Blogger Widgets

Kamis, 13 November 2014

WRC, Penegak Kudu Bisa Dadi Penerus


Semarang, Pramuka Universitas Negeri Semarang (UNNES) luwih tepate Guguslatih Bahasa lan Seni nembeke bae ngadakake perkemahan penegak SMA se-Jawa Tengah (Jumat,31/10). Wijaya Rover Challenge utawa sing disebut WRC iku kalangsungan telu dina, yaiku kawitan saka jumat awan lan bubar ana ing minggu sore. Pramuka SMA sing pancen dadi inceran agenda Pramuka Racana Wijaya Unnes iki ditujokake supaya nglatih tenanan mental pramuka sing wus katuwuhan ana ing jiwane para kawula muda.
Wengi puncake kawujudan agenda unggulane yaiku final putra putri WRC sing duweni tujuan kanggo milih muda lan mudi sing unggul. Amerga awane wus ana tes tulis, mula wengi iku langsung kepilihan lima finalis sing maju ning babak final kanggo diuji maneh karo pitakonan lan uji bakat sing diduweni. SMA Negri 1 Kaliwungu sing akhire dadi sangga tergiat uga kepilih utusan lanange supaya dadi putra WRC. “ Putra lan putri WRC sing kepilih pancen wus dadi lirikan juri awit saka cara omong kekarone jawabi pitakonan-pitakonan kawit awal.” Ucape Rizki, duta Jawa Tengah sing mapan dadi juri ana ing kegiatan iku.
SMA N 1 Karangpucung saka Kabupaten Cilacap sukses nyabet gelar juwarane. Persiapan sing luwih mateng dadiya alesan ngapa sekolah iku kapilih. Sanadyan kaya mengkono iku, nanging ora nyurutake semangat saka sekolah liyane kanggo ijen nampa piala-piala. “Kabeh sangga sakjane duweni potensi dadi juwara, ning namung siji sangga sing sukses gawe atine juri kepengaruh. Kabeh peserta iku wus bisa dadi penerus bangsa sing apik.” Tembunge Kepala TNI-AD sing dadi juri ana ing lomba PBB. Lomba sing dipeloni ning 44 sangga iki pancen wus bisa nindakake tujuane yaiku nglatih kader-kader penegak supaya dadi pandega pramuka sing apik kanggo ngrubah bangsa dadiya luwih unggul. (Dina)

0 komentar:

Posting Komentar