Kebacut Tresna
Dening : Anis Wijayanti
Bagya rasane penggalihku
kayungyun priya widigda
Sinawang eseme sepet madu nengsemake driya
Pasuryane bagus arupa Janaka
Dhuh kakang, begjaku bisa pepanggihan marang sliramu
Bisa nyawang esemu ngancik aku kebacut tresna
elinga....
Sliramu tansah dadi impenku
Lir candra kang tansah miyos saben wengiku
Pangajabku namung siji, dadi sesandhinganmu kakang
Ngiket tali katresnan,nglampahi urip sesarengan

0 komentar:
Posting Komentar