Blogger Widgets
Tampilkan postingan dengan label Pranatacara. Tampilkan semua postingan
Tampilkan postingan dengan label Pranatacara. Tampilkan semua postingan

Senin, 08 Desember 2014

Atur pambagyaharja

Nuwun , sanggyaning para tamu kakung putri ingkang dhahat sinudarsana.
Pamangku gati nun inggih panjenenganipun Bp/Ibu................. rumaos bombong, mongkok lan bingah,hawit rawuhipun para tamu ing siang menika , ngantos mboten saged matur pribadi wonten ngarsanipun para tamu sedaya. Pramila ing kalenggahan menika nyaraya /nuwun tulung dhumateng panjeneganipun Bp.................kinen aturpanuwun lan pambagya harja dhumateng para tamu , katur panjenenganipun Bp.....kasumanggakaken, nuwun.


(Wedharan)
Tanggap wacana saking Bapak Lurah
            Tatas titis pangadikanipun ingkang hamengku gati ingkang dipun sulihi Bp..............
Para tamu kakung putri ,ing kalodhangan punika ugi , pamengku gati nyuwun gungan dhumateng Bapa Lurah ing ...................ingkang menika katur panjenenganipun Bapa Lurah, kasumanggakaken.

(Tanggap Wacana )
Ular-ular/sabdatama
            Para tamu kakung putri ingkang winantu ing kamulyan.
Yektos luhur sanget pangadikanipun Bapa Lurah..............ingkang dipun paringaken dhumateng sri penganten , mugia nambahii pangertisan mliginipun dhumateng sri atmaja pinanganten.
Titilaksana selajengipun nun inggih ular-ular, sabdatama inggih wasitaadi ingkang badhe keparingaken dening panjenenganipun....................ingkang menika kula sumanggakaken.

(Wedharan)
Donga/ hastungkara
            Yayah lumampah ing wanci panglong kapapag obor sewu temah padhang tetrawangan sri penganten sareng nampi sabdatama / wasita adi saking panjenenganipun Bp........kanthi adicara ular-ular menika ateges pawiwahan / pahargyan ing siang menika ndungkap paripurna. Pramila ingkang menika mangga-mangga kula lan panjenenganipun Gusti Allah SWT, dene lampahing pawiwahan siang /dalu menika lancar gangsar nir ing sambekala. Kanthi menika kasuwun dhumateng al mukharom Bapa KH...........kasuwun mandhegani hastungkara, kasumanggakaken.


(Wedharan)
Panutup
            Para priyagung kakung putri , mudha wreda minulya ingkang kinurmatan.
Sampun paripurna lumampahing titilaksana pawiwahan ing siang menika. Kula ingkang minangka pranatacara /pambiwara,pun ..........................tamtu kathah lepat saha kirangipun, pramila nyuwun agunging pangaksama.
Paripurnaning gati mangga sami asesanti:
SURA DIRA JAYANINGRAT LEBUR DENING PANGASTUTI . SING SAPA MBIBIT ALA ING KONO WAHYUNE BAKAL SIRNA. Nuwun.
Wassalamu alaikum wr.wb

Sabtu, 06 Desember 2014

Atur besan mertuwi /besan rawuh



Para priyagung kakung putri ingkang tansah winantu ing suka basuki.
Inggih awit sih rahmating Gusti Ingkang Maha Mirah lan Asih miwah donga pangestu panjenengan , titilaksana upacara temon/ panggih sampun kalampahan kanthi lancar gancar nir ing sambekala.
Menggah titilaksana adicara selajengipun  nun inggih besan mertuwi utawi besan rawuh.
Kanthi menika kasuwun dhumateng panjenenganipun Bp/ibu  .............methuk rawuhipun besan Bp/ Ibu................Kadherekaken  lumebet ing papan wiwahan , kanthi kinurmatan ungeling Ldr .Sri Widodo

