WUSANA KANG BEDA
Karya: Dina Deen
Sumilir bayu lumantarake sikil keloronku
tumuju menyang papan panggonan ana ngarepku. Papan iku wus kerep dakmangerteni.
Panase srengenge nyorot jelas marang pager wesi werna irenge. Dakbukak lirih
pager sing duweni werna asli coklat tuwa iku. Sepintas katon sepi ora ana wong
babar pisan. Kahanan sepine ora kaya pranyata sing ana ing jerone. Saya suwe
olehku mlebu ruwang-ruwangan ana ing kono kasil nemukake pawongan loro.
Kelorone lagi katon tugas jaga.
Wong sing siji katon isih nom-noman,
kaya saumuranku. Dheweke lungguh sinambi ngetak-ngetiki komputer. Komputer iku njinggleng
ana ngareppe. Wong lanang sawijine maneh
sibuk karo koran ing tanganne. Mripate katon minus. Olehe mirsani nganthi nyureng-nyureng
nggatukake alis keloron sing kandele ora jamak. Alis kandel iku marekake awakku
ngerti sapa priyayi iku. Langsung bae dakgawa awakku marang ngarep meja iku mau.
“ Sugeng siyang, Pak Jendra.”
Pak Jendra nylingak rada kaget nyawang
paraupanku. Dheweke sing pancen dhuweni watak sumeh merak ati ora butuh wektu
suwe langsung ngetokake eseman amba, “ Wah... Yanto, to? Sugeng siyang, sugeng
siyang... Lungguha dhisik kene. Kepriye kabare?”
“ Sae, Pak.” Ucapku sinambi ngulungake
tangan tengen kanggo ngajak piyambake salaman. “ Panjenengan dospundi? Kula
kinten sampun boten dines wonten ngriki.”
“ Lho, jare sapa?”
“ Kalih dinten kepengker kula uga
dhateng ngriki, nanging boten kepanggih panjenengan. Wekdal menika namung
pepanggihan kalih Pak Wirahadi.”
Pak Jendra ngguyu latah. Botol-botol
inuman plastik ing ngareppe disingkirake. Kulit-kulit kacang kosong disorok
karo tangane kanggo diguwak menyang kranjang sampah. Banjur tangane isih sibuk
nglempit koran nalika ngendikan marang awakku. “ Owalah, jebul tamu agung sing
dimaksud Wirahadi kuwi Yanto? Mesthi siki arep ngurusi perkara iku, to? Bocah
kok sajak seneng pisan urusan karo kantor pulisi. Mengko, mengko... dakgoletake
datane.”
Pitakonan tumpuk-tumpuk iku namung
dakjawab singkat, “ inggih, Pak,” sinambi mesam-mesem ora genah. Esemanku wektu
iku antara isin lan bingung njawabi pitakonane karo nutupi rasa canggungku.
Kepriye ora canggung, awakku wus kadung dicap beda dening Pak Jendra lan
kanca-kancane. Sinambi nunggu, mripatku lunga menyang ngendi-endi. Pas ana ing
sebelah tengenku isih mapan kursi sopa abu-abu. Kursi sopa metuan taun
sangangpuluhan. Wernane abu-abu, kagawe saka bahan kain kandel. Ngisore
disangga karo kayu jati. Akeh bagiyan kayune wus wiwit kropos. Kursi iku saiki
wus katon rada putih buluk. Salah sawiji kursine wus njomplang, kursi sing
mapan paling kiwa. Kursi iku njomplang kawit dina iku. Dina kawitane aku tepung
karo panggonan kana.
Pas ing wayah lingsir wengi, aku tiba
menyang kantor kanthi ditumpakake mobil pulisi. Mobil sing ana lampu werna
kuning iku ditumpaki kebak dening wong papat. Loro pulisi, siji kancaku, lan
sijine maneh awakku. Pak Jendra sing nuntun awakku menyang mobil karo sabar
pisan, nanging katon yen ana rasa nesu sithik. Sikilku namung lecet-lecet sithik.
Nanging tetep bae ana siji lukane sing cecel jero. Jare kancaku lukane wus kudu
dijait ora kanthi loro apa telu jaitan. Mula awakku ora daya mlaku dhewek.
Motorku rusak rada ringsek. Kepriye ora ringsek yen mlaku ana ing angka
sangangpuluh nganti satus nubruk saka listrik. Tiyang listrike ora kenapa-napa.
Nanging ujung- ujunge motorku gandheng karo awakku mlebu menyang selokan.
Motore kancaku siji iku uga nubruk
motorku nganti ngguling, mula dheweke melu mrene. Dheweke arep ngurus-urus bab
rusakke motore ing kantor pulisi iki uga bareng awakku. Untunge Doni, kancaku
iku, ora luka-luka, yen nganti luka aku uga sing mbayari brobate amarga aku
sing kawitan tiba lan dadikake dheweke kesandung.
