1.
Ha-Na-Ca-Ra-Ka
Aksara
menika anggadhahi makna wontenipun utusan , inggih menika utusan gesang arupi
napas ingkang anggadhahi kuwajiban kangge ndadosaken satunggal jiwa kaliyan
jasadipun janma. Wonten unsur ingkang mercadosi, dipunpercadosi, kaliyan
dipenpercadosi kangge nyambut damel. Tiga unsur kasebut inggih menika Gusti Allah, janma, lan kuwajibanipun tiyang
gesang.
2.
Da-Ta-Sa-Wa-La
Aksara
menika paring pituduh awit tiyang gesang nalikanipun sampun dumugi ‘data’ (wekadalipun
dipundut dening Gusti), mula boten angsal suwala (ngelak). Maknanipun
inggih tiyang menika kedah nglaksanaken, nrima, lan njalanaken menapa ingkang
sampun dados garis saking Gusti.
3.
Pa-Dha-Ja-Ya-Nya
Aksara
menika ngandut makna nyatunggalaken Dzat Ingkang Ngersakaken Kauripan (Gusti
Allah) Kalih ingkang dipunparingi kauripan menika (makhluk). Padha inggih
maknanipun sami, trep, jumbuh, utawi cocog tunggal batin ingkang kacerminan
wonten ing perbuatan adedhasar keluhuran lan keutamaan. Jaya maknanipun menang
utawi unggul. Menang wonten perkawis menika inggih kemenangan ingkang sayektos,
sanes namung menang tanpa usaha lan sportivitas kemawon.
4.
Ma-Ga-Bha-Ta-Nga
Aksara
kasebut ngandut makna nrima menapa kemawon ingkangd= dipunpalilahaken lan
dipunlarang dhateng Gusti ingkang murbeng jagad. Maksudipun, manungsa kedhah
pasrah lan sumarah (nyerah) dhumateng garis kodrat, sanadyan dipunparingi hak
kangge usaha.
0 komentar:
Posting Komentar