Blogger Widgets

Minggu, 30 November 2014

Pambuka Pranatacara


Tuladha Rantamaning Pambuka Pranatacara

Assalamualaikum Wr. Wb
Katrentaman, kawilujengan,kabagas-warasan saha kamulyan mugi kajiwa kasarira kula panjenengan sedaya waradin sagung dumadi.
Nuwun , sangganing para pinisepuh sesepuh ingkang pinundhi –pundhi. Para satriya pangemban lan pangembating praja, minangka panganyomaning kawula bangsa, ingkang winengku ing pakurmatan, saha. Para tamu kakung putri, para kadang mudha wredha (anemsepuh) ingkang sanget kula tresnani.
            Linambaran kanthi muji syukur wonten ngarsanipun Gusti Allah SWT, Ingkang Maha Mirah lan Asih, ingkang sampun paring pinten-pinten kanikmatan, kebahagyan saha katentreman ......katitik ing siang/dalu punika kula panjenengan sedaya saget makempal ing ndalem mriki, mboten wonten alangan setunggal menapa.
            Nuwun sanggyaning para tamu kakung putri ingkang winengku ing pakurmatan. Kula minangka pranatacara/pambiwara badhe nglantaraken titilaksana upacara dhauhipun sri penganten, nun inggih nimas ayu............putra putrinipun Bp Ibu................
Dene rantaman adicara panggih ing kalenggahan punika;
Sepisan                        : Pambuka
Kaping kalih                :Nglenggahaken penganten putri wonten ing sasana rinengga
Kaping tiganipun        :Rawuhipun Penganten Kakung , kalajengipun Pasrah pinampi.
Kaping sekawan         :Upacara Temon/ Panggih penganten , wiwit saking : Balangan sedhah lininting, ngidak tigan, wijikan, sinduran.
Kaping gangsal           :Upacara adat krobongan , kadosta :pangkon, tanem jero, kacar-kucur, dhahar walimah, ngunjuk toya wening
Kaping nenem            :Sungkeman
Kaping pitu                 :Atur pambagyaharja
Kaping wolu               :Tanggap wacana saking Bp/ibu....       
                                    Lurah ing .........
Kaping sanga              :Ular-ular /sabdatama
Kaping sedasa            :Dongah / Hastungkara
Kaping Sewelas          :Panutup

Jumat, 28 November 2014

 WASITA ADI
Satu hal yang harus diingat, mempelajari kebudayaan suatu daerah bukan berarti kita menjadi “rasis” atau fanatik kedaerahan, namun itu semua sebagai wujud pertanggung jawaban kita terhadap peninggalan nenek moyang bangsa kita. Dan juga melestarikan kebudayan daerah bukan hanya menjadi tanggung jawab warga daerah tersebut. Tetapi juga menjadi tanggung jawab kita semua. Bangsa yang besar bukan hanya bangsa yang hidup modern, tetapi juga bangsa yang mampu hidup modern tanpa meninggalkan ajaran dan nilai luhur kebudayaannya.
Alon-alon waton klakon
Filosofi ini sebenarnya berisikan pesan tentang safety . Orang dahulu sudah mengisyaratkan arti penting filosofi ini, tapi banyak orang melecehkan bahkan menganggap sebagai sifat malas orang jawa. Padahal kandungan maknanya sangat dalam. Filosofi ini mengisyaratkan tentang kehati-hatian, waspada, istiqomah, keuletan, dan yang jelas tentang safety. Di dunia modern masalah safety menjadi bagian terpenting untuk keberhasilan suatu pekerjaan karena didalamnya ada aturan-aturan yang menginstrusikan menghindari resiko-resiko yang akan terjadi.

