Blogger Widgets

Rabu, 05 Maret 2014

Sepuluh November (gurit tema patriotisme)

( cipta karya : dina)

Embating tutur ngusapi luh
Menangi jagad wus garang garing sakjangkeppe
Ratu gung binatara lan pahlawan  gari aras ampeyan kita
Kajejeg, kaideg sarupa krema
Banyu wus emoh nyawuk
Godhong ndang emoh nyuwek
Suket uga emoh nyenggut
Janma bangsa lali pengorbananmu
Getih tumetes saka palarapanmu
Balung owah saka engselmu
Nanging sapa dhuhkita kapiyarsa November
Sakjane.. luh kacucur saka mripat suwiji
Tinimbang idu kang nglecehna dina pangingetmu
Sepuluh November..
 Tanggal kang dadi kiasan
Kongsi jambul wanen
Kabeh iku pucuk ning umuk
Pahlawan lan pangorbanane
Wus ilang kang tilas abang ning tanggalan
Batur namung elingna
Primpen bangsa kita, papar sadurunge benjut
Amarga mbuang pahlawan
Kang nuwuhake bangsa sakbiyene

0 komentar:

Posting Komentar