Blogger Widgets

Selasa, 30 Desember 2014

Ambengan Sega Kuluban




Ambengan sega kuluban dieler  ing tampah
diladekake ing pasamuwan
direncah bebarengan, kroyokan, rebutan
Ambengan sega kuluban
ora ana sing ngerti duweke sapa
kejaba dadi pangane para wayang, para dhalang
sing lagi lungguh methingkrang
kidang lan truwelu, kinjeng lan kupu,
mung hisa nyawang sinambi ngeleg idu
Ambengan sega kuluban, wis gusis dienggo pesta
mung kari tamoah ngganda amis, angganda amis
banjur kanggo bal-balan para buta


Dening            : Turiyo Ragil Putra



0 komentar:

Posting Komentar