Blogger Widgets

Kamis, 04 Desember 2014

Pasrah Panampi Penganten Kakung



            Nuwun, dhumatheng sanggyaning para tamu kakung putri ingkag winantu ing suka basuki. Muji syukur wonten ngarsanipun Gusti Ingkang Maha Mirah lan Asih dene ombyongan temanten kakung sampun rawuh. Tumunten kaadani upacara pasrah-penampi.
Dene ingkang masrahaken temanten kakung nun inggih Bp..............................ingkang dipun jajari panjenenganipun Bapa.................lan Bapa.................
Dene penampi nun inggih panjenenganipun Bp..........................
Ingkang dipun jajari panjenenganipun Bp....................lan Bp....................
Sepisan, katur panjenenganipun Bapa.....................kasumanggaaken, nuwun.
Wedharan Pasrah (Lampiran 1 )
Nuwun, sagunging para tamu kakung putri ingkang winantu ing kamulyan. Tatas titis gamblang tur wijang menggah pangadikanipun Bp.............minangka talanging basa Bp.........sekaliyan garwa , salajengipun tinampi dening Bp................minangka sesulih saking panjenenganipun Bp/ibu.............sekaliyan garwa. Sumangga nun.
  Wedharan Panampi (Lampiran 2)
Sampun paripurna pasrah penampining putra penganten kakung . tumunten kalajengaken upacara panggih penganten. Dhumateng panjenenganipun ibu juru rias nenggih ibu...........kaparenga mratitisaken dhauping penganten khanti kinurmatan ungeling Lancaran Kodhok Ngorek dhawah ketawang Laras Maya, sumangga nun.
            Wus ndungkap wahyaning mangsakala panggihing sri penganten nenggih Ayu..................tuwin Bagus................
Risang pinanganten kakung kakanthi panjenenganipunBp...............lan Bp.......tumuju sasana panggih.
Semanten ugi risang penganten putri ingkang kaapit panjenenganipun ibu................tuwin  ibu................hamapag rawuhipun kang raka.
Ungeling lancaran kodhok ngorek mangungkung wontening nggengantang kados-kados mangayubagya panggihing penganten. Koocaaap kang cinarita, nalika samana lampahnya sang temanten kakung lan putri wus celak. Wus celak, saksana sami pepandengan catur netra temah mbabar daya pangaribawa ngantos mahanani geter pater jroning nala. Dupi wus cel;ak-wus celak, sigra risang temanten kakung ambalangaken sedhah lininting ingkang sinebat gondhang kasih.
            Apa ta werdine ron suruh?
Ron surun lan kurebe yen dinulu seje rupane , lamun ginigit tunggal rasane Mengku suraos,, nadyan sajuga priya sajuga wanita, nanging sampun manunggal cipta, rasa, budi ,lan kersane, nedya mangun bebrayanan kanthi pancadaning palakrama.
Saksana risang penganten putri lenggah timpuh sarwi sumembah dhumateng kang raka , mengku pasemon arsa setya bekti dhumateng guru laki ngantos sak lami-lami.
            Sigra sang penganten kakung ngidak tigan . ponaang kang tigan kapidaking pada tengah pecaaaah......saknalika , kaprahing tembung ngidak wiji dadi , kinarya pralampita bilih sri penganten badhe misah kaliyah rama-ibu ,nedya madeg bale wisma , mandireng pribadhi.
Daya –daya risang penganten putri hamijiki pepadaning kang raka mawi toya sekar setaman engkang winadhahan bokor kencana. Aapa ta werdine ???!!
