Judul :
Katresnan
Karya :
Soeratman Sastradihardja
Penerbit : Balai Pustaka
Tahun Terbit : 2013
Mursiati, pawestri
ayu lan pinter, demen anggone marsudi ngelmu. Ora cukup mlebu ana ing HIS bae,
dheweke uga nglanjutake menyang MULO. Sanadyan nglanjutake, nanging atine ora
melu lanjut amarga Mur wus kepentok marang sawijining priyayi kang wus dikenal
saka sekolah HIS kala biyen. Nanging, rasa tresna kalorone namung bisa kapendem
lan kelawan dening adat budaya jawa saka uwong tuwane.
Novel kanthi judul
Katresnan iki nggambarake kaya apa perjuwangane Mursiati lan pepacangane karo
Sutrisna. Tresna sing katuwuhan ing jaman modern kang kelawan karo adat budaya
jaman biyen, nalika ana aturan dhewek yen bocah wedhok namung bisa dadi manten
yen dipilihake dening uwong tuwane. Tema katresnan sing dijupuk pangriptane
pancen trep kanggo tema wacanan kang lagi didemeni banget dening remaja-remaja
jaman saiki.
Alur keseluruhan kang dijupuk namung alur maju, nanging ana
pira-pira bagiyan sing nyiptakake kesan flashbacke tokoh utamane.
Mursiati ana ing novel iki diceritakake duweni sipat kang alus, pinter, ayu,
seneng nyoba-nyoba, lan manutan. Nanging yen wus duweni kekarepan sing miturut
dheweke apik pancen kudu kaleksanan. Ora beda karo Sutrisna sing dadi pepacangane
Mur ana ing cerita iki. Priyayi bagus sing nglilakake sekolah HIS namung
tingkat 3 lan nglanjutake kerja iki dhuweni sipat wicaksana, demen usaha, lan
nrima. Apa kang miturut dheweke apik pancen angel kanggo dililakake, nanging
luwih mikirake kaluwihan lan kakurangane sadurunge mlangkah. Sipate sing kaya
mengkono diturunake saka ibune sing wus nyandang status randa anak loro. Ora
kaya uwong tuwane Mursiati. Mungkin yen disebut tokoh antagonis ana ing novel
sing nganggo sudut pandang diaan maha tau iki ya uwong tuwane Mursiati iku. Ego
sing diduweni kekarone pada dhuwure. Mula sempet ana bagyan sing
njlentrehake konflik ego antarane Mur lan uwong tuwane loro.
Pangripta novel
iki dhewek duweni asma jangkep Soeratman Sastradihardja. Panjenengane kalebu
pangripta novel kang nyerat ing antarane taun 1920-1930. Dadi tunggal kanca
karo M. Ardjasoeparta.Kadidene biografine pangripta sing wus nyetak patang
novel iki durung kaserat karana cetha, dadi mung bisa kathithik saka
karya-karyane lan kahanan ing sakiwa tengene. Rata-rata novel karya Soeratman
iki nganggo basa jawa ngoko, kejaba novel kanthi judul Sukaca kang
kababar nganggo basa jawa krama. Karya-karyane cacah papat mau, kabeh kacithak
dening percetakan pemerintah, Balai Pustaka, klebu ing seri B, yaiku buku wacan
basa ibu, kanggo nambah wawasan wong diwasa.
Amarga kalebu
novel kang kecithak dening percetakan pemerintah, Katresnan duweni nomer
seri ISBN yaiku 978-979-8002-58-8. Kandele kang ana setengah senti duweni cacah
ana 92 halaman. Ukuran novel iki pada kayata buku tulis biyasa yaiku duweni
dawa 21 cm lan lebar 14 cm. Kertase nganggo kertas jenis kwarto werna putih
resik. Kertas kang dinggo kanggo sampule nganggo kertas alus kang ndadikake
werna coklat campur ireng kang diselarasake karo putih susu ing gambar ngarepe
katon kinclong.
Bahasa kang
dienggo yaiku basa jawa ngoko. Mula ndadikake novel iki gampang dipahami dening
para kawula muda. Isi sekabehane novel kaperang dadi pitung bab. Awit saka
njlentrehake nalika Mur taksih ana ing sekolahe biyen lan nganthi sawuse
omah-omah. Basa ngoko kang dienggo dening Soeratman uga nganggo basa padinan
solo yogya. Tema novel katresnan dhewe yaiku nolak nikah peksan. Tema kuwi
pancen nyimpang saka paugerane para sepuh ngenani njodhokake anak, ing tlatah ngendi
bae. Ing kasusastran Indonesia uga mengkono, kabukten ing novel Siti Nurbaya
(1920) karyane Marah Rusli kang nggambarake nasibe Siti Nurbaya lan Samsul
Bachri kang sengsara ing pungkasaning crita.