Bubar tekan ing kana, Doni lan Pak Jendra
ndelehake aku ana ing sopa abu-abu. Sinambi ngrintih-rintih lirih, aku isih
keprungu cetha pitakonan-pitakonane pak Wirahadi lan pak Amin sing lagi ngrekap
data kacilakanku.
“ Apa jinise motormu iku?”
“ Harley Davdison, Plat K 2171 AW.”
Swasanane amleng, namung ana swara tak-tuk-tak-tuke mesin tike pak Wirahadi.
Pada kaya kahanan dina iki. Swara tak-tuk mesin tik isih ngancani lamunanku. Sanadyan
wus akeh komputer, nanging mesin tikke kantor pulisi iki isih dienggo.
“ Ora ana, To.” Pangucape pak Jendra,
nggugah lamunanku sanalika. “ Kepriye yah, jebul datane keformat kabeh.”
Batukku mengkerut, kuwatir tenan
yen suratku ora bisa metu. “ Lajeng,
saene kados pundi, Pak?”
“ Awakmu tenang bae, aku bisa nggawekake
maneh. ning awakmu nungguni luwih suwe maneh gelem tah ora, Yan?”
“ Inggih purun sanget, Pak. Boten
punapa-punapa. Malih etang-etang kangge ngobati raos kangen kula dhateng papan
menika.”
Pak Jendra ngguyu latah sebanter-bantere,
“ Lah wong kantor pulisi kok dikangeni, kowe lho aneh-aneh bae, Yan... Yan...
Yawis, tunggu sik ya, dakgawekake dhisik. Mrene nyilih KTPmu, nduk.”
“ Inggih Pak, sumangga menika KTPnipun.”
Ucapku sinambi ngecungke KTPku.
Nganti tumuju tekan ing ruwang buri, pak
Jendra isih dakkrunguni swara ocehane. Dheweke katon bungah pisan ketemu awakku
maneh sapet pirang-pirang taun suwene. Sing dakgumuni, piyambake isih kelingan
cetha marang awakku. Padahal sakjrone kenal dhewek, aku ngerti pisan yen Pak
Jendra iku wong lalinan. Kaya biyen nalika ngancani piyambake dines jaga rong
dina nurut-nurut. Esuke dina sepisan Pak Jendra katekan tamu nglapurake yen
kemalingan komputer. Wong sing umur patang puluh telu taun wektu iku wus ngiyani
bakal nglapurake marang kantor pusat langsung. Nanging esuke dina keloro, Pak
Jendra malah lali yen wong iku tau menyang kantor pulisi kanggo nglapurake
kemalingan komputer. Sajak malah nganti sewulan tambah lali nglapurake marang
kepala kepulisiane. Alesane amarga catetane ilang. Nanging aku bae isih
kelingan lan ngaweruhi kanthi cetha tulisan iku katempel ing papan kerjane
piyambake. Wus dakelingake kanthi kopang-kaping tetep bae laline. Beda karo
dina iki. Namung weruh paraupanku sakeplasan wus mangerteni yen iki awakku.
Padahal aku saba ing kantor dinesse pak Jendra
iku namung sekitar setengah sasi punjul sithik. Pancen dakurus tenan perkara
kacilakan iku mau. Kepriye ora dakurus, semanja-manjane awakku isih duweni rasa
tanggungjawab. Isih dakeling-eling tenan kepriye nganti telung sasi suwene
anggonku nggegrek duweni panjaluk motor Harley
Davidson. Nganti telung sasi suwene katon dadi mungsuhe wong tuwa keloron.
Namung amarga motor gedhe sing ringsek ora rupoa. Motro sing saiki wus ora ana
bathange.
Wong-wong padha ngomong yen aku iki
kalem utawa menengan. Nanging nalika wus duweni panjalukan kemudu-kudu kelakon.
Padahal awakku ngerti yen bapak lan ibuku lagi ora duwe duwit. Sawah
kaluwargaku lagi kena hama. Dodolan ning pasar uga untung-untungan anggone
payu. Mula kanca-kanca sakbrayanku nganthi sering mokal yen aku iki namung
cecak nguntal empyak, duweni gegayuhan kang ora timbang karo kekuwatane.
Watekku pancen atos, apa sing dadi gegayuhanku kudu kelakon. Nganti pungkasane
aku bisaa ngganti motor gedhe sing dakduweni sadurunge nalika tanggal kramatku
tumiba.
Nembelas desember motore teka. Jare
simbok kanggo kado ulangtaunku sadurunge aku lulus saka kuliyahku ing Jogja.
Nanging emane jebul motor iku namung seminggu umure. Rama biyungku namung bisa
ngelus dada. Doni lan kanca liyane uga namung ngunek-ngunekake motorku pungkasane.
Jare pancene dadiya motor kramat bae. Embuh kramat amarga wong tuwaku ora
ikhlas utawa apa aku ora patia paham.
