Blogger Widgets
Tampilkan postingan dengan label Cerkak. Tampilkan semua postingan
Tampilkan postingan dengan label Cerkak. Tampilkan semua postingan

Selasa, 09 Desember 2014

KEWIYAK
(niniklenyem)

Senajan mangsa rendheng, ning sasi Mei udane kok wis arang-arang tiba. Malah wis ana yen mung sepasar, udan blas ora ana.
Sore iku, bakda tutup bengkele motor lan mobil, Sukro njur tumuju gudhang njupuk selang sing dawane ora kurang saka rong puluh meter.
Slang di pasang ing kran pajokan teras, pucuke di ewer-ewer digawa neng pojok latar taman ngarep, arep kanggo nyirami pethetan.
Gaweyan iku tansah di tindakake saben sore yen ora ana udan. Kejaba kanggo nyirami latar supaya ora bledug, pethetan uga banjur katon ijo royo-royo tur seger. Ijone gegodhongan lan wernane kembang sing werna-werna bisa gawe resep ing pandulu.
Ora suwe Rama KRT Widyo Kusuma katon miyos ing pendhapa sing jembar lan ngengreng iku. Bareng pirsa Sukro siram-siram njur ndangu :
?Suk, mobile rak sehat ta ?? Gage Sukro wangsulan :
?Inggih Rama, mobil titihan pribadi kalih-kalihipun sehat, malah kala wau bibar kula serfis.?
?O ya sukur, merga sore mengko aku karo kamasmu Susmono rak arep lungan?
?Nimbali sopir mboten Rama ?? Sukro nanjih.
?Ora usah Suk, mengko kareben disetiri Susmono wae.?
?Menapa anggenipun tindakan kaliyan mas Susmono, Rama ??
?Iya mula kowe neng ngomah sing ngati-ati. Ibumu yen ngersakake apa ladenana, mbok Yah ben ngaso, wis tuwa mesakake.?
?Sendika Rama, ngestokaken dhawuh?. Bubar ngendika ngono Rama Widya banjur mlebet dalem ageng, Sukro gage nggulung slang. Sawise di kumbah banjur bali disimpen gudhang.
Sukro mono bocah sing nemu kabegjan, biyen dhek cilike anggone nemu raden mas Susmono mung ana rumah singgah anak jalanan, sing dikelola bapak Nyana Kasmodiharjo alias jenggot klabang.
Susmono sing isih SMP kuwi welas weruh bocah glandangan sing pinter nggitar lan nyanyi, mangka yen diwarahi apa-apa ya njur ngerti lan bisa .
Pak Nyana dhewe ya seneng karo Sukro. Ning ya ora pirsa, Sukro kuwi anake sapa, lan sing endi wong tuwane. Pokoke bocah kuwi kerep mapan ana rumah singgah, sing pancen disedhiyakake kanggo bocah-bocah jalanan.
Pak Nyana ya kawigaten banget marang bocah-bocah sing padha ora pati entuk kasih sayang mau. Pirsa apa bakate bocah jalanan kuwi, banjur disalurake neng bakate.
Mula ora mokal senajan nalika cilike katut-katut kancane dadi bocah glandhangan, ning bareng ditangani pak Nyana, diwasane ana sing dadi bengkel, pedagang sing ulet, penyanyi kondhang, lan dadi wong-wong sing mapan uripe.
Susmono sing mung putra ontang-anting kuwi njur matur keng Ramane, yen arep ngajak Sukro sing neng rumah singgah anak jalanan kuwi arep digawa mulih. Keng Rama lan ibune ya pareng, ning kanthi janji, Sukro kudu di dhidhidik dadi bocah sing pinter, nduwe ati luhur, sregep ing gawe. Denmas Susmono putrane ya nyendikani.
Ya wiwit iku, kanthi palilane pak Nyana lan saka karepe Sukro dhewe sing gelem, sidane Rama Menggung sekalihan ya karenan lan kersa nampa.
Saiki Sukro digolekake guru (prifat kanggo setingkat SD). Di ajari thek-kliwering pegawean ing ndalem Ketumenggungan. Omong padinan kudu ajar basa alus, semono uga bab unggah-ungguh tatakRama. Dhasar bocah bagus, lantip lan gathekan, Sukro sing biyen bocah glandhangan kumel kuwi, saiki wis malih, sasat ora ana tilase. Apa sing diwarahake enggal bisa, basane alus, tata kRamane genep.
Saking karenan penggalihe, Rama Menggung sekalihan kawiyos pangandikane marang Susmono putrane ngene :
?Sus !, piye yen Sukro kuwi tak sedulurake kowe ? Bocahe ya bagus, sumubarange yan ora nguciwani, pantes yen dadi adhimu.? Raden Mas Susmono manthuk-manthuk karo matur :
?Kasinggihan sanget Rama, kula remen sanget yen Rama kersa ngangkat putra dhateng dhimas Sukro. Dados Rama babar pisan anggenipun damel sae dhateng asanes, dhateng lare ingkang mboten mangertos asal-usulipun.?
