Blogger Widgets

Rabu, 17 Desember 2014

Punapa Gusti Murka ?
dening : Anis Wijayanti

Tangis jejeritane jalma kapyarsa in marcapada
Papan-papan ajur dening akehing bencana
Longsor, lindhu, banjir padha tumeka
nggondhol pirang-pirang nyawa, nekaake pati
Punapa Gusti murka ?
Awit mloroting rasa asih kita marang bumi kang saben dina kita pidaki
Sarta angkuhing raga,datan gelem ngreksa isine bawana
Punapa Gusti murka ?
karana alane solah bawa kita kang asring nglali
Sarta karana donya kang mobat-mabitake rasa pedhuli
Gusti,
Lumantar wewangen dupa puniki, kula atur pangaksami
Mugiya sirna bebaya kanthi nugrahaning Gusti

0 komentar:

Posting Komentar