Dakakuni aku dudu salah sawijine
nom-noman sing seneng trek-trekan utawa apa iku sebutane. Nanging duweni
kasenengan motor gedhe ya dudu kaluputan. Umur kuliyah kaya awakku ya pantese
pancen seneng adu gagah-gagahan motor. Kancaku sakbrayanan kabeh uga ora beda
kasenengane. Jare psikolog isih wayah saumuranku kuliyah iku ish wayah-wayahe
adu gengsi lan gaya. Motor gedhe iku salah sawijine gaya sing dimaksud. Sakliyane
dadi hobi, motor gedhe uga dingandeli bisaa dadi daya pikat dhewe kanggo
nyedhaki wong wedhok. Mula kadang nalika simbok lan bapak padha dukani awakku
amarga kakehan panjalukan, aku bisa mbela awakku kanthi alesan yen lagi jamane
kaya mengkana. Bedane namung ana ing watek lan sipat iki. Watek lan sipatku
sing atose ora jamak jarene simbok.
Pak Jendra sering aweh pitutur becik
saben aku lunga menyang kantor pulisi. Aku wus dianggep kaya dadi anak kandunge
dhewek. Ora gumun yen kamangka aku dadi apal papan-papan ing jero kantor pulisi
kana. Kantor pulisi sing resike ora jamak ya kantor iku. Ana taman cilik saknjerone
kantor. Sadurunge mlebu ing papan tralis wesi ana woh-wohan wit werna-werna.
Embuh iku wit rambutan, pelem, utawa anggur sing ngrayap ana ing dhuwur payon
bagiyan jero. Sipire ya duweni watek sumeh lan eman. Nanging sapet lulus aku
wiwit rada jarang dolan, malah sajak ora tau. Kahanane wus robah. Ana pira-pira
sipir cedhak sing wus dipindah dinese ora ana ning kana maneh. Kaya pak
Danyong, pak Syukur, pak Sigit, Bu Esti, lan sapiturute. Nanging aku seneng pak
Jendra isih ajeg ana ing kene. Dheweke malah sajak isih apal lan kenal apik
karo awakku. Kaya ora tau kepisah babar pisan. Pak Jendra, priyayi gagah sing
rambute wus sajak mutih. Nanging alis kandele isih cemeng. Priyayi sing saiki
isih sibuk dakgatekake mlangkah menyang arah papanku jejagongan.
“ Iki surate, lengkap karo tandatangan
lan stempele pak kepala.”
Lambeku mringis ngetokake untu-untuku
sing nderet rapi. “ Wah... maturnuwun sanget, Pak.”
Dakwaca kanthi setiti kertas sing
diwenehi saka Pak Jendra. Surat Keterangan Berkelakuan Baik unine. Janjane yen
padha ngerti urusanku bolak-balik kantor pulisi ora bakal dha ngandel yen
awakku pancen ‘Berkelakuan Baik’.
Dakguyu lirih, nanging namung ana ing ati.
“ Arep daftar PNS ngendi? Jogja bae, to?”
“ Badhe nyobi wonten Semarang, Pak.” Ujarku,
“ nyuwun berkah pandonganipun.”
“ Iya... iya...” Pak Jendra ngiyani
sinambi gedeg-gedeg ngguyu.
Batukku ganti mengkerut maneh, “ Wonten
napa ta, Pak?”
Tangane sajak ngelus-elus rambutku, padha
kaya kahanan pirang-pirang taun kepungkur. Pada isih nganggep awakku kaya
putrane dhewek. “ Jebul bocahku wus gedhe. Sing sukses ya, Nang. Aja
kalem-kalem olehmu ngajar yen besuk sida dadi dosen. Aja mundak dadi kacang
sing ninggal lanjaran. Lunga sedela mengko banjur lali marang awakku, marang
kantor sing dadi papanmu saba biyen iki...”
Aku ngiyani sinambi ngempet luh sing
karepe arep metu bae nalika weruh paraupane pak Jendra. Pangandikane pak Jendra
isih terus dakeling. Gusti iku cedhak tanpa senggolan, adoh tanpa wangenan.
Manungsa mung bisaa mohon, mangesthi, mangastuti, lan marem, tegese nyuwun
Gusti nyelarasake patrap lan ucap supaya tenan migunani ing urip salawase. Pancene
bener perkara iku kabeh. Tumiba ibarat kayata uler, menungsa uga nglakokake
metamorfosa. Kayata aku, pirang taun kepungkur aku ngadep ing kepulisian amarga
nakalku. Ngadep amarga pepenginan sipat kekanakkanku. Nanging saiki, pirang dina
maneh aku ngadep kertas lamaran PNS. Wus dudu wayahku lunga menyang Harley Davidson lan sapiturute. Kantor
pulisi iki kang nyekseni, kahananku biyen lan saiki. Aku metu saka kantor
pulisi, aku metu lan nglangkah marang owahing urip kang sejati.



0 komentar:
Posting Komentar