Rama Menggung mesem, njur ngendika marang Sukro :
?Suk !, kowe krungu dhewe apa sing ndak rembug ngenani awakmu. Mula wiwit saiki kowe tak parengkake ngaturi Rama lan Ibu marang aku lan Ibu, lan nyebut kamas marang putraku Susmono. Ngerti Suk ??. Krungu pendangu ngono mau Sukro tumungkul, mrebes mili, bungah banget, ning ya kelara-lara. Ature :
?Sembah sewu nuwun ndara ….. e Rama, semanten gunging kasaenanipun Rama Ibu lan den mas ….. e kamas Susmono dhateng kula. Mboten langkung kula namung sendika dhawuh.?
Lan ya wiwit iku Sukro dadi kulawarga dalem Widyo Kusuman. Sawise lulus SMP Sukro nyuwun nerusake neng STM bag. Mesin, merga jarene kepingin bukak bengkel.
Kejaba sekolah, Sukro uga dikursusake montir. Wis ta nyuwun kursus apa wae sing positip, Sukro tansah dituruti dening Rama Menggung.
Dene Susmono sawise lulus SMA banjur kepingin nerusake kuliah, ning neng ngendi lan jurusan apa sing dipilih, lagi dipikir-pikir dening Susmono.
Durung wae nemu pilihan sing gumathok, ndadak Om Wicaksono rayine Ibune sing tugas neng kedutaan Indonesia ing Nederlan paring kabar yen Susmono sawise lulus SMA di dhawuhi nusul neng Holan arep di sekolahake. Merga putrane Om Wicak, wis rampung sinaune.
Susmono atine bungah banget, lan bab mau uga banjur diaturake Rama Ibune, sing mesthi wae njurungake banget yen Susmono saguh nglakoni.
Dhasar karep tur entuk pangestu lan panyengkuyunge Rama Ibune, Susmono mantep nusul Ome neng Holan kuliah neng kana. Sadurunge budhal, banget wanti-wantine marang Sukro adhi angkate, kandhane :
?Dhimas Sukro, aku pasrah Rama Ibu neng sliramu. Mangsa borong anggonemu njaga kasugengane, turuten apa kersane, estokna dhawuhe. Kabeh kahanan ndalem katumenggungan tak pasrahake marang sliramu ! Rampung sekolahku, aku ndang bali nge jawa maneh nunggu Rama Ibu lan bali ngumpul karo sliramu maneh. Poma dipomasaungkurku, sliramu aja nganti tumindak sing bisa gawe kucem asmane baraya Widya Kusuman. Piye dhimas, sliramu rak saguh ta ?? Karo tumangkul Sukro mangsuli :
?Sendika kamas, dhawuh penjengan kabeh bakal ndak estokake.?
Plong rasa atine Raden Mas Susmono, krungu wangsulane adhi angkate mau. Minggu candhake, Susmono sida budhal sumusul Ome neng Holan.
Lulus STM lan rampung anggone kursus montir, Sukro sida di gawekake bengkel mobil lan motor kanthi dibantu tenaga lima.
Sukro pancen temen lan tliti panyambut gawene, lan asile ya maremake. Durung genep telung sasi wis kemrubut wong sing padha nglebokake mobil utawa motor njaluk di serfis ing bengkele.
Kabeh mau ndadekake karenan penggalihe Rama Menggung Widyo Kusumo sekalihan.
Genep setahun usahane bengkel wis ketok banget undhake, alat-alate wis mundhak komplit, semono uga onderdhil-onderdil sing larang-larang regane uga wis ngadhep.
Ana unen-unen, yen tunggal jarak mono gampang mrajak, ning yen tunggal jati arang-arang sing semi. Semono uga wijining krokot, ditandura ing pot tuwuhe ya mudhun mlorot.
Ya embuh Sukro kuwi turase wong apa ora cetha, ora ana wong sing ngerti. Mula senajan di gula wenthah ing kalangane ngaluhur, ing sawijining wektu kok ya tuwuh watake sing kurang prayoga.
Kapercayan sing diparingkake, malah sisan di sabot sak sing nduwe, kanggo ngangkat dhirine.
Yen kenalan karo kenya-kenya ayu sing dheweke sir, yen ngenalke mesthi nganggo jeneng Susmono. Sapa ora ngerti karo Raden Mas Sasmono, putrane priyayi luhur sing kajen keringan kuwi. Kabeh wong ngerti lan ngajeni. Wektu kuwi Sukro lagi gandrung karo sawijining asisten apoteker sing ayu, sing jenenge Lilik.
Sajake kekarone wis keplok karepe, nyatane angger malem Minggu Lilik mesti di ampiri Sukro sing ngaku Susmono mau lunga ning papan-papan plesiran.
Gandheng yen Minggu bengkele tutup, Sukro bisa bebas lunga kanthi pamit, pawadan golek dagangan neng luar kota, sing regane luwih miring.
Mangka sejatine, mung nginep neng hotel-hotel larang nguja kesenengan. Lilik wis mantep banget kanthi janji-janjine Sukro sing menyakinkan, yen mengkone bakal diajak urip bebarengan. Nganti Lilik nate kawetu tembunge ngene :
?Mas, nek awake dhewe mung dolan-dolan, jajan, njur nginep neng hotel sing larang-larang ngene iki, rak malah boros, mbok ndang matur wae karo keng Rama, aku saguh kok dinikah saiki.? Kandhane Lilik polos.