SUNGKEMAN
Para tamu kakung putri ingkang dhahat bagya mulya.
Saksampunipun Bp/aiabu............rawuh lan pinarak lenggah, daya-daya sri penganten badhe sungkem wonten ngarsanipun rama lan ibu, esthining manah mugi-mugi anggenipun mangun bale somah tansah manggih berkah saking Kang Maha Mirah, kanthi kinurmatan ungeling Ldr . Mugi Rahayu.
“Lamat-lamat kapyarsa ungeling Ladrang mugi rahayu, hangiring dhumateng rama lan ibu. Saksana jengkar saking lenggahipun risang pinanganten , tumunten kalolos dhuwungipun menapa dene canelanipun. Sak tebah ambane sigra temanten sakrimbit sampun sembah jaja, lan tumunten lumaksana angeka padha (laku dhokok) marak sowon dhumateng ngarsanipun Bp/Ibu...............................................
Saksampunipun dumugi ngarsanipun rama lan ibu ,sigra lenggah timpuh wadana tumungkul hamarikelu muka yayah konjem ing bantala. Ponang asta nyungkemi dhateng jejengku kanan ingkang rama lan ibu.
Sepisan : Sri penganten ngaturaken sembah pangabekti dhumateng rama lan ibu, awit tiyang sepuh menika ibaratipun Gusti Allah ingkang Katon
Kaping kalih:Penganten ugi nyuwun pangapunten dhumateng rama lan ibu awit wiwit aalit nganti samangke kathah dosanipun, kayata : anak kuwi sok wani karo wong tuwa , brengkele , lan menange dhewe.
Kaping tiganipun : nyuwun pangestu kaliyan rama lan ibu , mugi-mugi anggenipun mangun bale wisma , manggih kamulyan,kawidadan, tebih saking rubeda lan sambekala.
Kaping sekawan:ndongakaken dhumateng rama lan ibu , mugi-mugi tansah pinaringan bagas waras , panjang yuswa ,satemah saged mirsani dhumateng putra ,wayah,sukur bage buyut
Nalikanipun Bp/Ibu .....................................dipun sungkemi kang putra,sigra karangkul sri penganten kekalih sarwi angelus-ngelus rikmanipun,angepuk-ngepuk pundhakipun.
Jroning batos Rama Ibu tansah hanyenyuwun dhumateng ngarsaning Gusti Ingkang Maha Welas lan Asih mugia tansah paring panganyoman dhumateng sri atmaja penganten.
Nalikanipun temanten sami sungkem dhumateng rama ibu , temah ambabar daya pangaribawa .swasana dados dhedheep tidhem , ron-ronan datan obah , samirana dalan lumampah.
Sekar-sekar sami megar maweh ganda arum mangambar-ambar, kaya-kaya asung pakurmatan dhumateng sang pinanganten.
Sedaya para tamu kakung putri , para pinesepuh sesepuh sami trenyuh mirsani penganten ingkang nedheng sungkem dhumateng sang pinanganten.



Ing mangke sri temanten gentos sungkem dhumateng Bp/Ibu.................
Nalikanipun temanten sungkem sakala Bp/Ibu...................nggregel trenyuh ngondhok-ondhok jronoing manah, ngantos mboten karaos medal eluhipun , temah tumetes dhawah ing pangkon pindhane kados mutiara ingkang dhawah.
Rumaos bombong mongkong lan bingah ............dene sri penganten sampun jumbuh lan gambuh gegayuhanipun. Sarwi dipun weling :
“ooh anaku ngger.......................lan........................Bapak lan ibumu rumangsa bungah, bombong lan mongkok, nyawang sliramu sakloron kang wus kelakon gegayuhanmu. Tak dongakake dadia wong lanang sejati , wong lanang kang bisa ngayomi, ngayemi lan ngayani marang garwa lan putramu kabeh. Sing welas lan asih ya nggeeeerrrrr.......
Smono uga putraku bocah ayu......................tak dongakake dadi ibu kang sejati ya sedjatining ibu, tegese ibu kang wasis nata bale wisma , ibu kang pinter nggluwenthah ndhidhik marang putra-putramu kabeh supaya dadi anak kang luhur bebudene.
Eling ya nggerrr.................swarganing anak kuwi gumantung ana dlamakaning ibu. Mula ibu kawi kudu beciktumindake, ibu kudu apik tingkah lakune , dimen kanggo conto anak-anakmu kabeh ya nggeeeerrr................
Kajaba saka iku nggeeerrr aja lali panembahmu marang Gusti Kang Maha Kuawasa, dimen untuk pepadhang lan tuntunan saka panjenengaNe temah uripmu slamet donya tumekaning delahan.
Kathah-kathah pangandikan saking rama lan ibu , temah sangsaya ngondhok-ondhok jroning manah sang penganten sakrimbit.
Nalika samana wus paripurna denya sungkem dhumateng rama lan ibu , gya wangsul dhumateng sasana kursi rinengga. Nuwum.

