Blogger Widgets
Tampilkan postingan dengan label Geguritan. Tampilkan semua postingan
Tampilkan postingan dengan label Geguritan. Tampilkan semua postingan

Selasa, 30 Desember 2014

ING PONDOK INDAH MALL

Kulit pucet rambut jagung Mripat lilin mobat-mabit keterak angin Ulat sumelang kelingan tas abang Ulat sumelang kelingan lingeri nrawang Ulat sumelang kelingan kalung berlian Ulat sumelang kelingan lipstick kembang Ulat sumelang kelingan sandal Louis Vuitton Ulat sumelang kelingan gilape gelang Ulat sumelang kelingan uleng-ulengan Dhuwite plastik kadigdayane ilang Bisane mung unjal ambegan Jakarta, 2011 Dening Yusuf Susilo Hartono

Ambengan Sega Kuluban




Ambengan sega kuluban dieler  ing tampah
diladekake ing pasamuwan
direncah bebarengan, kroyokan, rebutan
Ambengan sega kuluban
ora ana sing ngerti duweke sapa
kejaba dadi pangane para wayang, para dhalang
sing lagi lungguh methingkrang
kidang lan truwelu, kinjeng lan kupu,
mung hisa nyawang sinambi ngeleg idu
Ambengan sega kuluban, wis gusis dienggo pesta
mung kari tamoah ngganda amis, angganda amis
banjur kanggo bal-balan para buta


Dening            : Turiyo Ragil Putra



Kamis, 25 Desember 2014

Layange Rama Marang Shinta



Dakjaluk kangenmu
Shinta
Karana sabubare brubuh alengka
Para emban gupuh nambut silaning
Akrama
Sauntara slirau tansah lelewa ing antarane
Mega-mega
Wus dak pecaki dawane pesisir
Shinta
Lan terus angon menyang endi
Prau ngumbara
Awit layar panggah kumibar kasentor angin
Wengi
Kumembenge eluh ngekesake langgam
Gupitasari
Dakjaluk kangenmu
Shinta
Ayo kita langen ing taman ayodya


Bledheg Segara Kidul, Turiyo Ragilputra

Langgam Segara Wedhi





Tutna lakune onta
Nalika lintang panjer langit ngreksa kunarpa
Rembulan pucet kapatrapan pidana
Lan kumibare jubah para pangumbara
Manjilma lukisan ing kanvas wengi
Sewu jangkrik nglaras langgam berzanji

Aja dipedot lurung tumuju kraton fajar
Selagine bun isih nusoni wedhi
Ngemban sakehe panggresah lan sesanggan
Langit jingga tamaning para suhada
(sauntara angin tetep jroning sujud syahwi
Lan tanpa kendhat ngemonah sadawane wengi)

Mecaki dawane angen-angen
Ginelar kabeh babut biru-kabecikan
Lan tansah setya nganteni sang dikir ing wengi samun



Bledheg segara Kidul, Turiyo Ragilputra

Rembulan salingir




Rembulan salingir ngila ing banyu sendang
Bok menawa mentas pupuran lan bengesan
Apa wewayangane payudole
Jarik salembar ilang bathikane?

Tetes kringet pecahe riwe
Agal alus manut tembunge
Diundhuh apa digado
Dununge mung ana ing salebar suruh

Rembulan salingir rembulan kumanthil
Rembulan kumitir rembulan pinikir
Yagene mung mencok ing pang jambu
Suthik mencok ing pang atiku?
Ah, gethih iki menyang endi iline?
Sedheng jaman suthik ngowahi kodrate
Desa lan alas Liwung
Suwunge weteng lan ngelake gurun
Apa bisa adringku dibendung
Nganggo krakal kali apa dene lempung?

Rembulan salingkir ceblok ing korine ati
Larane wudel tambane pupus jati

Rabu, 24 Desember 2014

Donga Bocah Piatu



Gusti, durung kober dakrukti jisime ibu
Sing mati kaliren ing pinggir dalan
Mati kaku merga ngrungkebi sesantine tembang kamakmuran
“iki jaman mardika. Pembangunan ginelar kanggo kamulyan para kawula”
(nanging apa urup cukup wareg mangan sesorah sedheng para pepriman isih pating slarah)

Gusti, upama aku entuk blaka
Wiwit wingi weteng iki durung klebon sega
Senajan ujaring kandha kita iki wis mardika
Pembangunan dadi program kapisan, kemakmuran
Janji manis saka kabeh pendhali lis peprentahan
“nanging apa cukup manungsa mung urip karo janji
Sedheng kacintrakan tansah mbujung urip iki?”

Gusti, najan wus dakgawa kabeh sanggan panadhang
Menyang endi kudu nglabuhake kesurange nasib
Kamakmuran iki panggah angel diranggeh
Sagagang kembang cempaka uga wus kadhung alum
Saurunge kober daksawurake ing makame ibu
Sing dadi kurban atas nasib sapahit rempelu


Bledheg Segara Kidul, Turiyo Ragilputra