?Mbok wis ta dhik, ngene terus ya ora papa, nikah ya nikah ning rasah kesusu?. Wangsulane Sukro.
?Mas, ning aku sing samar, merga awake dhewe wis mlangkah adoh, wis nindakake urip kaya dene wong bebojowan, mangka ora mung pisan pindho?. Wangsulane Sukro gage :
?We lha……… kowe ki rak wong ngerti obat ta, sing kanggo samu barang, yen kowe nganti isi, ya diobati …….. rak beres?. Kandhane Sukro entheng.
?Woouw ………….. yen ngono apa panjenengan kuwi mung arep nganggo dolanan aku mas ?? Kandhane Lilik kanthi mencereng.
?Ora…..ora…..ora dhik, iki mung guyon kok, yoh tak pikire, aku tak golek waktu sing becik kanggo matur Rama?. Bubar kandha ngono Sukro ngrangkul Lilik kanthi mesra banget.
Jurus-jurus rayuan gombale dicakake, ora wurung Lilik ya klipuk ing kekebane Sukro. Anggone ngujo nafsu bola-bali di ambali nganti tutug…. taneg …….
Wis rong sasi iki Likik telat bulanan, lan bab iki ya wis dikandhakake Sukro, dheweke ya saguh, ning jare lagi sibuk.
Ya wiwit iku Sukro malah blas ora mara neng omahe. Wis bola-bali Lilik neng bengkele pingin ketemu lan takon :
?Bos kemana ?? Ning angger-angger mung tenaga-tenagane sing mangsuli, yen lagi metu utawa keluar kota.
Lilik judheg, arep sowan neng daleme sing njenggarang kuwi ana rasa wedi. Ning piye, iki barang penting sing ora bisa diundur-undur wektune.
Kanthi ati di wanek-wanekake, Lilik mlebu regol lawang seketheng iku, tumuju ing pendhapa banjur mencet bel.
Ora suwe keprungu kumleseting sikil, mbok Yah abdi juru masak metu karo takon :
?Badhe pinanggih sinten jeng ??
?Badhe pinanggih mas Susmono mbok, kula punika calonipun.? Krungu ngono mau mbok Yah njomblak njur kami tenggengen, ature :
?Panjenengan calonnipun ndara den mas Susmono ndara Jeng ? O…. yen mgaten kula aturaken ndara NgGung sekalihan.? Mbok Yah gage mlebu dalem ageng, let sedhela Rama Menggung sekalihan miyos njur nyaketi tamu di lenggahake. Sawise paring salam banjur ndangu :
?Penjenengan punika sinten nak ?? Wangsulane Lilik :
?Kula punika Lilik, Rama, griya kula kampung Wukirsari, kula punika calonipun keng putro Susmono?. Rama Menggung sekalihan kejot njur ngendika :
?Susmono anak kula punika ?, piyambakipun rak sampun tigang tahun wonten Holan nak, wonten ngrika dipun sekolahaken Omipun. Menawi estu, kalih wulan malih nembe wangsul?. Lilik kaget, gage matur :
?Saestu kok Rama, kula punika calonipun mas Susmono? swarane semu groyok arep nangis. Bu Menggung banjur ngendika karo jumeneng :
?Sekedhap nak !? Bu Menggung mlebet dalem ageng, bareng metu wis ngasta album gedhe loro.
Album dibukak, gambar lembar sepisanan ana foto gedhe, dituduhake tamune karo ngendika :
?Lha punika fotonipun anak kula pun Susmono nak, punapa leres ?? Sawise di iling-iling Lilik matur :
?Sanes ibu, dede punika?. Bu Menggung banjur mbukaki album, ana fotone Sukro sing ukaran kartu pos. Lagi wae weruh foto mau, Lilik terus matur :
?Lha inggih punika, Bu?.
?O…. punika pun Sukro nak?, ngedikane Bu Menggung lega.
?Punika inggih anak kula, ning namung anak angkat. Inggih ketang panyuwunipun Susmono ingkang mboten gadhah sedherek, lajeng nyuwun dhateng Ramanipun tuwin kula, supados ngangkat lare punika kadadosaken adhinipun. Kula lan Ramanipun ugi nglegani?. Rama Menggung sambung :
?Punapa penjenengan kersa nak, mirengaken critanipun Sukro?, inggih lare punika?. Lilik sing isih njingglengi fotone Sukro kuwi manthuk, tandha saguh ngrungakake.
Rama Menggung kanthi tapis ngendikakake kahanane Sukro. Wiwit saka isih anak jalanan nganti diangkat putra, senajan tanpa sineksen ing negara. Tresna, lan pangrengkuh sarta gematine wis kaya marang putrane dhewe. Ning ora ngira, nek Sukro tegel ngapusi, malsu pribadhine kamase angkat, mung kanggo kemancerane dhiri.
Rampung critane Rama Menggung, Lilik crocosan mripate karo matur :
?Kadospundi inggih Rama, mangka kula sampun ngandheg kawan wulan punika kalihan mas Sukro ingkang ngaken mas Sukmono?.