Narimo ing pandum
Sudah berapa sering terdengar orang melecehkan filosofi ini. Biasanya orang hanya mengenal bahwa orang jawa itu hanya bersikap ‘Nrimo” saja. Sifat pasrah dan mau dijajah oleh penguasa. Padahal bukan hanya berhenti sampai di kata “Nrimo” saja. Tapi lebih dari kata itu adalah ‘Nrimo ing Pandum’ atau Menerima kepada hasil pembagian. Arti yang mendalam menunjukan pada sikap Kejujuran, keiklasan, ringan dalam bekerja dan ketidakinginan untuk korupsi. Inti filosofi ini adalah Orang harus iklas menerima hasil dari usaha yang sudah dia kerjakan. Biasanya orang yang memegang teguh filosofi ini dia akan ringan dalam bekerja dan yang terpenting adalah dipercaya oleh orang lain. Nah kepercayaan adalah hal terpenting dalam dunia usaha. Bukan tidak mungkin kesuksesan selalu diterimanya oleh pemegang filosofi ini.

Saiki jaman edan yen ora edan ora komanan, sing bejo sing eling lan waspodo
Orang indonesia cenderung mengikuti mode, tren atau budaya yang sebenarnya belum saatnya kita peroleh atau bahkan memang sangat tidak cocok dengan jiwa bangsa kita. Kecenderungan mengikuti mengikuti tren itulah yang membuat lupa akan bahaya yang mengancam. Hanya orang yang ingat kepada Allah (disini saja juga tidak cukup) dan waspada terhadap duri-duri kehidupan yang setiap saat bisa datang dan menghujam kehidupan, sehingga bisa mengakibatkan musibah yang berkepanjangan. Pada filosofi ini kata ‘sing bejo sing eling lan waspodo’ sering tidak terdengar lagi. ‘Sekarang jaman gila kalau tidak ikut gila maka tidak kebagian, hanya orang ingat (kepada Tuhan) dan waspada (bahaya) yang menerima keberuntungan’. itulah arti dari filosofi diatas.

Mangan ora mangan sing penting ngumpul
Makan tidak makan yang penting kumpul’. Filosofi ini adalah sebuah peribahasa. Kalimat peribahasa tidaklah tepat kalau diartikan secara aktual. Filosofi ini sangat penting bagi kehidupan berdemokrasi. Kalau bangsa kita mendasarkan demokrasi dengan falsafah diatas saya yakin negara kita pasti akan aman, tentram dan sejahtera. ‘Mangan ora mangan’ melambangkan eforia demokrasi, yang mungkin satu pihak mendapatkan sesuatu (kekuasaan) dan yang lain pihak tidak. Yg tdk dapat apa-apa tetap legowo. ‘Sing penting ngumpul’ melambangkan berpegang teguh pada persatuan, yang artinya bersatu untuk tujuan bersama. Saya pikir Filosofi ‘Mangan ora mangan sing penting kumpul’ adalah filosofi yang cocok yang bisa mendasari kehidupan demokrasi bangsa Indonesia agar tujuan bangsa ini tercapai.

Wong jowo ki gampang di tekuk-tekuk.
Filosofi ini juga berupa ungkapan peribahasa yang dalam bahasa Indonesia adalah ‘Orang Jawa itu mudah ditekuk-tekuk’. Ungkapan ini menunjukan fleksibelitas dari orang jawa dalam kehidupan. Kemudahan bergaul dan kemampuan hidup di level manapun baik miskin, kaya, pejabat atau pesuruh sekali pun. Orang yang memegang filosofi ini akan selalu giat bekerja dan selalu ulet dalam meraih cita- citanya. Filosofi inilah yang membuat masyarakat suku jawa tersebar ke seluruh penjuru tanah air dan disayangi oleh suku lain.

