Tutna lakune onta
Nalika lintang panjer langit ngreksa kunarpa
Rembulan pucet kapatrapan pidana
Lan kumibare jubah para pangumbara
Manjilma lukisan ing kanvas wengi
Sewu jangkrik nglaras langgam berzanji
Aja dipedot lurung tumuju kraton fajar
Selagine bun isih nusoni wedhi
Ngemban sakehe panggresah lan sesanggan
Langit jingga tamaning para suhada
(sauntara angin tetep jroning sujud syahwi
Lan tanpa kendhat ngemonah sadawane wengi)
Mecaki dawane angen-angen
Ginelar kabeh babut biru-kabecikan
Lan tansah setya nganteni sang dikir ing wengi samun
Bledheg segara Kidul, Turiyo Ragilputra
0 komentar:
Posting Komentar