?Sampun nak, manhkeh saget dipun rembag. Sukro nembe kula purih mendhet arta dhateng bang, kangge mbayar tenaga. Ngakenipun ketelasan arta kangge tumbas alat-alat lan kilakan onderdhil?.
Lagi wae Rama Menggung mendel, ing latar ana mobil mewah mandheg, Lilik ora pangling yen iku Sukro. Dheweke tumungkul ora ngawaske. Sukro ora ngerti yen tamune kuwi Lilik, mula ya banjur wae munggah pendhapa ngaturake dhuwit segebog olehe njupuk saka bang.
Dhuwit tinampa Rama Menggung, di etung cocok, banjur di seleh meja. Sawise iku banjur ngendika :
?Sukro !, kowe tepung karo tamu iki ?? Sukro ngawaske Lilik, sanalika tumungkul, cahyane katon pucet, meneng ora mangsuli. Rama Menggung katon duka, sepisan maneh ndangu :
?He Sukro ! kowe ora mangsuli kuwi apa budheg ? Jenengmu kuwi Sukro apa Susmono ? Ngapa kowe nyandiwara ? Kowe wis tumindak culika karo tamu iki, rumangsa ora ? Kowe kudu tanggungjawab karo tumindakmu !?
Saknalika Sukro menyat …. ndho-dhok karo ngruket sampeyane Rama Menggung, karo nangis mingsek-mingsek ature pedhot-pedhot :
?Rama kula ngakeni lepat ageng…………… kula ngrumaosi dosa …………. kula nyuwung pangapunten wonten ngersanipun Rama tuwin Ibu, lan kamas Susmono. Rama ….. Ibu……… sepisan malih kula nyuwun pangapunten.?
Sukro saya kenceng pangrukete lan saya tumungkul meh ngambung jrambah. Lan saiki nguculi pangrukete, ganti nyembah-nyembah ing ngersane Rama Menggung sekalihan karo nangis ngaru wara.
Semono uga Lilik uga katut nangis mingsek-mingsek. Rama Menggung runtuh welase, Sukro di junjung, banjur didegake. Ora sranta Sukro rinangkul karo ngendika :
?Yoh yoh …….. wis Sukro …….., luputmu wis tak apura, ning kowe kudu tanggung jawab karo nak Lilik iki?.
?Inggih …. inggih …… Rama, senajan Rama nundhung kula, dhawuh kesah kula, ning kula tetap badhe tanggel jawab kalihan dhik Lilik?. Kanthi raos trenyuh Rama Menggung ngedika :
?Ora Sukro, aku ora bakal nundhung kowe, cukup kowe janji yen ora bakal ngambali tumindakmu sing uwis-uwis?.
?Ngertiya ya, yen wektu iki nak Lilik wis ngandhut wijimu patang sasi, mula kowe kudu enggal-enggal ngresiki srana nikah sah?.
?Inggih ……… inggih Rama, kula namung sendika dhawuh, kula saestu ngrumaosi lepat?. Ature Sukro karo mlupuh-mlupuh ngrumangsani lupute. Rama Menggung genti mirsani Lilik karo ndangu :
?Kados pundi nak Lilik ?? Lilik mung manthuk-manthuk nyendikani dhawuh, karo isih crocosan mripate. Rama Menggung ngendika :
?Sukro ! wong umuk, songar, goroh, gumedhe, kumalungkung, ngapusi ngono kuwi, kabeh ora becik. Wis ta senajan ditutupana kae, barang ala kuwi, sawea kae mesthi bakal kawiyak?. Sukro lan Lilik pandeng-pandengan, batine mbenerake ngendikane Rama Menggung.
T A M A T


Sabtu, 06 Desember 2014

Gendheng
(niniklenyem)

Pak Teguh wis nganti judheg olehe ngandhani anake ya Marsiyah, sing saiki lagi kedanan Truno Mblubut, lengganane sing ajek setor dagangan serba macam, asil olehe gresek.
Pak Teguh pancen ya seneng karo bocah kuwi, merga dagangan sing disetorke ajeg wis dipilah-pilah saka ngomah, seje karo kanca-kancane sing yen setor semrawut.
Dhasar wis neng pawuhan isih diorak-arik, mula ora mokal yen kesane omahe pak Teguh ya ora resep. Iringan omah kiwa tengen kebak kertas, kerdhus, wesi-wesi naiyeng lan werna-werna barang gresek.
Pancen, wis limang taun pak Teguh njuragan barang-barang asil gresek saka pemulung-pemulung, sing wis dadi langganane saben ndina setor. Maune pak Teguh ya pemulung kaya wong-wong kuwi, nalikane anak-anake Marsiyah lan Martono isih padha cilik-cilik.
Ya merga saka tawekele suwe-suwe malah bisa dadi juragan. Ana yen mung wong seket sing padha setor ing saben ndinane klebu Truno Mblubut. Bali sekolah, sing saiki wis ana S.M.P. klas telu kuwi, Marsiyah ngrewangi nimbangi lan nampa setoran barang-barang mau saka sing padha setor. Dene Martono, senajan lagi S.M.P. klas siji, ning wis bisa dikongkon setor neng juragane, ngetutke cole bapakne sing disopiri pak Sakur.