Ojo Rumongso Biso, Nanging Biso o Rumongso

Ketika kita memperoleh suatu pengetahuan, ilmu, atau pengalaman terkadang muncul sifat sombong dari diri kita. Bahwa kita dapat menyelesaikan suatu masalah dengan ilmu atau pengalaman yang kita peroleh. Padahal banyak faktor yang menentukan penyelesaian suatu masalah dan bukan hanya dari sudut pandang yang kita pahami. Di sini orang lantas merasa bisa, sifat ego manusia yang muncul tanpa menghiraukan pendapat orang lain. Dalam filosofi Jawa, sifat ini yang dinamakan Rumongso Biso (merasa bisa). Ajaran masyarakat Jawa menekankan untuk dapat melakukan koreksi ke dalam, sehingga tidak terdorong untuk menghujat atau merendahkan orang lain. Cobalah untuk memahami pendapat yang lain, walau hal itu mungkin sangat bertentangan dengan yang kita yakini. Dengan Biso o Rumongso (bisa merasa) atau melatih empati kita untuk memahami orang lain akan mendorong untuk berkompromi mencapai suatu keseimbangan. Hal ini akan membuat semua perselisihan atau konflik yang ada di dunia ini dapat teratasi. Janganlah menjadi orang yang merasa bisa, melainkan yang bisa merasa.

Jika terus digali ada banyak filosofi dalam budaya Jawa pada dasarnya bersifat universal. Jadi filsafat Jawa bukan hanya diperuntukkan
bagi masyarakat Jawa saja, tetapi juga bagi siapapun yang ingin mempelajarinya

Konsep Gesang Dumugi ing Pejah wonten ing Tembang Jawa


      Wonten ing Serat Wulang Reh, wonten sawijining kalimat ingkang muni yen sira ayun waskita, sampurnane ing badanira, punika sira anggegurua’. (Menawi panjenengan gadhah pepenginan wicaksana, dumugi kasempurnan wonten ing gesang, mula mergurua). Merguru saged dhumateng sinten kemawon. Sedaya menungsa sayektosipun guru, amargi menapa kemawon ingkang wonten ing donya musthi paring pituduh kangge sinten kemawon ingkang purun marsudi ing ngilmu menika. Tiyang ingkang wicaksana purun merguru kaliyan sinten kemawon, kapan, kemawon, lan wonten pundi kemawon.
    Masyarakat tradisional jawa asring ngandaraken nile-nile adiluhung kangge putra-putranipun. Sedaya ajaran kasebut anggadhahi titik inti wonten ing anjuran supados kita terus mengetaken sangkan paraning dumadi. Awit saking bayi miyos, tiyang sepuhipun sampun maringi ajaran nile-nile luhur kaliyan simbol-simbol ingkang dipunwujudaken dados ubarampenipun upacara adat ritual jawa, tuladhanipun kenduren.
      Sanesipun uga dipunwontenaken adicara sepasaran nalika bayi sampun ngancik umur 35 dinten. Adicara kasebut dipunadakaken kaliyan ndamel golong sasupit kinamping sekul suci ingkang arupi simbol kangge mengetaken kita dhateng sekawan sohabat Rasul inggih menika Abu Bakar Ash-Shidiq, Umar Bin Khatab, Utsman Bin ‘Affan, lan Ali Bin Abi Thalib. Wonten malih  arupi Sekul suci ulam lembaran sari  kangge muliakaken Rasulullah SAW ugi sekaliyan dados simbol panyuwunan  supados tiyang sepuh bayi menika angsal keslametan.
      Wonten ing adicara sepasaran utawa selapanan, ugiwonten tumpeng rombyong kangge mengetaken kita kagem para malaikat ingkang njaga jiwa raga kita sedaya. Sanesipun inggih tumpeng alus arupi simbol pamiyak peteng kanggo nggayuh pepadhang ingkang dipuniringi panyuwunan supaya sedaya hajat dipunkabulaken. Sedaya simbolkangge mengetaken kita supaya terus kengetan kaliyan cithak bakal lemah asal lan ndungakaken para leluhur.

Selasa, 25 November 2014

Makna Kauripan Saking Aksara Jawa


1.     Ha-Na-Ca-Ra-Ka
Aksara menika anggadhahi makna wontenipun utusan , inggih menika utusan gesang arupi napas ingkang anggadhahi kuwajiban kangge ndadosaken satunggal jiwa kaliyan jasadipun janma. Wonten unsur ingkang mercadosi, dipunpercadosi, kaliyan dipenpercadosi kangge nyambut damel. Tiga unsur kasebut inggih menika  Gusti Allah, janma, lan kuwajibanipun tiyang gesang.

