Blogger Widgets

Sabtu, 06 Desember 2014

Atur besan mertuwi /besan rawuh



Para priyagung kakung putri ingkang tansah winantu ing suka basuki.
Inggih awit sih rahmating Gusti Ingkang Maha Mirah lan Asih miwah donga pangestu panjenengan , titilaksana upacara temon/ panggih sampun kalampahan kanthi lancar gancar nir ing sambekala.
Menggah titilaksana adicara selajengipun  nun inggih besan mertuwi utawi besan rawuh.
Kanthi menika kasuwun dhumateng panjenenganipun Bp/ibu  .............methuk rawuhipun besan Bp/ Ibu................Kadherekaken  lumebet ing papan wiwahan , kanthi kinurmatan ungeling Ldr .Sri Widodo

SUNGKEMAN
Para tamu kakung putri ingkang dhahat bagya mulya.
Saksampunipun Bp/aiabu............rawuh lan pinarak lenggah, daya-daya sri penganten badhe sungkem wonten ngarsanipun rama lan ibu, esthining manah mugi-mugi anggenipun mangun bale somah tansah manggih berkah saking Kang Maha Mirah, kanthi kinurmatan ungeling Ldr . Mugi Rahayu.
“Lamat-lamat kapyarsa ungeling Ladrang mugi rahayu, hangiring dhumateng rama lan ibu. Saksana jengkar saking lenggahipun risang pinanganten , tumunten kalolos dhuwungipun menapa dene canelanipun. Sak tebah ambane sigra temanten sakrimbit sampun sembah jaja, lan tumunten lumaksana angeka padha (laku dhokok) marak sowon dhumateng ngarsanipun Bp/Ibu...............................................
Saksampunipun dumugi ngarsanipun rama lan ibu ,sigra lenggah timpuh wadana tumungkul hamarikelu muka yayah konjem ing bantala. Ponang asta nyungkemi dhateng jejengku kanan ingkang rama lan ibu.
Sepisan : Sri penganten ngaturaken sembah pangabekti dhumateng rama lan ibu, awit tiyang sepuh menika ibaratipun Gusti Allah ingkang Katon
Kaping kalih:Penganten ugi nyuwun pangapunten dhumateng rama lan ibu awit wiwit aalit nganti samangke kathah dosanipun, kayata : anak kuwi sok wani karo wong tuwa , brengkele , lan menange dhewe.
Kaping tiganipun : nyuwun pangestu kaliyan rama lan ibu , mugi-mugi anggenipun mangun bale wisma , manggih kamulyan,kawidadan, tebih saking rubeda lan sambekala.
Kaping sekawan:ndongakaken dhumateng rama lan ibu , mugi-mugi tansah pinaringan bagas waras , panjang yuswa ,satemah saged mirsani dhumateng putra ,wayah,sukur bage buyut
Nalikanipun Bp/Ibu .....................................dipun sungkemi kang putra,sigra karangkul sri penganten kekalih sarwi angelus-ngelus rikmanipun,angepuk-ngepuk pundhakipun.
Jroning batos Rama Ibu tansah hanyenyuwun dhumateng ngarsaning Gusti Ingkang Maha Welas lan Asih mugia tansah paring panganyoman dhumateng sri atmaja penganten.
Nalikanipun temanten sami sungkem dhumateng rama ibu , temah ambabar daya pangaribawa .swasana dados dhedheep tidhem , ron-ronan datan obah , samirana dalan lumampah.
Sekar-sekar sami megar maweh ganda arum mangambar-ambar, kaya-kaya asung pakurmatan dhumateng sang pinanganten.
Sedaya para tamu kakung putri , para pinesepuh sesepuh sami trenyuh mirsani penganten ingkang nedheng sungkem dhumateng sang pinanganten.



Ing mangke sri temanten gentos sungkem dhumateng Bp/Ibu.................
Nalikanipun temanten sungkem sakala Bp/Ibu...................nggregel trenyuh ngondhok-ondhok jronoing manah, ngantos mboten karaos medal eluhipun , temah tumetes dhawah ing pangkon pindhane kados mutiara ingkang dhawah.
Rumaos bombong mongkong lan bingah ............dene sri penganten sampun jumbuh lan gambuh gegayuhanipun. Sarwi dipun weling :
“ooh anaku ngger.......................lan........................Bapak lan ibumu rumangsa bungah, bombong lan mongkok, nyawang sliramu sakloron kang wus kelakon gegayuhanmu. Tak dongakake dadia wong lanang sejati , wong lanang kang bisa ngayomi, ngayemi lan ngayani marang garwa lan putramu kabeh. Sing welas lan asih ya nggeeeerrrrr.......
Smono uga putraku bocah ayu......................tak dongakake dadi ibu kang sejati ya sedjatining ibu, tegese ibu kang wasis nata bale wisma , ibu kang pinter nggluwenthah ndhidhik marang putra-putramu kabeh supaya dadi anak kang luhur bebudene.
Eling ya nggerrr.................swarganing anak kuwi gumantung ana dlamakaning ibu. Mula ibu kawi kudu beciktumindake, ibu kudu apik tingkah lakune , dimen kanggo conto anak-anakmu kabeh ya nggeeeerrr................
Kajaba saka iku nggeeerrr aja lali panembahmu marang Gusti Kang Maha Kuawasa, dimen untuk pepadhang lan tuntunan saka panjenengaNe temah uripmu slamet donya tumekaning delahan.
Kathah-kathah pangandikan saking rama lan ibu , temah sangsaya ngondhok-ondhok jroning manah sang penganten sakrimbit.
Nalika samana wus paripurna denya sungkem dhumateng rama lan ibu , gya wangsul dhumateng sasana kursi rinengga. Nuwum.

0 komentar:

Posting Komentar