Dene novel Katresnan iki
mujudake novel kang ngemot bab panulaking generasi enom marang generasi tuwa
kang sepisanan kaserat dening pangripta pribumi dudu saka kaum priyayi.
Paragatamane Mursiati lan Sutrisna, kang sakarone bisa kasil njugarake nikah
peksan saka wong tuwane kanthi sabar, kukuhing kekarepan, lan tutur becik kang
mbaka sithik diaturake marang uwon tuwane. Mursiati wani matur bola-bali marang
bapak ibune bab alesane ora gelem dipeksa nikah karo priya pilihane wong liya,
klebu wong tuwane. Bedane Katresnan karo Serat Riyanta, R. Mas Riyanta
ora wani matur luwih akeh marang ibune, nanging malah ninggal meneng lan
ngulandara. Cuplikan cendhak iki nuduhake basane Mursiati kang alus nalika
matur marang Bapake , ngenani panulake marang pameksane Bapake kang atos supaya
Mursiati manut gelem marang apa kang dikersakake.
.............
“ Inggih sapinten lepat kula, Bapak. Nyuwun sagunging pangapunten,
jalaran ing wekdal samangke ribet sanget manah kula ngraosaken dhawuhipun
Bapak, ngantos kula kaelud sakit.”
“ Ribed marga saka ngendi?”
“Mboten kadosa, Bapak. Kula rak sampun matur, bilih ing wekdal
punika dereng remen ngladosi tiyang jaler. Punapa malih kula sampun gahdah
panuwin, supados rembag ingkang saking Tulungagung punika mboten kadadosaken.
Ing wasana, semu-semunipun sampun mateng sanget.”
“ Apa kowe kira-kira arep mbadal sing dadi prentahku lan karepe
ibumu?”
“ Inggih mboten, Bapak. Ananging inggih kados pundi pamurihipun
tiyang ingkang dipunpadosaken jodho? Punapa kapurih rukunipun, punapa
crahipun?”
“ Yagene kowe takon kang kaya mengkono?”
“ Awit, menawi kula yektos dipunroda peksa, kaangsalaken lare
ingkang kula boten remen, punika prasasat dipunpurih mboten rukunipun.
..........
Cuplikan wawanrembug Bapak lan anak iku nuduhake paragatama iku
bocah sekolahan. Ing cuplikan mau krasa banget menawa Mursiati (sanadyan
sedhih) tetep urmat marang wong tuwane (Bapake). Rasa urmat mau ora katuduhake
karana tetembungan dening pangripta, nanging lumantar wawanrembug. Pancen
taksih akeh wewarah kang bisa kecuplik saka novel tipis iki, upamane bab kurang
becike pangur untu, menganggo setagen kanthi kenceng, lan liya-liyane maneh.
Emane perangan wewarah mau isih katon kaya tetembungane guru marang murid. Sing
dadi guru yagene iku Sutrisna, dene muride iku Mursiati. Mangka sejaine,
lelorone mau kanca raket sapamulangan nalika ana ing HIS biyen.
Saliyane ana
kaluwihane temtu uga ana kekurangane. Kekurangane novel iki yaiku ing babagan
teknik ndongeng. Akeh kawitan paragrap sing nggunakake tembung kang bola-bali
wus dienggo, kaya tembung ‘kacarita’. Perkara iku ndadikake kesan yen novel iki
suwung. Cerita kang diusung uga kurang dijlentrehake ndadikake katon ringkes
banget lan kurang cetha, amarga kalebu novel kang tipis pranyata kacane namung
ana 89 kaca. Kayata anggone perjuwangane Sutrisna nalika Mursiati dikabarake
wus dijodhokake dening priyayi ing Tulungagung. Kaya apa lelampahane
merjuwangake Mursiati iku kurang ngena ing nalar. Nalika dheweke ujug-ujug ana
ing alas lan malah kapesan kena begal. Uga Mursiati pas kedadeyan iku kahanan
ora dicritakake babar blas ndadikake crita ing bab 6 kanthi judul ‘kasusahan
numpa-numpa’ iku janggal.
Apa maneh crita
sabanjure iku. Ana ing bab 6 namung dijlentrehake kesusahane Sutrisna, nanging
ing bab 7 wus langsung dedaupan kelorone. Kudune ana crita akhir konflike karo
wong tuwane Mursiati, ora langsung dedaupan kaya mengkono. Critane dadi duweni
kesan durung rampun lan ujug-ujug dadi epilog, amergane ana ing crita sedurunge
iku konflik ego antarane Mursiati karo wong tuwane kentel lan rame. Uwong tuwane Mursiati ora dimunculake
maneh ana ing kisah pungkasane, malah bahas babagan utang budine sutrisna
marang wong kang nyelametake pas aa ing perantauan sing aneh nuju papane
Mursiati kang lagi nunggu dheweke merjuwangake tresnane. Persualan sing paling
abot nanging pancen wus lumrah kedadeyan ana ing cerita novel yaiku babagan
kepriye anane pugkasaning cerita. Ana salah fatale yaiku penggawean pungkasan
cerita sing kurang banget kaon gregete. Dalan cerita saka pitepngan, anti
klimaks, klimaks kang urutan saka ngarep menyang mburi amarga nggawa alur maju
iku digawe rancu dening pungkasan kang kathon pancene banget kurang trepe.
