Wonten
ing Serat Wulang Reh, wonten sawijining kalimat ingkang muni ‘yen
sira ayun waskita, sampurnane ing badanira, punika sira anggegurua’. (Menawi
panjenengan gadhah pepenginan wicaksana, dumugi kasempurnan wonten ing gesang,
mula mergurua). Merguru saged dhumateng sinten kemawon. Sedaya menungsa
sayektosipun guru, amargi menapa kemawon ingkang wonten ing donya musthi paring
pituduh kangge sinten kemawon ingkang purun marsudi ing ngilmu menika. Tiyang
ingkang wicaksana purun merguru kaliyan sinten kemawon, kapan, kemawon, lan
wonten pundi kemawon.
Masyarakat
tradisional jawa asring ngandaraken nile-nile adiluhung kangge
putra-putranipun. Sedaya ajaran kasebut anggadhahi titik inti wonten ing
anjuran supados kita terus mengetaken sangkan paraning dumadi. Awit
saking bayi miyos, tiyang sepuhipun sampun maringi ajaran nile-nile luhur
kaliyan simbol-simbol ingkang dipunwujudaken dados ubarampenipun upacara adat
ritual jawa, tuladhanipun kenduren.
Sanesipun
uga dipunwontenaken adicara sepasaran nalika bayi sampun ngancik umur 35
dinten. Adicara kasebut dipunadakaken kaliyan ndamel golong sasupit
kinamping sekul suci ingkang arupi simbol kangge mengetaken kita dhateng
sekawan sohabat Rasul inggih menika Abu Bakar Ash-Shidiq, Umar Bin Khatab,
Utsman Bin ‘Affan, lan Ali Bin Abi Thalib. Wonten malih arupi Sekul suci ulam lembaran sari kangge muliakaken Rasulullah SAW ugi sekaliyan
dados simbol panyuwunan supados tiyang
sepuh bayi menika angsal keslametan.
Wonten
ing adicara sepasaran utawa selapanan, ugiwonten tumpeng rombyong kangge
mengetaken kita kagem para malaikat ingkang njaga jiwa raga kita sedaya.
Sanesipun inggih tumpeng alus arupi simbol pamiyak peteng kanggo
nggayuh pepadhang ingkang dipuniringi panyuwunan supaya sedaya hajat
dipunkabulaken. Sedaya simbolkangge mengetaken kita supaya terus kengetan
kaliyan cithak bakal lemah asal lan ndungakaken para leluhur.
0 komentar:
Posting Komentar