Bilih suku menika kagem tindak lire ......ngicali tindak tanduk sikep laku pakarti ingkang mboten sae. Sakathahing sambekala bisoa sirna, sebel sial bisoa uwal,pepalang bisoa ilang hawit saka pangaribawaning Gusti Ingkang Maha Wikan.
            Paripurna wijikan ,tumunten sang pinanganten kakung njumenengaken kang rayi , nelakaken bilih drajading wanita lan priya menika sami , ingkang beda mung kwajibane .
Katinggal jumeneng jajar sri temanten , daya-daya ibu.........nyingebakensindur dhumateng pundhakipun sri penganten, dene pucuking sindur kaasta panjenenganipun Bp................ binayangkare sri penganten manjing ing sasana rinengga.
Aaapa ta werdine kang rama wonten ngajeng??
Lire tansah hanenuntun dhumateng sri temanten ,tansaha lumakua dalan kang bener tuwin pener. Dene kang ibu mapan wonten wingking tansah Tut Wuri Handayani .
            Yekti limang prakara kang tanpa bisa ngungkuli garising kuwasa: siji pesthi , loro jodho,telu wahyu, papat kodrat lima bandha donya , sedaya hamung kapurba kawasesa wonten asataning Gusti Kang Maha Kuwasa.
Pambudidayaning manungsa mboten saget ngungkuli garisang kuwasa , kridhaning ati tan kuwawa mbedah kuthaning pasthi.
            Nalika samana sampun dumugi ing sasana kursi rinengga. Tumunten kalajengaken upacara adat krobongan , kawiwitan saking upacara BOBOT TIMBANG utawi PANGKON. Panjenenganipun Bp.....hamangku putra pinanganten sarimbit , ingkang kakung mapan ing jejengku kanan dene kang putri mapan ing jejengku kering. Salajenmgipunkang ibu mundhut pirsa:
Bapakne .......putramu sakloron iki abot endi pak??
Lajeng dipun wangsuli
Padha abote bu.......muga-muga putramu sakloron iki timbang katresnane lan timbang gegayuhane bu.”
            Tumunten kalajengaken tanem jero ugi winastan nglenggahaken sri temanten ,  bebasan nandhur becik , jenak jinem tentrem ayem anakku sakloron anggone jejodhohan nganthi tumekaning kaken –kaken lan ninem-ninen.
Menggah adicara salajengipun nun inggih upacara kacar-kucur  ugi winastan tampa kaya. Kacar-kucur dumados saking palawija : kacang-kacangan ,kedhele jagung jinangkeban uwos jene, dlingo-bengkle,arta logam receh ingkang winadhahan klasa bangka utawi tilam lampus. Mengku suraos piyntun kakung kang wus mangun bale wisma ........wajib maringi nafkah lahir batin marang garwane ,langkung-langkung babagan arta.
Samanten ugi piyantun putri menawi sampun tampi asil saking ingkang garwa , anggone  ngecake ya kudu gemi , nastiti, ngati-ati. Piyantun putri sampun ngantos boros. Menawi boros sami kaliyan kancane setan.
            Sakparipurnaning kacar-kucur, tumunten kalajengaken dhahar walimah . dhaharan ingkang namung setunggal piring kadhahar temanten kakung putri. Ingkang sepisan temanten kakung bagus...............ngladosi dhumateng kang rayi.
Kosok wangsulipun temanten putri ayu...........................ugi angladosi dhumateng kang raka.
            Rampung anggenipun sami dhahar kalajengaken ngunjuk toya wening sesarengan, minangka pralampita bilih saklebeting bebrayanan :bungah-susah , padhang-peteng, ngrekasa-mulya tansah dipun lampahi sreng-sareng kanthi linambaran tresna asih.
Inggih raos tresna asih menika ingkang saged nglestantunaken anggen mangun bale wisma ngantos kaken-kaken , ninen-ninen. Amien.

