Damaring Jagad
dening : Gampamg Prawoto
ngger......sadawane tipak rodha cikar,
mesthi ngetut lacak lakune sapi
ngger damar, sadawane pager yen saka ijone tanduran
bakal disenggut kewan ucul saka kawaran
ngger damar, sing ngati- ati,
iki dudu wedang teh, ning whisky
iki dudu permen blis, ning ekstasy,
lamun banyu segara munggah darat iku tsunami
aja lali, esuk sekolah sore ngaji.
sangu urip celengan mati.
ngger damar,aja kliru,
iku dudu petis, ning candu,
iku dudu gulawatu, ning sabusabu
lamun bumi horeg, lemah bengkah, iku lindhu,
aja lali..sregep sinau ora tau ora mlebu,
mituhu dhawuhe guru lan ngabekti bapa lan ibu
ngger damar waspadakna,
iku dudu godhong wijen, ning ganja,
iku dudu glepung tempe, ning mariyuana.
lamun srengenge lan bulan rerangkulan iku grahana.
aja lali, lakune urip- uga uripe laku lakonana
sabar, sareh, sumeleh, nrima osike kang maha kuwasa.
damar, damar, damaring jagad, urip lan nguripi, milah lan milih paugeraning,
urip kang jati.



0 komentar:
Posting Komentar