Blogger Widgets

Minggu, 02 Maret 2014

Karepan Pangus (geguritan tema tresna)


Semlorot lintang kauripan
Ngelangi tresna ing samudra samudana
Kang tansah nuhuni kekarepan
Remuk rempu mripat iki
Nuduh kamesten marang sliramu
Sliramu kang ngowahi ati
Kang wolak-waliki karepan
Uga kang tenan lahang kariban manis
Maju tatu mundur kebanjur
Awak kaku tresnaku selak luntur
Agawe ati sumiblak tanpa getir kanyatan
Gumintir bledeg neng tlatah awan cahyamu
Nggreget kemesten anggone ngenteni
Nanging, kuwi namung karepan pangus
Kang ora liya saka sajroning pikirku
Asih rak namung angin kang ngulandara
Tenan, Lumaku jeritku sajroning swara
Yen tenan kuwi pangasih jejodohku,
Nanging kanyatan ngomong sakprigel atimu
Lintang.. gawanen tresna iki
Kang menclok lunyu agawe semu
Amarga deweke rak tansah ngopeni asihku

0 komentar:

Posting Komentar