12 Falsafah Hidup – Pitutur Jawa

 
Berbagai suku di Indonesia punya falsafahnya masing-masing. Dalam dunia komunikasi, para pakar menyarankan agar semua orang yang hendak berkomunikasi dalam promosi atau persuasi apa pun, hendaknya menggunakan ‘kebijakan lokal’, alias local wisdom.
Masyarakat Jawa juga sejak lama dikenal memiliki falsafah yang layak untuk menjadi pelajaran bagi kita. Filosofi leluhur Jawa, misalnya dalam bentuk pitutur, itu diturunkan dari generasi ke generasi. Barangkali di era Google sekarang, ketika masyarakat sibuk menengok ke Barat, penting kiranya bagi kita untuk memahami warisan budaya atau pemikiran salah satu komponen bangsa sendiri.

Berikut ini 12 Falsafah yang saya dapatkan dari sana-sini.

1.    Urip iku Urup: Hidup itu nyala, hendaknya kita memilih hidup yang memberi manfaat bagi orang lain di sekitar kita. Kian besar manfaat yang kita berikan kian baiklah pribadi orang itu. Sangatlah mungkin, filosofi ini merujuk kepada hadis Nabi Muhammad saw yang mengatakan, “Sebaik-baik kalian adalah yang paling bermanfaat bagi orang lain.” 
2.    Memayu Hayuning Bawana, Ambrasta dur Hangkara: Hendaknya setiap manusia mengusahakan keselamatan, kebahagiaan dan kesejahteraan; sekaligus memerangi (memberantas) semua sifat angkara murka, serakah dan tama (rakus);
3.    Sura Dira Jayaningrat, Lebur Dening Pangastuti: Segala sifat keras hati, picik, angkara murka hanya bisa dilebur (dikalahkan) oleh sikap bijak, lembut hati dan sabar;
4.    Ngluruk Tanpa Bala, Menang Tanpa Ngasorake, Sekti Tanpa Aji-Aji, Sugih Tanpa Bandha: Berjuang tanpa perlu membawa massa, Menang tanpa merendahkan atau mempermalukan (pihak yang dikalahkan), berwibawa tanpa mengandalkan kekuasaan/ kekuatan/ kekayaan/ keturunan, kaya tanpa didasari hal-hal yang bersifat kebendaan/materi;

Panakawan: Dalam pewayangan, kehadiran Panakawan yaitu pada saat ‘goro-goro’, ketika orang membuka tabir kesalahan: akibatnya yang salah terlihat kesalahannya dan yang benar terlihat kebenarannya.
5.    Aja Milik Barang Kang Melok, Aja Mangro Mundak Kendo: Jangan tergiur oleh hal-hal yang tampak mewah, indah, dan jangan plin-plan atau berpikir menduka (terombang-ambing) agar niat dan semangat kita tidak menjadi layu atau kendor; 
6.    Datan Serik Lamun Ketaman, Datan Susah Lamun Kelangan: Jangan terlalu mudah sakit hati ketika ditimpa musibah, jangan susah manakala kehilangan sesuatu;
7.    Aja Gumunan, Aja Getunan, Aja Kagetan, Aja Aleman lan Aja Geleman: Jangan mudah terheran-heran, atau terlalu kagum, jangan mudah menyesal, jangan mudah terkejut dengan sesuatu, jangan mudah manja atau ngambek, dan jangan mau (mengambil) yang bukan hak kita; 
8.    Aja Ketungkul Marang Kalungguhan, Kadonyan lan Kemareman: Janganlah terobsesi oleh keinginan merebut kedudukan, kebendaan / materi dan kepuasan duniawi melulu;
9.    Aja Kuminter Mundak Keblinger, Aja Cidra Mundak Cilaka: Jangan merasa paling pandai agar tidak salah arah, jangan curang ayau culas agar tidak celaka; 
10.  Aja Adigang, Adigung, Adiguna: Janganlah sok hebat, sok kuasa, sok besar, sok kaya, atau pun sok sakti dan pintar;
11.  Sapa Weruh ing Panuju sasad Sugih Pager Wesi: Sesiapa yang bercita-cita luhur atau mulia, akan tertuntun jalan hidupnya;
12.  Alang-alang dudu Aling-aling, Margining Kautaman: Persoalan persoalan (kendala) dalam kehidupan bukan penghambat , (ia justru menjadi) jalan bagi kesempurnaan.