Kamis, 04 Desember 2014

Pasrah Panampi Penganten Kakung



            Nuwun, dhumatheng sanggyaning para tamu kakung putri ingkag winantu ing suka basuki. Muji syukur wonten ngarsanipun Gusti Ingkang Maha Mirah lan Asih dene ombyongan temanten kakung sampun rawuh. Tumunten kaadani upacara pasrah-penampi.
Dene ingkang masrahaken temanten kakung nun inggih Bp..............................ingkang dipun jajari panjenenganipun Bapa.................lan Bapa.................
Dene penampi nun inggih panjenenganipun Bp..........................
Ingkang dipun jajari panjenenganipun Bp....................lan Bp....................
Sepisan, katur panjenenganipun Bapa.....................kasumanggaaken, nuwun.
Wedharan Pasrah (Lampiran 1 )
Nuwun, sagunging para tamu kakung putri ingkang winantu ing kamulyan. Tatas titis gamblang tur wijang menggah pangadikanipun Bp.............minangka talanging basa Bp.........sekaliyan garwa , salajengipun tinampi dening Bp................minangka sesulih saking panjenenganipun Bp/ibu.............sekaliyan garwa. Sumangga nun.
  Wedharan Panampi (Lampiran 2)
Sampun paripurna pasrah penampining putra penganten kakung . tumunten kalajengaken upacara panggih penganten. Dhumateng panjenenganipun ibu juru rias nenggih ibu...........kaparenga mratitisaken dhauping penganten khanti kinurmatan ungeling Lancaran Kodhok Ngorek dhawah ketawang Laras Maya, sumangga nun.
            Wus ndungkap wahyaning mangsakala panggihing sri penganten nenggih Ayu..................tuwin Bagus................
Risang pinanganten kakung kakanthi panjenenganipunBp...............lan Bp.......tumuju sasana panggih.
Semanten ugi risang penganten putri ingkang kaapit panjenenganipun ibu................tuwin  ibu................hamapag rawuhipun kang raka.
Ungeling lancaran kodhok ngorek mangungkung wontening nggengantang kados-kados mangayubagya panggihing penganten. Koocaaap kang cinarita, nalika samana lampahnya sang temanten kakung lan putri wus celak. Wus celak, saksana sami pepandengan catur netra temah mbabar daya pangaribawa ngantos mahanani geter pater jroning nala. Dupi wus cel;ak-wus celak, sigra risang temanten kakung ambalangaken sedhah lininting ingkang sinebat gondhang kasih.
            Apa ta werdine ron suruh?
Ron surun lan kurebe yen dinulu seje rupane , lamun ginigit tunggal rasane Mengku suraos,, nadyan sajuga priya sajuga wanita, nanging sampun manunggal cipta, rasa, budi ,lan kersane, nedya mangun bebrayanan kanthi pancadaning palakrama.
Saksana risang penganten putri lenggah timpuh sarwi sumembah dhumateng kang raka , mengku pasemon arsa setya bekti dhumateng guru laki ngantos sak lami-lami.
            Sigra sang penganten kakung ngidak tigan . ponaang kang tigan kapidaking pada tengah pecaaaah......saknalika , kaprahing tembung ngidak wiji dadi , kinarya pralampita bilih sri penganten badhe misah kaliyah rama-ibu ,nedya madeg bale wisma , mandireng pribadhi.
Daya –daya risang penganten putri hamijiki pepadaning kang raka mawi toya sekar setaman engkang winadhahan bokor kencana. Aapa ta werdine ???!!
Bilih suku menika kagem tindak lire ......ngicali tindak tanduk sikep laku pakarti ingkang mboten sae. Sakathahing sambekala bisoa sirna, sebel sial bisoa uwal,pepalang bisoa ilang hawit saka pangaribawaning Gusti Ingkang Maha Wikan.
            Paripurna wijikan ,tumunten sang pinanganten kakung njumenengaken kang rayi , nelakaken bilih drajading wanita lan priya menika sami , ingkang beda mung kwajibane .
Katinggal jumeneng jajar sri temanten , daya-daya ibu.........nyingebakensindur dhumateng pundhakipun sri penganten, dene pucuking sindur kaasta panjenenganipun Bp................ binayangkare sri penganten manjing ing sasana rinengga.
Aaapa ta werdine kang rama wonten ngajeng??
Lire tansah hanenuntun dhumateng sri temanten ,tansaha lumakua dalan kang bener tuwin pener. Dene kang ibu mapan wonten wingking tansah Tut Wuri Handayani .
            Yekti limang prakara kang tanpa bisa ngungkuli garising kuwasa: siji pesthi , loro jodho,telu wahyu, papat kodrat lima bandha donya , sedaya hamung kapurba kawasesa wonten asataning Gusti Kang Maha Kuwasa.
Pambudidayaning manungsa mboten saget ngungkuli garisang kuwasa , kridhaning ati tan kuwawa mbedah kuthaning pasthi.
            Nalika samana sampun dumugi ing sasana kursi rinengga. Tumunten kalajengaken upacara adat krobongan , kawiwitan saking upacara BOBOT TIMBANG utawi PANGKON. Panjenenganipun Bp.....hamangku putra pinanganten sarimbit , ingkang kakung mapan ing jejengku kanan dene kang putri mapan ing jejengku kering. Salajenmgipunkang ibu mundhut pirsa:
Bapakne .......putramu sakloron iki abot endi pak??
Lajeng dipun wangsuli
Padha abote bu.......muga-muga putramu sakloron iki timbang katresnane lan timbang gegayuhane bu.”
            Tumunten kalajengaken tanem jero ugi winastan nglenggahaken sri temanten ,  bebasan nandhur becik , jenak jinem tentrem ayem anakku sakloron anggone jejodhohan nganthi tumekaning kaken –kaken lan ninem-ninen.
Menggah adicara salajengipun nun inggih upacara kacar-kucur  ugi winastan tampa kaya. Kacar-kucur dumados saking palawija : kacang-kacangan ,kedhele jagung jinangkeban uwos jene, dlingo-bengkle,arta logam receh ingkang winadhahan klasa bangka utawi tilam lampus. Mengku suraos piyntun kakung kang wus mangun bale wisma ........wajib maringi nafkah lahir batin marang garwane ,langkung-langkung babagan arta.
Samanten ugi piyantun putri menawi sampun tampi asil saking ingkang garwa , anggone  ngecake ya kudu gemi , nastiti, ngati-ati. Piyantun putri sampun ngantos boros. Menawi boros sami kaliyan kancane setan.
            Sakparipurnaning kacar-kucur, tumunten kalajengaken dhahar walimah . dhaharan ingkang namung setunggal piring kadhahar temanten kakung putri. Ingkang sepisan temanten kakung bagus...............ngladosi dhumateng kang rayi.
Kosok wangsulipun temanten putri ayu...........................ugi angladosi dhumateng kang raka.
            Rampung anggenipun sami dhahar kalajengaken ngunjuk toya wening sesarengan, minangka pralampita bilih saklebeting bebrayanan :bungah-susah , padhang-peteng, ngrekasa-mulya tansah dipun lampahi sreng-sareng kanthi linambaran tresna asih.
Inggih raos tresna asih menika ingkang saged nglestantunaken anggen mangun bale wisma ngantos kaken-kaken , ninen-ninen. Amien.