Kejaba bisa nyopir, wong kuwi uga mitra kerjane pak Teguh wis wiwit dhek isih bareng padha dene nglakoni lara lapa. Pak Teguh lan pak Sakur padha dene wong jujur lan polos atine, mula tekan saiki wis tuwa ya langgeng olehe padha memitran.
Marsiyah, merga kerep ngrewang-ngrewangi wong tuwane, mula banget apal karo wong-wong sing padha setor neng ngomahe, lan ya akrap olehe padha srawung.
Prawan sunthi sing nembe mekar kuwi, padha ditresnani karo pemulung, kejaba bocahe ayu grapyak sumanak, panukune barang-barang senajan mung kacek satus rong atus, luwih dhuwur tinimbang bapakne.
Truno kuwi bocahe nggantheng tur nggrecek pinter micara, mula suwe-suwe dadi akrap lan cedhak srawunge karo Marsiyah.
Yen ngerti Marsiyah sing nampa, barang-barange, mesthi sing isih layak, durung wangun dibuang, upamane awak-awak pit, setang utawa bagian-bagian saka onderdhil motor, sing kerep-kerep mung barang bekas sing dudu asil gresek.
Mula tampane dhuwit ya ora kaya kanca-kancane. Malah ing sawiji dina Truno nggawa mesin tik, jare olehe nuku duweke bocah kos sing ketelatan kirimane dhuwit saka wong tuwane.
Neng ngarepe Marsiyah dijajal dening Truno isih apik, mula kandhane :
?Dhik Yah, barang iki isih apik, apa kowe ora kepingin bisa ngetik ?? Wangsulane Marsiyah sing wiwit ketarik :
?Ya seneng, mas, ning sapa sing marahi ?, aku rak durung tau nyekel lan durung ngerti piye carane ?? wangsulane Marsiyah jujur.
?Walah, dhik, gampang kok yen wis ngerti, mengko aku saguh ngajari yen dhik Yah kepingin bisa lan gelem.? Kandhane Truno nawakke jasa.
?Wah ya gelem banget, mas. Kapan mas Truno gelem ngajari ?? kontan Marsiyah nantang.
?Ya kapan karepmu dhik, aku manut.? Kandhane Truno sumaguh.
?Ya wis ngene wae mas, mesin ketik kuwi tak tuku tak batheni. Biyen pira olehmu nuku saka bocah kos kuwi ??, pitakone Siyah ndhedhes.
?Olehku nggenteni mung telung atus ewu kok dhik, nek arep mbok enggo dhewe, wis ta gantenen dhuwitku, ora usah mbok batheni.? Kandhane Truno ketok olehe apikan.
?Mas, ning ngene ya !, gandheng mesthi wae iki dhuwite bapak, wong aku durung bisa golek dhuwit, mesin tikmu tak genteni apa kandhamu, ning kowe aja kandha bapak yen semono. Nek ditakoni kondhoa wae nek tak tuku satus ewu, piye ?.?
?Ngono ya prayoga dhik, muga wae pak Teguh ora ngurus,? kandhane Truno sumaguh. Transaksi dumadi. Dene mesin tik karo Siyah banjur dilebokake ing kamare, ora dimor barang-barang dagangan liyane. Atine wiwit mbayangake, mendah mengko senenge yen dheweke wis bisa ngetik. Ning njur kapan Truno anggone arep wiwit ngajari, mergane yen Siyah ditakoni, kapan wiwite Truno ngajari, wangsulane suk-suk ngono wae. Sejatine Siyah wedi arep kandha blaka karo wong tuwane.
Ing sawijine sore, ana tamu kongkonane pakdhene sing omahe Bandung ngabari, yen pak Teguh sekaliyan diarep-arep tekane ing Bandung saperlu dijaluki donga pamuji, lan nunggoni, anggone bakal ngijabake anake wadon, seminggu maneh. Syukur bisa teka sadurunge tempuking gawe, dadi bisa dienggo tetarenan utawa diajak rembug pikir.
Tamu kongkonane pakdhene mau nginep sewengi, esuke bali. Saungkure tamu kongkonan kamase mau, pak Teguh lan bojone banjur padha rembugan mungguh anggone bakal menyang Bandung nyumbang kakangne sing arep mantu.
Anak-anake Marsiyah lan Martono uga padha ngrungokake rembugane bapak lan embokne. Kandhane mbok Teguh :
?Pakne, ya senajan isih padha cilik, sing teges durung diwasa tenan kaya si Marsiyah kuwi, ning ya wiwit diwarahi tanggung jawab. Apa mentala nek kabeh mangkat neng Bandung njur ngomah suwung ? Mesthine rak ya kudu ana sing tunggu omah. Syukur nek pakne wae karo bocah-bocah sing budhal, aku tak tunggu omah. ?Ha nek ngono kuwi omongane wong ora genah, mbokmu. Sing sedulur tunggal welat karo kang Wiyono kuwi sapa ?, rak ya kowe ta ? Aku kuwi rak mung kadang katut. Patuta, rak aku sing keri ana ngomah.? Kandhane pak Teguh semu ora keduga.