Rabu, 03 Desember 2014

Temanten Kakung rawuh



Sagung para tamu kakung putri ingkang winantu ing kamulyan
Katinggal mancorong tejane nenggih wernane temanten kakung pun bagus............kairing rama ibu Bp................sekaliyan, ugi para kluwarga , tumuju dhumateng sasana wiwaha. Tindakipun sri penganten kakung sakpangombyong kinurmatan ungeling Ladrang Wilujeng.
            “bagus warnane anom dhasare tur sembada wiratama nenggih menika ta risang penganten kakung pun bagus...........
Aaa ...pa ta agemanira?? Ngagem dhestar pinrada mas byur , sesumping kembang kanthil kekalung melathi rinonce. Agemanira cemeng sinulam benang emas.
Paningset cindhe, epek baludru wangkingan warangka ladran ukiran nunggak semi. Ponang kang wrangka pinaringan sekar melathi, ebah-ebah kinarya lumampah tanpa beda kaya jejaka kang ngawe-awe marang pacangane. Sinjang sidomukti sami lan kang garwa kinasih,canela warni cemeng nggameng.
Bagus bargas tanpa beda kaya nalendra gung ingkang nedya sinewaka.
Nalika samana denya lumampah sampun dumugi ing wiwaraning pawiwahan,tumunten kaadani titilaksana upacara pasrah-pinampi penganten kakung, nuwun.
P

Selasa, 02 Desember 2014

Nglenggahaken Temanten Putri



            Sampun wonten sasmita bilih sri temanten putri anggenipun ngrasuk busana wontening tepas wangi (kamar penganten) sampun paripurna. Tumunten kalenggahaken ing sasana kursi rinengga, ingkang dipun kanthi dening ibu.................saha ibu.............. Tindakipun sri penganten putri ambabar Ketawang Puspawarna.
            “Mencorong pindha barleyan sumorot pindha srengenge, lah menika ta atmaja sri penganten putri nimas ayu........... kinanthi manjing ing sasana kursi rinengga. Yekti sang pinanganten putri pinunjuling warni. Bebasan pucuk rambut tumekaning pada ampeyan tan wonten kuciwanipun. Aaa .... pa ta agemanira?
Hangagem cundhuk mentul ingkan winangun cundhuk wulan tumanggal , ebaaaah-ebaaaaaah kinarya lumampah pindhane warara kang nggawe-awe marang pacangane. Ukel rinengga puspita katumpangaken ing jaja pindhane teksaka ingkang nedheng lumampah. Ageman kebaya warni cemeng sinulam benang emas , dhasar angagem sangsangan rukmi mila kasoroting pandam pating gelebyar pating calorot kaya lintang aliyan.
Sinjang sidamukti , kacetha bilih sri penganten nedya nggayuh kamukten gesangipunkaanthi palakrami. Ngagem canela warna langking (cemeng)  sinulam benang emas. Lumaksana lon-lonan yen cinandra tanpa beda prameswari nata.
Nalika samana risang temanten putri wus lenggah anggana raras (piyambakan). Jroning manah hamung tansah hangengrantu (nengga) rawuhipun kang garwa kiinasih.”
(gendhing suwuk/mandheg)

Senin, 01 Desember 2014

PARAMASASTRA

Paramasastra inggih menika ngelmu kang nyinau babagan aksara, wanda, tembung, lan ukara.
Paramasastra miturut golonganing tembung kaperang :
·      Tembung aran (tuladha: radio, meja, lsp)
·      Tembung kriya (tuladha: maca, turu, lsp)
·      Tembung sesulih(tuladha: kowe, aku, lsp)
·      Tembung wilangan (tuladha: telu, enem, lsp)
·      Tembung kaanan (kata sifat) (tuladha: elek, kuru, lsp)
·      Tembung katrangan (tuladha: kana, lor, lsp)
·      Tembung pangarep (tuladha: saka ing, lsp)
·      Tembung sandhangan (tuladha: sang, hyang, lsp)

Jinising tembung ana 2, inggih punika tembung lingga lan tembung andhahan…
Tembung lingga inggih punika tembung kang during owah saka asale, tuladhane meja, pangan arit,…lsp
Tembung andhahan inggih punika tembung kang wis owah saka asale, tuladhane mlaku koktuku, gumagus lsp
Tembung andhahan kuwi asale saka tembung lingga kang oleh ater-ater, panambang, lan seselan

