Tuladha Rantamaning Pambuka
Pranatacara
Assalamualaikum
Wr. Wb
Katrentaman, kawilujengan,kabagas-warasan saha kamulyan mugi kajiwa
kasarira kula panjenengan sedaya waradin sagung dumadi.
Nuwun , sangganing para pinisepuh sesepuh ingkang pinundhi –pundhi.
Para satriya pangemban lan pangembating praja, minangka panganyomaning kawula
bangsa, ingkang winengku ing pakurmatan, saha. Para tamu kakung putri, para
kadang mudha wredha (anemsepuh) ingkang sanget kula tresnani.
Linambaran kanthi muji syukur wonten
ngarsanipun Gusti Allah SWT, Ingkang Maha Mirah lan Asih, ingkang sampun paring
pinten-pinten kanikmatan, kebahagyan saha katentreman ......katitik ing
siang/dalu punika kula panjenengan sedaya saget makempal ing ndalem mriki,
mboten wonten alangan setunggal menapa.
Nuwun sanggyaning para tamu kakung
putri ingkang winengku ing pakurmatan. Kula minangka pranatacara/pambiwara
badhe nglantaraken titilaksana upacara dhauhipun sri penganten, nun inggih
nimas ayu............putra putrinipun Bp Ibu................
Dene
rantaman adicara panggih ing kalenggahan punika;
Sepisan : Pambuka
Kaping
kalih :Nglenggahaken
penganten putri wonten ing sasana rinengga
Kaping
tiganipun :Rawuhipun Penganten
Kakung , kalajengipun Pasrah pinampi.
Kaping sekawan :Upacara Temon/ Panggih penganten ,
wiwit saking : Balangan sedhah lininting, ngidak tigan, wijikan, sinduran.
Kaping gangsal :Upacara adat krobongan , kadosta
:pangkon, tanem jero, kacar-kucur, dhahar walimah, ngunjuk toya wening
Kaping nenem :Sungkeman
Kaping pitu :Atur pambagyaharja
Kaping wolu :Tanggap wacana saking
Bp/ibu....
Lurah ing
.........
Kaping sanga :Ular-ular /sabdatama
Kaping sedasa :Dongah / Hastungkara
Kaping Sewelas :Panutup
0 komentar:
Posting Komentar