2.    Da-Ta-Sa-Wa-La
Aksara menika paring pituduh awit tiyang gesang nalikanipun sampun dumugi ‘data’ (wekadalipun dipundut dening Gusti), mula boten angsal suwala (ngelak). Maknanipun inggih tiyang menika kedah nglaksanaken, nrima, lan njalanaken menapa ingkang sampun dados garis saking Gusti.
3.    Pa-Dha-Ja-Ya-Nya
Aksara menika ngandut makna nyatunggalaken Dzat Ingkang Ngersakaken Kauripan (Gusti Allah) Kalih ingkang dipunparingi kauripan menika (makhluk). Padha inggih maknanipun sami, trep, jumbuh, utawi cocog tunggal batin ingkang kacerminan wonten ing perbuatan adedhasar keluhuran lan keutamaan. Jaya maknanipun menang utawi unggul. Menang wonten perkawis menika inggih kemenangan ingkang sayektos, sanes namung menang tanpa usaha lan sportivitas kemawon.

4.    Ma-Ga-Bha-Ta-Nga
Aksara kasebut ngandut makna nrima menapa kemawon ingkangd= dipunpalilahaken lan dipunlarang dhateng Gusti ingkang murbeng jagad. Maksudipun, manungsa kedhah pasrah lan sumarah (nyerah) dhumateng garis kodrat, sanadyan dipunparingi hak kangge usaha.

Kamis, 13 November 2014

WRC, Penegak Kudu Bisa Dadi Penerus


Semarang, Pramuka Universitas Negeri Semarang (UNNES) luwih tepate Guguslatih Bahasa lan Seni nembeke bae ngadakake perkemahan penegak SMA se-Jawa Tengah (Jumat,31/10). Wijaya Rover Challenge utawa sing disebut WRC iku kalangsungan telu dina, yaiku kawitan saka jumat awan lan bubar ana ing minggu sore. Pramuka SMA sing pancen dadi inceran agenda Pramuka Racana Wijaya Unnes iki ditujokake supaya nglatih tenanan mental pramuka sing wus katuwuhan ana ing jiwane para kawula muda.
Wengi puncake kawujudan agenda unggulane yaiku final putra putri WRC sing duweni tujuan kanggo milih muda lan mudi sing unggul. Amerga awane wus ana tes tulis, mula wengi iku langsung kepilihan lima finalis sing maju ning babak final kanggo diuji maneh karo pitakonan lan uji bakat sing diduweni. SMA Negri 1 Kaliwungu sing akhire dadi sangga tergiat uga kepilih utusan lanange supaya dadi putra WRC. “ Putra lan putri WRC sing kepilih pancen wus dadi lirikan juri awit saka cara omong kekarone jawabi pitakonan-pitakonan kawit awal.” Ucape Rizki, duta Jawa Tengah sing mapan dadi juri ana ing kegiatan iku.
SMA N 1 Karangpucung saka Kabupaten Cilacap sukses nyabet gelar juwarane. Persiapan sing luwih mateng dadiya alesan ngapa sekolah iku kapilih. Sanadyan kaya mengkono iku, nanging ora nyurutake semangat saka sekolah liyane kanggo ijen nampa piala-piala. “Kabeh sangga sakjane duweni potensi dadi juwara, ning namung siji sangga sing sukses gawe atine juri kepengaruh. Kabeh peserta iku wus bisa dadi penerus bangsa sing apik.” Tembunge Kepala TNI-AD sing dadi juri ana ing lomba PBB. Lomba sing dipeloni ning 44 sangga iki pancen wus bisa nindakake tujuane yaiku nglatih kader-kader penegak supaya dadi pandega pramuka sing apik kanggo ngrubah bangsa dadiya luwih unggul. (Dina)