Tuladhane ater-ater:
·   Ater-ater a+….
a+karya: akarya
·   Ater-ater ka+…
Ka+tabrak: katabrak
·   Ater-ater anuswara (na,ma,ny, ng)
na+tampa: nampa
ma+pangan: mangan
ny+sapu: nyapu
ng+goring: nggoreng
·   Ater-ater tripurusa (dak, kok, di)
kok+pangan: kokpangan
di+jambak: dijambak
dak+masak: dakmasak
·   Ater-ater sa, pa, pi, pra, pari, tar
sa+wengi: sawengi
pa+mudha:pamudha
pi+tutur: pitutur
pra+yoga: prayoga
pari+wara:pariwara
tar+buka:tarbuka
·   Ater-ater kuma, kapi, kami
Kuma+lamcang:kumalancang
Kapi+adreng: kapiadreng
Kami+gila:kamigilan

Tuladhane panambang:
·   Panambang ku, mu, e
Buku+ku: bukuku
Sapu+mu: sapumu
Jaran+e: jarane
·   Panambang an
Gawa+an: gawan
·   Panambang i
Suwek+i: suweki
·   Panambang a, na, ana, en
Jupuk+a: jupuka
Pangan+na: panganna
Sapu+ana: saponana
Jaga+en:jaganen
·   Panambang ake
Gambar+ake:gambarake
·   Panambang ne, ing
Bapak+ne: bapakne
Abang+ing: abanging

Tuladhane seselan:
·   Seselan in:
Cedhak +in: cinedhak
Titah+ in: tinatah
·   Seselan um:
Bagus+um: gumagus
Tindak+ um: tumindak
·   Seselan l, r:
Siwer+ l: sliwer
Kelip + r: krelip