Rabu, 03 Desember 2014

Temanten Kakung rawuh



Sagung para tamu kakung putri ingkang winantu ing kamulyan
Katinggal mancorong tejane nenggih wernane temanten kakung pun bagus............kairing rama ibu Bp................sekaliyan, ugi para kluwarga , tumuju dhumateng sasana wiwaha. Tindakipun sri penganten kakung sakpangombyong kinurmatan ungeling Ladrang Wilujeng.
            “bagus warnane anom dhasare tur sembada wiratama nenggih menika ta risang penganten kakung pun bagus...........
Aaa ...pa ta agemanira?? Ngagem dhestar pinrada mas byur , sesumping kembang kanthil kekalung melathi rinonce. Agemanira cemeng sinulam benang emas.
Paningset cindhe, epek baludru wangkingan warangka ladran ukiran nunggak semi. Ponang kang wrangka pinaringan sekar melathi, ebah-ebah kinarya lumampah tanpa beda kaya jejaka kang ngawe-awe marang pacangane. Sinjang sidomukti sami lan kang garwa kinasih,canela warni cemeng nggameng.
Bagus bargas tanpa beda kaya nalendra gung ingkang nedya sinewaka.
Nalika samana denya lumampah sampun dumugi ing wiwaraning pawiwahan,tumunten kaadani titilaksana upacara pasrah-pinampi penganten kakung, nuwun.
P