?Lha ya kuwi pak, sing aku kandha, nek bocah-bocah kuwi wiwit diajari tanggung jawab. Karepku, Siyah lan Tono tunggu omah, perkara olehe nampa setoran barang gresek kuwi prei rak ora dadi apa.? Mbok Teguh ndunungke. ?Nah ? nek ngono, aku setuju, sebab sing diarep-arep mesthine rak kowe karo aku, dudu bocah-bocah.? Wangsulane pak Teguh kalegan. Wusana kandhane mbok Teguh marang anak-anake.
?Yah ? Tono !, kowe rasah melu, ning tunggu omah, paling-paling bapakmu karo aku rak neng kana mung telung ndina, sepasar nggo menyang mulih. Gelem ora, wong iki ki nyumbang, dudu plesir.? Marsiyah lan Tono mung dha ngawaske mbokne ning ora wangsulan. Wusana kandhane bapakne :
?Iya nok, le, kowe ajar tanggung jawab neng ngomah, mengko bapak tak kandha pak Sakur, yen sela ben ngendhangi mrene. Gelem ta ?.?
Marsiyah manthuk. Ngerti mbakyune manthuk, Tono ya njur melu manthuk-manthuk tandha saguh. Pak Teguh mbacutke kandha :
?Yah, sabalimu sekolah, nek wis ngaso, nek ana wong setor dagangan sing empeh-empeh rak bisa ta nampa ?.?
?Bisa, pak, nek prei ndhak njur nglangut.? Krungu wangsulane Siyah bapak mbokne katon bungah.
?Nek ngono, mengko tak tinggali dhuwit sawetara, manganmu cukup tuku wae.? Kabeh sarujuk karo rancangan mau.
Bengine Marsiyah mikir-mikir, ya iki wektu sing apik banget kanggo nekake Truno teka neng omahe, saperlu ngajari ngetik. Dina budhale pak Teguh lan bojone neng Bandung, wis dikandhakake dening Marsiyah marang Truno.
Sore saungkure wong tuwane, Truno dikon teka ing omahe wiwit sida ngajari ngetik. Truno dikandhani ngono mau atine seneng banget. Dhasar wis suwe anggone nduwe sir marang prawan sunthi anake juragane kuwi.
Bar surup Truno teka tenan, ditanggapi dening Siyah kanthi bungah. Dheweke banjur ngetokke mesin tik saka lemari petunggone diseleh meja sing sok dienggo nyatheti barang-barang setoran.
Truno lungguh karo ngetokke kertas amba, sing wis digambari driji-driji tangan, sing pendhak driji ana hurufe dhewe-dhewe. Jare driji-driji kuwi nduwe tugas mejeti tut mesin tik sing cocok karo gambar sing ana driji. Dadi driji sepuluh kuwi nduwe tugas beda-beda. Marsiyah durung mudheng ning nggatekke banget, ketang kepingine bisa. Truno anggone ngajari saka wiwitan. Saka mbukak, nutup lan ngunci mesin tik. Bubar iku masang kertas, pangaturan sepasi, pasang pita lan sapiturute. Ngono mau dibolan-baleni nganti apal.
Bubar iku lagi ajar miwiti ngetik, ngapalake huruf sing ana sing driji. Marsiyah sajakke katrem banget, nganti wis rong jam durung krasa.
Truno semono uga, batine, mbok ya nganti jam pira ta wis, dheweke panggah ngancani. Apa maneh bisa bola-bali nyekeli tangan lan drijine Siyah bebas ? atine bungah banget.
Lagi nengah-nengahi sinau, keprungu swara motor neng latar sing mesine dipateni. Gage dening Marsiyah ditoni, jebul pak Sakur sing ngendhangi dheweke kaya welinge bapakne.
Pak Sakur nggawa gorengan bakwan lan mendhoan sing banjur dipangan bareng-bareng. Tono sing lagi sinau uga banjur nimbrung. Swasana dadi gayeng, merga pak Sakur wis kaya keluarga mungguhing anak-anake pak Teguh. Karo nyokot bakwan pak Sakur takon :
?Mesin tik olehmu saka ngendi yah ??.
?Nggih angsal kula numbas gadhahane kang Truno niki, pak?. Wangsulane Siyah blaka. Pak Sakur banjur ngiling-ngilingi mesin tik kuwi karo kandha :
?Iki isih apik kok, ora wangun yen barang rongsok. Olehmu saka ngendi No ??
?Angsal kula numbas lare kos sing telat kintunane arta, pak,? wangsulane Truno.
?Mbok genteni pira Yah ??
?Seket ewu, pak?, wangsulane Siyah karo ngedhepi Truno sing dikedhepi tanggap. Pak Sakur ngandel, dheweke banjur njupuk dhompete saka sak, ndudut atusan ewon siji karo kandha :
?No, nyoh tak batheni, barang iki murwat yen diaji satus seket ewu, ning ya kuwi janji, iki barang resik lho !? Dhuwit ditampani karo kandha :
?Inggih, pak, saestu kok punika.? Siyah meneng wae, mung batine kandha yen mesin tik kuwi saiki wis dadi rega larang, patang atus ewu. Ning ya wisben, angger dheweke bisa ngetik. Bareng wis sawetara, pak Sakur kandha katujokake Truno :
?No, iki wis jam wolu kliwat, mengko jam sanga kowe bali, sesuk sinau maneh. Mergane Siyah lan Tono sesuk rak mlebu sekolah.?