Sanadyana mengkana nanging ya wus berhasil anggone nyusun amaraga wus bisa
agawe pembaca iku penasaran lan ngrampungake kanth rampung ing pungkasane.
Saliyane iku, saben
buku uga wus mesthi duweni manfaat anggone disusun kaya mengkana. Novel kang
duweni titik inti ing tema katresnan iki uga ngandut makna lan manfaat. Ana
pira-pira ajaran sing dientokake dening pangript kanggo nunjukake ilmu-ilmu
pengetahuan sing diduweni uwong ing jaman biyen babagan ilmu adat kejawen. Kayata babagan perkara apa bae sing patut
dilakokake dening priyayi wadon. Uga bab kanyatane anggone sem-seman iku anggae
gambaran kepriye tlak belakange kahanan uwong saiki lan uwong kang nganut paham
adat jaman biyen. Cerita taksirane kekarone bisa ngibur lan kayata ngrasuk
awake dhewe, utawa kayata dialami dhewe ning kauripan iki. Bab iku nggawe bukti
yen pancene Soeratman Sastradihardja wus bisa agawe penikmat utawa pembacane
ngrasuki dalan cerita kang digawe dheweke.
Sarane
kanggo novel iki yaiku kudu luwih bisa agawe kesan ora boseni kanggo penikmate.
Aja namung inti-ntine bae sing ditulisake, nanging uga kajelasan kanggo
ngarahake cerita utawa persualan sing wus ana ing sadurunge, ora kok banjur
ganti iti cerita lan ngrampungake ceritane kanthi kurang agawe greget. Bahasane
dhewek kang digunakake wus trep lan apik, bahasa kang dhuwr uga ora ana
klentune kanggone penerapane kayata saka mursiati menyang wong tuwane. Ora beda
kao tata kramane kang dituduhke dening pangripta. Ana panjlentrehan secara
tersirat babagan kahanan kang digawe antarane wong enom karo wong tuwa, wong
tuwa karo wong tuwa, wong tuwa marang wong enom. Perkara iku pancee ndadekake
pembaca ngrasakake pengajaran uga. Pangipta bae dene anggone gawe gambaran kaya
mengkana mung aweh arepan supaya ora bakalan ana pangbahing tindak tanduk tata
krama kang wus diajarake dening leluhur karo kahanan saiki ing jaman sing
pancene serba modern.
Mula
Soeratman Sastradihardja diarepake bisaa dadi penulis sing uga bisa menehi
ajaran-ajaran sederhana kang wus ana nanging wus ora tahu dimangerteni marang
kabeh pembacane. Diarepake ufga supaya luwih agawe greget kang trep lan muasake
ana ing akhir ceritane. Sanadyana sing dikarepake dening Soeratman iku akhir
cerita kang bahagia bisaa dadi akhir cerita sing nggantung bae nanging bisa
nimbuake menawa crita iku pancene pungkasane iku dadi seneng. Amargane perkara
iku bisa dadikake pembaca wus bisa maca dalan ceritane sahingga agawe kecewa
pembaca lan ndadikake ora ngrampungake panjlentrehan bab pungkasan sing wus
bisa diwaca iku mau. Malah bisaa ndadikake pangripta duweni kesan elek ing
dalan cerita sanadyana wus bisa menehi penjentrehan apik lan berwawasan babagan
ilmu adat kejawen kala iyen kayaa kang wus disebutake kala mau.
Ning kaya apaa kritik saran mau
namung diarepake bisa mbangun pagripta dadiya luwih becik maneh anggone
nyiptakake cerita maneh. Novel kanthi judul katesnan lan duweni tema kang pada
karo judule iku mau wus bisa dikira dadi ovel best seller amarga
nyengkuyung kisah erita sederhana nanging agawe penasaran pembaca, amargane
kyata nggawa cerita Siti Nurbaya karyane Marah Rusli ning sejaine ngadeg
njumedeg dhewek agawe suasana cerita anyar kang ana ing lingkup adat pranata
masyarakat suku jawa ing kutha utawa desa. Masyarakat dhewek diarepake bisa
nyaring ajaran-ajaran api bae sing ana, ora kok malahan didadikake acuan nasib
kang dikira pada karo kedadeyan cerita kng dikarang.Novel iki bisaa dadi novel
kang wus pantes didadikake bacaan kang apik lan mendidik kanggo masyarakat.
0 komentar:
Posting Komentar