Selasa, 02 Desember 2014

Nglenggahaken Temanten Putri



            Sampun wonten sasmita bilih sri temanten putri anggenipun ngrasuk busana wontening tepas wangi (kamar penganten) sampun paripurna. Tumunten kalenggahaken ing sasana kursi rinengga, ingkang dipun kanthi dening ibu.................saha ibu.............. Tindakipun sri penganten putri ambabar Ketawang Puspawarna.
            “Mencorong pindha barleyan sumorot pindha srengenge, lah menika ta atmaja sri penganten putri nimas ayu........... kinanthi manjing ing sasana kursi rinengga. Yekti sang pinanganten putri pinunjuling warni. Bebasan pucuk rambut tumekaning pada ampeyan tan wonten kuciwanipun. Aaa .... pa ta agemanira?
Hangagem cundhuk mentul ingkan winangun cundhuk wulan tumanggal , ebaaaah-ebaaaaaah kinarya lumampah pindhane warara kang nggawe-awe marang pacangane. Ukel rinengga puspita katumpangaken ing jaja pindhane teksaka ingkang nedheng lumampah. Ageman kebaya warni cemeng sinulam benang emas , dhasar angagem sangsangan rukmi mila kasoroting pandam pating gelebyar pating calorot kaya lintang aliyan.
Sinjang sidamukti , kacetha bilih sri penganten nedya nggayuh kamukten gesangipunkaanthi palakrami. Ngagem canela warna langking (cemeng)  sinulam benang emas. Lumaksana lon-lonan yen cinandra tanpa beda prameswari nata.
Nalika samana risang temanten putri wus lenggah anggana raras (piyambakan). Jroning manah hamung tansah hangengrantu (nengga) rawuhipun kang garwa kiinasih.”
(gendhing suwuk/mandheg)

Minggu, 30 November 2014

Pambuka Pranatacara


Tuladha Rantamaning Pambuka Pranatacara

Assalamualaikum Wr. Wb
Katrentaman, kawilujengan,kabagas-warasan saha kamulyan mugi kajiwa kasarira kula panjenengan sedaya waradin sagung dumadi.
Nuwun , sangganing para pinisepuh sesepuh ingkang pinundhi –pundhi. Para satriya pangemban lan pangembating praja, minangka panganyomaning kawula bangsa, ingkang winengku ing pakurmatan, saha. Para tamu kakung putri, para kadang mudha wredha (anemsepuh) ingkang sanget kula tresnani.
            Linambaran kanthi muji syukur wonten ngarsanipun Gusti Allah SWT, Ingkang Maha Mirah lan Asih, ingkang sampun paring pinten-pinten kanikmatan, kebahagyan saha katentreman ......katitik ing siang/dalu punika kula panjenengan sedaya saget makempal ing ndalem mriki, mboten wonten alangan setunggal menapa.
            Nuwun sanggyaning para tamu kakung putri ingkang winengku ing pakurmatan. Kula minangka pranatacara/pambiwara badhe nglantaraken titilaksana upacara dhauhipun sri penganten, nun inggih nimas ayu............putra putrinipun Bp Ibu................
Dene rantaman adicara panggih ing kalenggahan punika;
Sepisan                        : Pambuka
Kaping kalih                :Nglenggahaken penganten putri wonten ing sasana rinengga
Kaping tiganipun        :Rawuhipun Penganten Kakung , kalajengipun Pasrah pinampi.
Kaping sekawan         :Upacara Temon/ Panggih penganten , wiwit saking : Balangan sedhah lininting, ngidak tigan, wijikan, sinduran.
Kaping gangsal           :Upacara adat krobongan , kadosta :pangkon, tanem jero, kacar-kucur, dhahar walimah, ngunjuk toya wening
Kaping nenem            :Sungkeman
Kaping pitu                 :Atur pambagyaharja
Kaping wolu               :Tanggap wacana saking Bp/ibu....       
                                    Lurah ing .........
Kaping sanga              :Ular-ular /sabdatama
Kaping sedasa            :Dongah / Hastungkara
Kaping Sewelas          :Panutup