?Inggih, pak ,? wangsulane Truno lirih ketok yen gela, pak Sakur banjur pamit mulih, wanti-wanti marang Siyah lan Tono, yen jam sanga kudu wis padha mapan turu. Bocah-bocah padha saguh, wedine kaya karo wong tuwane dhewe.
Wiwit ngerti theorine diwarahi Truno, Siyah tansah ngapalake neng sadhengah papan, luwih-luwih yen neng ngomah pinuju sela, tansah ngundher wae karo mesin tike. Nganti telung sore, angger bubar surup Truno mesthi teka neng omahe Siyah nunggoniolehe sinau ngetik.
Dhasar bocah gathekan, lima ing antarane drijine wis apal karo prenahe tut huruf mesin tik. Ewa semono dening Truno, isih wae dipernah-pernahke, supaya bisa tansah nyenggol-nyenggol Siyah sing saya gawe gonjine atine kuwi.
Genep sepasar, wong tuwane wis padha bali. Nalika bapakne weruh Siyah thak-thuk ngapalke ngetik, banjur ditakoni saka ngendi lan sapa sing ngajari. Siyah wangsulan blaka. tumuli kandhane bapakne :
?Nok ? yah, kowe kudu ngati-ati srawung karo bocah kuwi ya, wong tuwane wae wis judheg merga saking nakale. Saiki wis dijarke nganti ora sekolah, mangka ya wis S.M.A, gek arep ujian pisan.
Kenakalane ora lumrah, kejaba seneng teler, uga nyrempet-nyrempet tindak kriminal, seneng colong jupuk duweke liyan. Rehne kowe wis diajari dhasar, mula saiki latihan terus dhewe wae, yen perlu kursus.?
Siyah ya saguh nglegani bapakne, ning genea atine tansah kelingan karo jaka nggantheng Truno sing micara lan supel kuwi ? apa maneh nalika dina sing kalima (pungkasan), merga jare bapakne sawayah-wayah bali, Truno dikon uwis lehe teka ngajari. Wektu kuwi nganti jam sewelas bengi, Truno lagi pamit bali.
Nalika nguntapke tekan lawang, ndadak Truno nyikep ngrangkul kenceng Siyah, banjur diarasi bola-bali, Siyah maune brontak, ning wusanane ya mung njur pasrah, merga krasa nikmat.
Mekaring kadiwasane kaya-kaya pancen mbutuhake iku kabeh. Ya wiwit kuwi, Siyah tansah ana rasa kangen karo Truno.
Ya ing wektu Truno setor-setor barang kuwi, bocah loro mau padha kencan, ana ngendi olehe arep padha ketemu. Nganti setaun Siyah lan Truno pacaran ning wong tuwane ora padha ngerti.
Truno mono bocah nakal, sing karo kanca-kancane nganti diparabi Truno Mblubut. Merga apa karepe, senajan kanthi dalan apa wae mesthi ditempuh.
Truno ngerti yen wong tuwane Siyah, padha ora seneng karo sesambungane dheweke lan anake.
Ning Siyah dhewe sing tansah seslimpetan, ngupaya wektu supaya tansah bisa sapatemon karo jaka bagus Truno.
Saiki Siyah wis neng S.M.A. klas loro. Sejatine wiwit kenal Truno, sekolahe dadi kendho, biji rapote ajeg pas-pasan, waton katut munggah lan lulus. Ana unen-unen, rapeta dikaya ngapa, nyinggahke bathang suwe-suwe bakal mambu. Semono uga kahanane Siyah.
Keri-keri iki dheweke kerep lara, ora doyan mangan, kerep mutah-mutah, yen ditakoni jare masuk angin. Ning meneng-meneng pak Teguh ngaturi dokter, diaturi mirsa anake.
Kaya ngapa kagete, bareng dokter ngendika, larane Siyah merga ngidham. Bareng diteter bapak mbokne, karo sapa olehe wis tumindak, Siyah blaka yen karo Truno.
Mula gelem ora gelem, pak Teguh sing sengit banget karo Truno kuwi, kepeksa ngijabake anake karo Truno sing mblubut kuwi, kanggo nutupi wirange anake.
Dene Truno ngayang batin bungahe, merga bisa dadi bojone Siyah sing wis suwe olehe nggandrungi.
Gandheng Siyah wis kulina ngrewangi wong tuwane nukoni barang-barang gresek, mula dening bapakne terus dipawiti dikon madeg dhewe. Omah gedhe diparo srana disingget triplek.
Sing marep ngidul dienggoni wong tuwane, sing marep ngalor dienggokke Siyah karo bojone. Truno mung pawitan badan sepata.
Setaun-rong taun usahane katon mekar, ning suwe-suwe watake Truno sing asli saya katon.
Saiki wis kerep lunga bengi, apa maneh bareng Siyah, anake cilik, Truno sabane neng warung remeng-remeng golek kemareman semu.
Nampa dagangan, gaweyan ngomah, sasat kabeh ditandhangi Siyah dhewe disambi momong. Gandheng wis bawa dhewe, wong tuwane ora pati nglegewa yen anake ketekuk ringkel kabeh ditandhangi dhewe, ya mung kala-kala ngrewangi momongke putune.
