban gupuh nambut silaning
Akrama
Sauntara slirau tansah lelewa ing antarane
Mega-mega
Wus dak pecaki dawane pesisir
Shinta
Lan terus angon menyang endi
Prau ngumbara
Awit layar panggah kumibar kasentor angin
Wengi
Kumembenge eluh ngekesake langgam
Gupitasari
Dakjaluk kangenmu
Shinta
Ayo kita langen ing taman ayodya


Bledheg Segara Kidul, Turiyo Ragilputra

0 komentar:

Posting Komentar