LAYANG BIRU


Awaku taksih meneng ndelok tumpukan layang werna biru sing wus sempet dakwaca ana ing dhuwur meja. Ana gumeter beda ing sekujur awak iki. Salah sawijining perkara sing pancen agawe dina-dinaku saiki dadiya gelisah. Wus limang taun aku kenal karo Zaki, nanging nembe amerga layang-layang iku mau sing marekake aku ngerti babagan rasane Zaki iku menyang aku. Genep telung wulan iki layange Zaki ora lat nangkring saben senen esuk ana ing jendela kamar. Ora ngerti apa sing kudu daklakokake, aku namung meneng lan meneng bae ndelok kahanan.
Aku, Zaki, Bima, Indah, lan Asih, kawit awal mlebu SMP wus dadi kanaca cedhak. Apa maneh Zaki lan Asih, saben dina kekarone sering dolan menyang umahku. Mula ora gumun yen awaku lan Zaki wus dudu cedhak maneh jenenge olehe kekancan. Nanging ora bakal kepikir yen ujunge dadiya kaya mengkene. Zaki duweni rasa kang beda menyang aku. Tetembungane ana ing layang ngetokake yen dhewee pancen serius.
“ Aku durung yakin marang apa kang diarani tresna, Mbak, apa maneh tresnane Zaki iku. Aku uga duweni komitmen kawit dhisik, yen aku ora bakal dadi karo kancaku dhewe”.
“ Yen wus duweni komitmen, ya dilakokake bae, Fit... Nanging yen awakmu pancene ngrasa nyaman, ya wis ditrima.. toh kowe iki wus kenal suwe karo dheweke.” Ucape Yu Siti sinambi nguleg bumbu rujak kanggo Anto, anakke.
Dakjupukake jambu, timun, lan bengkuwang sing arep dirujak marang cedhake Yu Siti, “ abot mbak kanggo nrima Zaki. Zaki kancaku, lan aku ora seneng pepacangan karo kancaku dhewe. Aku kudu buwang apa kang dirasakake Zaki menyang awaku iku”.
“ Mung merga iku?” Gumune Yu Siti, “Ya wis.. sak senengmu bae lah, dik. Welingku mung siji.. aja sembarangan menyang apa kang diarani tresna, amerga tresnane Zaki marang kowe iku durung mesthi bisa gedhe kaya mengkono tinimbang marang wong wedhok liya. Sing jelas mbakyumu iki namung bisa ndunga supaya iki ora bakalan nyesel mbesuke”.
Jalaran omongane Yu Siti sing kaya mengkono mau, aku dadiya tambah bingung mikirake sekabehane. Namung lunga menyang warung makane Kang Dakir, kakange Asih, kanggo kumpul karo kanca sing akhire bisa ngalihake pikiranku. Pancen papan iku sing biyasane digunakake aku sakanca kanggo lelungguhan bareng.
“ Ana apa ta Fit, kok sajake awakmu kaya bingung ngono? Ana masalah apa?” Tembunge Indah kang pancene kawit mau katon ngilengi paraupanku ngisor dhuwur.
“ Ah, ora.. kowe bae sing ngrasa aneh marang awaku. Ora ana apa-apa, Ndah.”
Asih sing maune lagi sibuk ngitungi receh jujulan warunge kakange iku banjur nyambungi, “ halah kowe iki, Fit.. mesthi ana kang ditutupi. Nanging Ndah, ya pancene kancane dhewe ki sajake lagi padha kesambet setan alas kabeh kayake. Mbuh Fitri, mbuh Zaki, gaweyane ngalamun bae.”
Makdeg aku krungu tembung Zaki kesebut. Nanging, aku ngrasa ora pengin gawe kancaku geger amerga apa sing kedadeyan menyang awaku saiki. Bubar krungu tetembungane Asih malah agawe aku mikir pangrasa anyar. Gelagate Asih nalika ngomongake Zaki ngetokake ana kang beda.Banjur tak sambung seperlune tembungane Asih.
“ Hla, Apa Zaki lagi ngelamunan kaya ngono iku, Sih?
“ Hiya.. kaya ana beban gedhe. Aku kok ngira-ira yen dheweke lagi kesengsem karo wong wedhok ya? Gelagate rak ngetoni kaya mengkana, Fit, Ndah?”
Tanpa diaba-aba gulune Indah lan aku padha-padha menga dedelengan. Amerga Indah ngrasa aneh marang gelagate Asih, karo gaya plonga-plongo nyauri Asih seanane, “ embuh.. aku dhewe ora paham.”
“ Aku uga.. wah, aja-aja kowe sing kesengsem ya menyang dheweke, Sih? Kok rasa-rasane nggatekake tenan marang Zaki?”
“ O..o..ora.. kok dadi aku sing kena ta?”
Aku lan Indah namung bisa cekikikan ndeleng pasemone Asih dumadakan rubah dadi abang. Pancen trep karo pemikirku, Asih pancen mendem rasa marang Zaki.
“ Ora, Sih.. miturut panemuku ya ngana iku. Zaki pancene lagi duweni rasa kesengsem menyang wong wedhok, lah wong wedhoke iku kowe.”