Keri-keri iki Siyah krasa, yen dhuwit dagangan simpenane kok kalong mbaka sithik. Sapa maneh sing njupuk yen dudu bojone ? Ning nalika Siyah takon, Truno malah nesu. Ora mung ngono iku, ning ya karo njambak, ngeplak, cengkilinge metu, lan njur dadi pakulinan.
Siyah ora tau kandha wong tuwane, kabeh diampet mundhak saru, dhasar biyen bapakne wis wanti-wanti menging srawung karo Truno, ning Siyah nekat. Ya iki entuk-entukane.
Yen kelaran merga diajar sing lanang, siyah mlebu kamar, olehe nangis ditutupi bantal supaya ora keprungu wong tuwane. Dhuwit dagangan, saiki tansah digembol, wong sing disimpen nyatane entek, mangka Truno ora tau ngayani kepara malah ngrusuhi, ngentek-entekake.
Sawijining wektu, ing wayah awan, Martono sekolah kaya adate, pak Teguh karo bojone lunga layat neng tangga desa, ngomah dipasrahake Siyah, kandhane bapakne :
?Nok, Siyah, titip ngomah sedhela, aku karo mbokmu arep layat.?
?Iya, pak, ngomah tak awat-awatane.? Wangsulane Siyah sumaguh. Truno krungu kabeh mau. Rehne arep ngumbahi, anake dicekelke bapakne, Siyah njur neng sumur ngumbahi, sing sadhabreg akehe kuwi. Watak culikane Truno kumat. Nyambi nggendhong anake, Truno mlebu omahe maratuwane, nyedhaki meja, sing lacine isi dhuwit dagangan. Bareng dibukak ora kena, banjur golek drei diongkel-ongkel.
Nalika Truno lagi nyongkel laci meja kuwi, Tono pas mulih sekolah arep mlebu ngomah. Jegagik, dheweke banjur bali mundur, nylingker mlebu omahe Truno nggoleki mbakyune, ketemu ana sumur. Gage kandhane :
?Yu Yah, galo kang Truno nyongkel laci mejane bapak wadhah dhuwit.? Gragap, Siyah noleh prenahe adhine terus ngadeg marani lan nyatakke kandhane adhine. Eman, Truno sing ngajak anake wis ora ana, ning bareng ditiliki, laci wis gampang dibukak lan isine mung keri ora mingsra. Tono lan Siyah inget-ingetan, njur piye mengko yen wong tuwane bali ? Tenan ? ora suwe pak Teguh lan bojone bali, siyah terus kandha apa anane dikuwati adhine. Kandhane pak Teguh :
?Wis-wis Yah ? Tono, mengko bapak sing arep takon dhewe.? Lagi wae padha meneng, Truno bali nggendhong anake sing wis turu, terus diturokake. Pak Teguh nyedhak alon-alon karo takon :
?No, apa kowe sing mbukak laci meja wadhah dhuwit ??
?Mboten, wong kula kesah momong, nggih nembe mawon kula wangsul niki.? Truno selak.
?Kang, aku mau weruh kok nalika kowe nyongkel.? Tono sumambung. Siyah numpangi kandhane adhine :
?Sapa maneh kang, yen dudu kowe, wong singgahanku ya wis ledhis mbok jupuki.? Krungu tembunge sing wadon sing thok-leh ngarani, Truno mungkat nesune. Nyedhaki bojone, terus ngampleng sak rosane nganti Siyah ngleyang tiba klumah.
Tibane Siyah, sirahe natap umpak saka dadi lan semapute.
Wong saomah ribut, ndadekke tangga teparone padha teka. Siyah langsung digawa neng rumah sakit.
Sedina sewengi Siyah lagi sadhar, sambate ngaruwara, lan kandha yen wis ora kuwat dadi bojone Truno merga olehe saben dina ditangani. Sedulure sing ana Bandung teka, lan bab iki banjur dilapurake polisi. Sepisan bab pencurian, pindhone bab penganiayaan. Truno banjur dijupuk dening polisi ditahan, sing mengkone bakal diajokake neng sidang pengadilan. Dening pengadilan sidane dheweke diputus ukum kunjara patang taun. Sadurunge mlebu ukuman, Siyah njaluk pegat kanthi resmi, dene anake bakal dirumat.
Wektu wis lawas kawuri, ing dalan sacedhake omahe pak Teguh, warga kono sok weruh wong lanang edan kluyar-kluyur sandhangane kumel, rambute dawa sageger.
Brengos lan jenggote ngewok, lambene ndremimil ora cetha. Malah keri-keri iki, wong edan mau wis mblejut tanpa awer-awer, gek senengane mlayu-mlayu.
Dadi ya gombar-gamber kaya jaran negar, apa maneh yen weruh wong wadon enom, barange mau dituduh-tuduhake, gawe gilane sing padha kepethuk lan weruh.
Ing antarane warga mau ana sing nyetitekake, jebul wong edan mau Truno Mblubut sing wis metu saka kunjaran ? ning saiki pikirane wis ora waras alias ? gendheng. Ya kuwi oleh-olehane wong sing tansah tumindak ngetut bruwalaning ati.
?

?TAMAT?