Sampun wonten sasmita bilih sri
temanten putri anggenipun ngrasuk busana wontening tepas wangi (kamar
penganten) sampun paripurna. Tumunten kalenggahaken ing sasana kursi rinengga,
ingkang dipun kanthi dening ibu.................saha ibu..............
Tindakipun sri penganten putri ambabar Ketawang Puspawarna.
“Mencorong pindha barleyan sumorot
pindha srengenge, lah menika ta atmaja sri penganten putri nimas ayu...........
kinanthi manjing ing sasana kursi rinengga. Yekti sang pinanganten putri
pinunjuling warni. Bebasan pucuk rambut tumekaning pada ampeyan tan wonten
kuciwanipun. Aaa .... pa ta agemanira?
Hangagem
cundhuk mentul ingkan winangun cundhuk wulan tumanggal , ebaaaah-ebaaaaaah
kinarya lumampah pindhane warara kang nggawe-awe marang pacangane. Ukel
rinengga puspita katumpangaken ing jaja pindhane teksaka ingkang nedheng
lumampah. Ageman kebaya warni cemeng sinulam benang emas , dhasar angagem
sangsangan rukmi mila kasoroting pandam pating gelebyar pating calorot kaya
lintang aliyan.
Sinjang
sidamukti , kacetha bilih sri penganten nedya nggayuh kamukten
gesangipunkaanthi palakrami. Ngagem canela warna langking (cemeng) sinulam benang emas. Lumaksana lon-lonan yen
cinandra tanpa beda prameswari nata.
Nalika
samana risang temanten putri wus lenggah anggana raras (piyambakan). Jroning
manah hamung tansah hangengrantu (nengga) rawuhipun kang garwa kiinasih.”
(gendhing
suwuk/mandheg)
0 komentar:
Posting Komentar