“ Uwis ta, Sih.. aku lan Fitri ngerteni yen kowe duweni rasa menyang Zaki. Zaki iku pancen trep yen pepacangan karo awakmu. Rupane bagus, awake gagah, pinter, lan pengerten maneh marang wong wedhok. Wah... cocog karo awakmu sing ayu, alus, lan keibuan kaya mengkana.” Godane Indah sing agawe Asih sansaya gelagepan.
            Asih gelagepan ora bisa nutupi pangrasane maneh. “ Nanging, apa Zaki tenan duweni rasa marang aku?”
            “ Wes.. aja kuwatir. Ben aku sing nglurusake pangrasamu lan dheweke iku. Kita melu seneng yen kancane kita uga seneng”
            Setu sore langsung daktulis layang kanggo ngutarake niyatku nulak Zaki. Aku terus terang yen njaluk dheweke kanggo nyauri rasa tresnane Asih tinimbang marang aku sing urung genah iki. Ora lali ning akhir paragrap daktulis pengerten kaya mengkene,
........maturnuwun wus duweni rasa marang awaku. Ning daksuwun sampeyan ngerteni apa kang dirasakake Asih kawit biyen marang awakmu. Tresnane Asih luwih butuh tresnamu. Maturnuwun..
Sawuse layang iku kekirim jebul perkara padatan ing senen esuk taksih kelakon. Ana layang biru sing nangkring ning jendela kamarku. Ora ngerti apa sing dakpikirake, layang biru sing kekirim esuk iki agawe mripatku ora bisa ngempet luh. Ana tembung sing agawe atiku ngruntuh. “ Maturnuwun uga wus tau dadi kang kinasih ana ing uripku, Fitri..”  
Sajege saka kedadeyan iku Zaki wus ora tau ana kabare maneh. Ana rasa sing beda ing sajrone ati lan uripku. Layang biru saben senen esuk ora tau nangkring maneh ning jendela kamarku. Sanadyan pancen ora ana pepenginan ing pikiranku, nanging ora bisa dakpungkiri yen aku satemene kelangan sosok priyayi iku. Ana ing warunge kang Dakir uga sepi. Zaki utawa Asih ora tau katon maneh. Jare kakange, Asih saiki sering lelungan sabarang papan karo calone. Indah bae ora ngerti kahanan sapa satemene calon sing disebut Kang Dakir mau. Nanging aku yakin yen priyayi iku ora liya ya satemene Zaki.
Nganthi sawijining dina dakweruhi langsung prasasat sing wus dadi prakiranku. Asih boncengan motor nglintasi omahku karo njekel kenceng bangkekane sing lanang. Kekarone mesam mesem ketemu aku, Indah, lan Bimo sing lagi jejagongan ning ngarepan umahku. Getihku krasa kayata ndleser mandeg makdeg nalika motor iku mandeg ngarepku persis.
“ Wadhuh.. ana pasangan anyar ora kabar-kabar kancane dhewe jebulane, Ndah?” Sindir Bimo ngomong marang Indah sinambi nglirik kekarone. Aku namung bisa meneng.
“ Iya ta? Wadhuh jan.. ora kelingan kanca berarti yen ngono iku!”
“ Wes..wes.. lah iki aku arep ngomong bab hubunganku karo Asih marang kowe kabeh, kanca-kanca raketku kawit biyen.”
Asih kang kawit mau ora nyurupake eseman saka lambe tipise melu nyauri, “ iya.. sesasi maneh bakal ana resepsi tunanganku karo mas Zaki ngepasi tanggal ulang tahunku. Padha teka ya? jam 7 wengi.”
“ Wah... Aku karo Fitri wus ngira kawit awal. Slamet ya! dhewe kabeh melu seneng. Iya kan, Fit?” Jawabe Indah sinambi nggepok pundhake Zaki lan noleh marang aku.
“ Ehm.. iya, selamet ya.. muga-muga langgeng.” Tuturku rada salah tingkah. Zaki mesem tipis, marakake dadaku sesek.
“ Maturnuwun, Fit.” Jawabe Zaki, “ ya wis ya.. aku arep nggolek sandangan kanggo resepsi tunanganku. Aku dhisik ya..”
Bebarengan karo mlakune kekarone sing saya suwe saya adoh, pikiranku uga meloni. Saya suwe saya mbrambang. Ana gumeter nlangsa. Geter sing ora tau dakkarep-karepake. Kelingan maneh aku marang welinge Yu Siti yen aku ora ulih nyesel marang apa kang wus dadi pilihanku. Saiki aku pancene ora bisa mungkiri maneh yen aku duweni rasa uga menyang Zaki. Nanging wus ora ana pilihan maneh. Kabeh wus kedadeyan. Zaki wus arep serius marang Asih lan perkara iku pancen wus dadi panjalukku menyang Zaki. Layang biru iku wus nyihir kauripanku. Prasasat kang nyata, kakubur karo karepan pangus sing njaluk kelakon tanpa mikir dawa.